Ampyak-Ampyakan Wong Nekani Pengajian Iktikap ring Masjid Baiturrahman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 11 Maret 2026 06:11 WIB)
- Laporan



Kaya dene ulan suci Ramadhan taun-taun sedurunge, masjid-mesjid dibukak lawange 24 jam kanggo nguweni kesempatan ning umat Islam I’tikaf. Umume uwong-wong iku nyempataken wektune ring wengi-wengi ganjil sepuluh dina pungkasan ring ulan Ramadhan.
   Sak liyane ngalap barokah lan padilah ulan puwasa, uga kanggo nggerayang nawi-nawi ngepasi ambi Lailatulqodar. Yaiku sewengi hang ngelakoni ibadah kadhar ganjarane lebih apik teka ibadah sewu ulan ring jabane ulan puwasa.
   “Lailatulqodar iku mesthi anane ring saben ulan puwasa. Taping engkapan wektune? Ya kudu diseser. Apuwa Gusti Alloh nyengidakaken wektune hang pas? Makene isun lan rika patheng ibadah sakat siji Ramadhan sampek enteke ulan Ramadhan. Kadhung patheng ibadah wajib lan sunnah raina-bengi selawase ulan Ramadhan, mesthi ulih Lailatulqodar. Mula, ayo hang patheng nyeser, pumpung umurisun lan rika magih ana! Jaman uripe Kanjeng Nabi Muhammad, kadhung uwis melebu sepuluh dina pungkasan ulan Ramadhan, kabeh keluwargane ditangekaken. Diajak melek ring masjid. Mulane ayo dulur-dulur, keluwargane ditangekaken. Di ejak melek, kaya dene Kanjeng Nabi Muhammad SAW,” abane Habib Muhsin Al-Habsy nalikane nyampekaken tausiyah unibengi ring tengah ewonan jamaah Pengajian I’tikaf Sholat Tasbih ring Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi.
   Kadhung dipetheti akehe jamaah iku, hang paling akeh lare enom-nomane. Bisa bain mula ngedhang tekane Lailatulqodar kelawan iklas, utawa ana niyat liyane.
    “Paran jare lare-lare iku wis. Hang penting mesjide digayapi ummat, niyat hang apik diijabah lan dinuhoni Gusti Allah SWT. Hang durung ketemu jodho, bisa gancang ketemu jodhone, hang duwe masalah diweni dalan hang apik lan enak, hang duwe kekarepan lan angen-angen diijabah Allah,” jare Ketua Takmir Ustadz Sentot Hariyanto.
    Nurut kanca-kanca Satpam Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, latar parkiran ngarepe mesjid wis sing ngemot. Mula, hang aran kendharaan rodha loro lan papat akeh uga hang parkir ring sak ubenge Taman Sritanjung lan ring ngarepe pendhapa Kab. Banyuwangi uga ana hang ring dalan elore masjid sampek sepengalor nggadug ring pareke tugu 0 km.  Kabeh dilakoni umat nana hang muspra. Ana itungane.
    "Sampek godhong hang cicir teka carange uwit, nana hang luput teka cathetane Gusti Allah. Muga kabeh diijabah niyat apike,” abane Pembina Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, Ir. Iwan Azis.    
   Iyane nambahi, kadhung bucu-bucu masjid hang ring lantai dhasar diisi jamaah lanang lan lantai loro ebek jamaah wadon.

(kang ujik)
             
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf