Kemendagri: Banyuwangi Nggayuh Papan Paling Dhuwur
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 29 April 2026 06:46 WIB)
- Laporan
Kementerian Dalam Negeri (Kemendagri) netepaken Banyuwangi minangka dhaerah ring papan paling pucit nomer siji kanggo kategori kabupaten kelawan setatus 'Kinerja Tinggi' dideleng teka asile evaluasi penyelenggara pemerintahan daerah. Sedurunge ring taun 2025, Kemendagri uga tau netepaken Banyuwangi minangka "Kabupaten Terinovatif" sak Indonesia.
Dene taun 2026 iki, itungane wis hang kaping papat Banyuwangi dadi kabupaten berkinerja terbaik sak Indonesia. Bijine ulihe teka Laporan Penyelenggaran Pemerintahan Daerah (LPPD) arupa mekanisme saben taun teka Kemendagri kanggo ngukur akuntabilitas lan efektivitas penggaweyane pemerintah dhaerah.
Ana sekira 606 aspek hang dibiji kayata nyuda kemelaratan, pembangunan dhaerah, layanan pendidikan lan kesehatan, transparansi keuangan, pelestarian lingkungan hidup, sampek inovasi dhaerah hang ngewani kontribusi nyang sejahterane masarakat.
Hadhiyahe dielungaken tepak dina Senin (27/4) ring Upacara Mengeti Dina Otonomi Daerah XXX taun 2026 ring Plaza Kementerian Dalam Negeri Jakarta hang dipimpin langsung Wakil Menteri Dalam Negeri, Bima Arya Sugiarto ring Jakarta.
"Kabeh kepala dhaerah hang teka dina ini wis nduduhaken ring walike angka lan pandom nduweni arti nong kinerja. Naming, kepala dhaerah aja mandheg ring angka iku. Kaya wekase Presiden kudu mituhu mujudaken program-program hang efektif lan efisien ring urusan pemerintahan," jare Bima Arya.
Sawetara iku Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani ngucap terima nyang penghargaan teka Kemendagri.
"Pasthine Banyuwangi durung sampurna, Isun njaluk sepura...Terima nyang para kiyai, anggota DPRD Banyuwangi, Forkopimda, tokoh agama, tokoh masarakat lan kabeh masarakat Banyuwangi. Insyaallah apresiasi teka pemerintah pusat iki dadi motipasi kanggo pating becik-becik mengarepe," jare Ipuk.
Jare Ipuk program pembangunan Banyuwangi wis ditata miloni agenda nasional lan kebijakan pemerintah propinsi kayata program pengentasan kemiskinan, urusan pendidikan lan kesehatan.
Banyuwangi bisa ngedhunaken angka kemiskinan teka 6,54 (2024) nang 6,13 (2025).
Pendapatan per kapita munggah 5 juta teka Rp.62,08 juta (2024) nyang 67,08 juta (2025).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.