Babad Tawangalun: Cerita Belambangan Pungkasan Ring Reroncen Tembang
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Sabtu, 25 Januari 2020 11:59 WIB)
- Esai
RESENSI BUKU:
Judul Buku : Babad Tawangalun (Wiracarita Pangeran Blambangan Dalam Untaian Tembang.
Penyusun : Wiwin Indiarti; Suhalik dan Anasrullah
Penerbit : Perpusnas Press
Tahun : 2019
Halaman : 128 (viii)
Buku hang disusun Mbok Wiwin Indiarti, Suhalik lan Anasrullah iki seru apike. Kudu diwaca sapa bain hang duwe kawigaten nyang sejarah Bumi Belambangan. Masiya tah arupa tembang, pupuh lan model karya sastera liyane, naming kabeh kabar hang kebabar ring Babad Tawangalung ini, bisa kanggo dalan melbune nyang sejarah Belambangan liyane.
Penyusun buku iki sing perlu diragukaken, merga kiprahe nyang dunyane naskah-naskah lawas wis kebukti ambi pirang buku hang wis diterbitaken. Mbok Wiwin Indiarti, salah sijine Dosen ring Universitas PGRI Banyuwangi, tau nulis Lontar Yusuf, teka aksara Arab Pegon nyang Latin lan ditermehaken nyang Bahasa Indonesia. Uga penelitiane masalah Bahasa lan Budaya Banyuwangi, kerep melbu nyang jurnal-jurnal Nasional. Sak liyane iku, Mbok Wiwin dadi pelopore Mocoan Milenial. Kegiatan Mocoan Lontar hang dipilone lare-lare enom ring Banyuwangi.
Pak Suhalik, salah sijine Guru Sejarah ring Banyuwangi, sakat bengen wis diweruhi getol melisak-belisak peninggalan kuna uga nulis sejarah Banyuwangi teka asil temonane mau. Lulusan Sarjan Pendidikan Sejarah Uneversitas Surabaya (Unesa) iki, tau milu aktif ring Forum Demokrasi ambi almarhum Gus Dur. Kadhung wis ngomong sejarah, Pak Suhalik iki sing arep mandeg. Murid-muride ring SMA 1 Banyuwangi, uga akeh hang nerusaken nang jurusan hang pada malah aju dadi tim kanggo mbiyah Sejarang Banyuwangi bengen utawa Belambangan.
Anasrullah, penulis lepas, editor pirang-pirang buku teka pirang penerbit. Lakine Mbok Wiwin iki uga penulis Buku Cerita kanggo Lalare, wis kaeh hang terbit. Masalah buku iki, kanggonisun dadi buku hang ideal, merga ditangani wong-wong hang duwe kepenteran dhewek-dhewek. Penyusun Buku iki padha ngisi lan ngelengkapi, ndadekan buku iki enak diwaca lan gampang dipahami.
Babad Tawangalun hang disusun iki, njuwut sumber teka Naskah Babad simpenane Fakultas Sastra Universitas Indonesia, kodene FSUI/SJ.168-NR 37. Naskah iki wis alih aksara lan ditulis tangan. Naskah babon olihe Pigeaud teka R. Aspirin ring Banyuwangi taun 1027. Salinan ketikan ambi Mandrasta taun 1930, saiki kesimpen ring Fakultas Sastra Universitas Indonesia kode FSUI/ SJ.169-HA33a. Iku keterangan jangkepe, asule naskab Bacah Tawangalun hang dialihabahasakaken ambi penulis.
Buku iki penting seru kanggone wong-wong Banyuwangi dhewek, merga akeh cerita hang biyasane diterima lisan bisa diwaca urut-urutane. Sayange magih diterbitaken negara, yaiku Perpusnas. Mesti bain wong umum sing bisa tuku buku iki. Muga bain pemerintah utawa lembaga ring Banyuwangi ana hang kegugah atine, gelem nerbitaken Babad Tawangalun iku mbisuke kadhung wis entek masa kotrake, mane wong akeh hang bisa maca lan melajari.
Kanggone lare-lare enom hang sing paham Basa Jawa Kuna, utawa Basa Kawi, sing perlu kawatir, merga ring buku iku wis ana terjemahane Basa Indonesia. Malah teka Buku Babad Tawangalun iki, bisa belajar mula kawite ujar-ujar Basa Using. Masiya akeh uga, ujar-ujar hang parek nang Jawa peredoe tengahan iku, wis arang kadhing ujar mau dienggo ambi wong Using dhewek saben dinane.
Maca buku Babad Tawangalun iki, olih kaweruh akeh bab Babad Tawangalun lan werna maceme. Kelendi penyusun buku iki nggoleki lan nyocogne ambi sumber data liyane kanggo ndukung penulisane. Iki dadi kaweruh anyar kanggone hang maca, kadhung Babad hang dialibahasakaken iku ketemune tulisan latin. Penyusun uga magih arep mburu terus, kelendi wujud Babad Tawangalun asline.
Teka buku Babad Tawangalun iki, muga dadi pambuka kanggo mbiyaki werna maceme babad hang ana ring telatah Belambangan. Babad mau, akeh wis padha dikaji lan diteliti dadi karya ilmiah, kaya Disertasi kanggo nggayoh gelar Doktor. Naming durung ana wujud babad hang wujuh aju ditulis nyang angsara latin, terus dialihabahasaken nyang Basa Indonesia mani gampang dingertine generasi-generasi penerus.
Penyusun buku Babad Tawangaalun iki wis ngenakaken nyang hang maca, kawitan dijelaskan mula kawite aju diceritakan isine Babad Tawangalun wutuh mulai kawitan sampek pungkasan. Bagian mburi, buru ditulis wujud bahasa Babad hang wis tulisan aksara latin lan terjemahaken. Urutan-urutan mau, dipara pirang-pirang pupuh tembang. Merga asline Babad iki wujude tembang, masiya sing komplit kaya pupuh tembang Jawa umume.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.