Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 15 Maret 2026 07:51 WIB)

(Roncean Cerita) Kang Jum lan Mbok Jam, bagiyan 1


Dianggit ring Lirix Al Harir

Kaya sing duwe rasa salah lan dosa, Kang Jumadi hang biyasa diceluk Kang Jum iku nyangking botol isi arak, melaku nyandhing wong wadon ayu nganggo rok cekak,  nggawe wong lanang hang nyawang padha mendelik.
   Uwong-uwong hang gesah ana ring pinggir dalan melung-melung ring Kang Jum padha ajak-ajak.
    “Kang Jum, mayo ra wis diombe bareng ring kene. Masa enak mendem dhewek ning umah. Mumpung ana wadonan kari ayu, mayo ra wis dirasakaken bareng-bareng.”
   Kang Jum gemunyik rungu omonge uwong-uwong iku, aju semaur, “Hemm, wong ngombe arak, daya rasane sing enak, uripe bingkak, hang ditemu mung balak.”
   Ambi maca gurit Kang Jum lan lare wadon iku terus melaku sing ngerees omonge uwong.
   Rungu gurite Kang Jum, uwong-uwong lanang iku padha ngersula lan celathu, “Balak, abete kaya wong bener, bisa ngabani uwong ngumbe arak taping awake dhewek saben bengi nyangking botol, mendem ring umahe ambi ngeloni wadonan liya. Najis yara wis.”
    Sing adoh teka panggonan uwong-uwong lanang mau, ring ngarep umah ana emak-emak hang padha gesah. Weruh ana Kang Jum hang kaya biyasahe nyangking botol arak lan nyandhing wong wadon ayu, emak-emak mau padha celathu.
   “Kari ladak, tambah tuwek lakune saya rusak. Kari kemethak, atase mung buruh kari ndhangak. Nyangking botol isine arak, gonta-ganti wadonan kari bingkak. Sing duwe ati, atine wis mati, mendem sampek lali, nggawa wadonan mulih dikeloni, hang wadon lara ati sing ngerti.”
   Kang Jum terus bain liwat ring ngarepe emak-emak iku ambi guritan, “Mata nyata mung bisa nyawang hang katon ana, mata ati sing bisa diapusi. Padhang kadhang mung ayang-ayang, peteng sing jarang nggawe ati anteng. Tumane wong liya dipetani, gajah ring ngarepe mata sing diweruhi.”
  Gadug umahe, Kang Jum aju melebu ambi uluk salam. Hang wadon mapag tekane Kang Jum kelawan ati seneng, lega, lan langsam. Lawang umahe ditutup, taping embuh paran hang dilakoni Kang Jum ambi botol isi arak lan wong wadon ayu mau wis sing ana nguntup.
    Isuk-isuk katon Kang Jum lan wong wadon hang digawa Kang Jum unibengi metu teka umahe. Awake seger kaya mari adus lan mari sarapan. Sing sepira suwi, Mbok Jam hang aran asline  Jamanah, rabine Kang Jum uga metu ambi  nggawa timba isi umbah-umbahan arep dipepe.
Mbok Jam hang magih mepe, dipareki Bik lyah hang maune lungguh ring ngarep umahe.
   "Mbok, Rika kari sabar yo, perasaan Rika ayem-ayem bain weruh lakinrika mulih megawe, botol arak hang dicangking, nggawa lare wadon hang ayu cerincing, taping awakrika sing muring ya sing gering,” abane Bik lyah nyacak ngobong-ngobongi atine Mbok Jam.
    Ambi mesem Mbok Jam nyauri Bik lyah,”Hem. Bik, uwong mung bisa nyawang, jerone ati sing keneng diterawang, merga sing paham ambi paran hang wong liya ragang.”
    Bik lyah hang kepingin Mbok Jam ring lakine muring, taping kudu munting merga Mbok Jam sing keneng digiring.
   Ambi ngibeng mulih, Bik lyah nggerundeng, “Wong wadon paran gedigu iku, wis karuhan lakine mulih nggawa wadonan, ring ngarep matane  adhum-adhuman ambi mabuk-mabukan, magih bain dibelani mati-matian.”
   Gedigu saben dina hang dilakoni Kang Jum, wong-wong kampung tambah sengit ring Iyane.
  Siji bengi wong-wong kampung nggeruduk umahe Kang Jum ambi melung-melung.
   “Kang Jum, mayo metu, aja ngombe bain, aja mendhem bain! Lerena Sira! Saben bengi bisane nggawa wadonan, nyenuk. Aja ngotor-ngotori kampung iki Kang Jum! Kadhung sampe kesok bengi Sira sing leren, Kene kabeh bakal ngusir Sira teka kampung iki, makene sing dadi mala ring kampung iki,” wong-wong kampung saut-sautan celathu sing karuan ring Kang Jum.
   Kang Jum hang dicelathu wong-wong kampung sing ngerees ana ring njero umahe. Untunge wong-wong kampung sing sampe ngurusak umahe Kang Jum, mung ngancam bakal ngusir Kang Jum teka kampung kono, kadhung kesuk bengi Kang Jum sing leren ulihe mendhem lan nyenuk. Wong-wong kampung pungkasane mulih, merga wis lega bisa celathu lan ngancam Kang Jum.
    Serngenge wis surub, langite abang katon murub, wong-wong melaku nyang masjid padha guyub, taping ring tengah dalan meh gadug masjid dikagetaken ana uwong hang turu kemureb.
   Wong-wong padha ngerubut, serta dijuwut sing weruha jasade Kang Jum hang nyawane wis dicabut. Atine wong-wong kemesut, sing nyangka Kang Jum hang saben dina nyanking botol arak lan ngeloni senuk ring umahe, terang-terangan ring ngarep mata rabine, saikine wis sing ana nyawane, nggeletak ring tengah dalan sing ana hang nggape.
   “He iki Kang Jum, wong hang doyan mendhem doyan nyenuk, iku botol arake wis kosong, sak botol engek entek digelegek, kadine mati kelesek,” jare Kang ldik ngelokaken Kang Jum.
   Wak Nu hang paling tuwek ring antarane wong-wong atine kaju ambi gandane Kang Jum, “Sulung tah lare, kadhung Jum iki ngumbe arak aju mendem, kudune mambu sengak sing enak, taping wong iki kok gandane wangi, paran jalarane ?”
   “Ah Rika iki Wak, anane ganda wangi iku Wak, merga Kang Jum iki mari diuyel-uyel senuke hang nganggo lenga wangi,” saure Yoyok ring Wak Nu.
   “Mayo wis genengena, ditinggal bain, uwong sing ana regane, saben dina mendem lan wadonan, makene wis aja diurusi, dipangan asu lumuh. Mayo cepet sembayang, nawi kasep jamaah,” jare salah sijine uwong hang ana ring kono.            Mulih sembayang wong-wong mau liwat maning ring dalan panggone Kang Jum hang kaku mejujung, ganda wangine sansaya semebrung, sing ana blas kewan hang ngerubung.
   Atine Wak Nu saya kaju, nyawang cangkeme Kang Jum sing muru, ale mari ngombe arak sak botol hang ditau.
“Lare, mayo mayit iki dirumat, dieteraken ring umahe, makene rabine sing bingung nggoleti. Isun kuwatir mayit iki dudu uwong biyasa, merga gandhane sansaya wangi semebrung,” abane Wak Nu ngajak uwong-uwong ngeteraken mayite Kang Jum nyang umahe.
    “Ala Rika iki ana-ana bain Wak, weruh dhewek Rika iku, kok Kang Jum iki doyan mendem doyan nyenuk, dudu wong biyasah paran, ana bain Rika iki ya,” Yoyok rada muring rungu omonge Wak Nu.
   Tatang nengahi wong loro iku, “Wis aja padu, mayo padha mulih, makene Isun hang ngabari Mbok Jam gok lakine wis mati mejujung ring tengah dalan sing ana hang gelem ngerumat.”
   Yoyok hang magih muring iku ngomong maning, “Pokok Isun sing ridha kadhung mayite Kang Jum iki dipendhem ring kuburan kampung iki, bisa-bisa Kang Jum iki sing diterima bumi merga kelakuwane seru eleke, Isun yakin sing ana hang gelem ngerumat mayite, sing ana wong hang susah ditinggal Iyane, ajaa menungsa gelem nangis, kewan najis bain sing kira nangis.”
   “Cetar!” Gilape nyamber, geludhuge jepretan, udane mudhun kaya diesokaken. Langite njerit, iluhe netes rupa udan. Suwarane asu kelaongan sahut-sahutan, melas kaya wong tangisan.
   Uwong-uwong kaget padha melayu mulih nyang umahe dhewek-dhewek, sakwentara Tatang mara nyang umahe Mbok Jam perlu ngabari kok Kang Jum wis matek.
 
(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.