Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 26 April 2026 07:48 WIB)
(Roncean Cerita) Contong, bag. 2
Dianggit ring Kang Ujik
“Pena mau pesen sega paran, Nir?” takon Jimat ngedhengi.
“Rawon!”
“Isun waron pisan wis!”
“Paran?”
“Waron!”
“Kupiiing, diwarah rawon, waron yah…!” abane Munir rada anter. Jimat ngguthit Munir rada dianteri, kerana kuwatir kancan-kancane kerungu.
“Age warahen hang ngelayani iku!” abane Munir setengah ngabragi.
“Apa, Pak?” takon hang duwe warung.
“Ini minta rawon, Pok!” semaur Munir.
“Mana, Pak!”
“Ini !” abane Jimat ambi nguwekaken piring –nasi doang- mau.
“Katanya nasi doang?” gudha hang ngelayani ambi meringis. Jimat kemisinen. Kancan-kancane padha ndomblong nulihi Jimat, malah ana hang ambi dhileg-dhileg. Sapik, nutupi lambene dhewek nganggo papat deriji tangane. Uwong sepuluh iku sing wani moyoki Jimat merga ning kampungane uwong liya. Paran maning magih ning warung lan durung kenal ambi hang duwe. Engko dikira ngenyek dodolane.
Serta uwis mari mangan kabeh ana hang selilit-selilit ring jabane warung, ana hang aju nyolok udud. Mari mbayari sekabehane, Yadi ngajak kanca-kancane ndharat metu teka terminal kira-kira satus meter arah kiwa teka lawange terminal, rombongan gadug. Mari ngurusi administrasi, Yadi ngatur serege lawang panggonane turu. Enak-enak edum-duman sereg, Jamhur nyelethuk: ”Nasi doang!” Byek aja takon hang aran guyu. Kabeh padha ngelegakaken gemuyune. Cekikikan dientek-entekaken sampek ana hang kesereb-sereb ring meja hang ana ring ngarepe kamar-kamare turu.
“Rika ngasoh sulung. Nawi engkesok tangi turu nana hang dicandhak, latar kamare dhewek-dhewek iku dirumat. Lawase telung dina engkas, rika kabeh ambi hang teka dhaerah liyane kudu milu pelatihan-pelatihan keterampilan,” abane Yadi.
“Paran bain tah pelatihane?” takon Selamet.
“Rika kabeh kan duwe sangu keterampilan dhewek-dhewek. Kaya….Hari iku bisa mbingkil, Maman bisa gawe taman lan Jimat iku….,”
“Nasi doang!” pedhot Yanto. Kontan uwong-wong iku ngakak, Nanang ambi Lukman sampek ambi watuk-watuk. Sapik gelundhungan ambi ketheng sampek ilang suwarane. Mari guyon gedigu iku, Yadi nyampekaken kadhung pelatihane emben ana ring aula lantai lima. Mari milu pelatihan hang lawase sampek telung ulan iku, kabeh hang arep diberangkataken nyang luar negeri disangoni sertipikat.
“Terus, nganteni antriyan berangkat nyang negara hang dikarepaken. Selawase nganteni antriyan, rika kabeh mangan turune ya ring kene iki wis,” abane Yadi.
“Gratis, iku?” takon Munir.
“Wuiiiiyoook!” semaur Yadi kanggo nutupi aja sampek kancan-kancane ngerti kadhung picis ulihe urunan Rp10 jutaan iku, ya kanggo bandha pelatihan, nginep lan mangan ring penampungan iku. Yadi ulih persenan teka PT hang penggaweyane nyalur-nyaluraken tenaga kerja nyang luar negeri iku.
* * *
“Byek…..isun ambi Selamet sing berangkat-berangkat sampek rong taun nganteni antriyan,” cerita Munir ning Surik.
“Terus?”
“Isun ambi Selamet golet cara kelendi bisa ucul teka penampungan iku”.
“Gok gedigu?” takon Surik.
“Penampungane iku kaya penjara. Hang ana ring kono iku kaya disekap, kok. Panggonane rada sintru. Arane bain Jakarta. Taping akeh bangunan hang uwis dhuwur-dhuwur padha mangkrak. Nawi bain sing nutut bandhane, utawa pemboronge kepelayon. Pas ring tengene gedhung penampungan iku ana bangunan lawas hang sing tutug,” cerita Munir.
“Pungkasane kelendi pena?”
“Isun ambi Selamet, nekad wis Rik. Golet cara kelendi bisa nyeberang ning bangunan hang sing tutug iku mau. Jarak temboke kira-kira mung sak meter. Kadhung ngeraina penjagane ketat. Koyoke bengen-bengene preman nawi? Taping kadhung dalu, hang jaga turu pisan. Isun ngakal arep ucul gedigu iku, telung dina-telung bengi ulihe golet cara. Eh, manggen-manggene mula kudu ucul teka kana. Ring aula lantai lima panggonane pelatihan iku akeh kayu-kayu hang ditumpuk. Iku bahan kanggo pelatihan pertukangan,” abane Munir ambi meringis-meringis lan ngusuki bathuke hang mengkeret. Kayu-kayu hang ana ring lantai lima iku, jare Munir, dipapagaken antarane cendhela aula ambi cendhelane bangunan mangkrak. Iyane ambi Selamet gantiyan kemureb ring kayu sirap kandel aju merambat kaya tentara latihan sampek gadug cendhela seberange.
“Byek, kaya maling gedigu nawi yoh?” takon Surik. Munir sing nyemauri kalimat, taping gemuyu.
“Halaaa…..! enget jaman semono……Isun meruput dalan sak-lakun-lakune. Wong isun sing weruh arah dalan jeluntrunge. Pokoke melaku bain wis. Serta kerasa uwis adoh ulihe melaku, isun ambi Selamet mandheg ring langgar cilik siap-siap sembahyang subuh,” cerita Munir. Mari subuhan, uwong loro iku nganteni rantag aju melaku maning embuh ringendi jujuge.
“Nir, terus nyang endi iki enake. Arep mulih ning Banyuwangi, isin, Nir. Apak uwis kadhung adol sawah sepuluh hektar, Nir…..Bisa-bisaa, kadhung mulih ning Banyuwangi iku uwis bisa nempuhi sawahe apak hang uwis kadhung diedol, Nir. Eh, sekaken apak lan emak. Sawah iku cagerane kanggo munggah haji ya Nir!” abane Selamet ambi setengah arep nangis.
“Kadhung isun diedolaken sepedhah udhud loro, umah siji. Taping, kabeh iku lakone kene, Met. Gusti Alloh uwis ngatur sekabehane. Mulane isun kudu yakin, kadhung hang Gawe Urip iki uwis nyepakaken penguripan hang lebih apik kanggo isun lan rika. Kadhung isun lan rika duwe niyat mbalekaken kabeh barange uwong tuwek hang uwis kadhung diedol, insyaalah Gusti Alloh hang ngganti,” jare isun ning Selamet kala iku. Nalika iku, Selamet rada sadhar. Iyane rumangsa salah ning uwong tuweke lan nalika iku nduweni niyat nak mbalekaken sekabehane bandha hang uwis dietokaken ambi uwong tuweke.
Serngenge nyorot sing pati terang, isuk iku weleke kenalpot kendharaan uwis kaya pedhut gunung Ijen. Gemberembenge suwara kendharaan nana pedhote. Arep nyacak nyeberangi dalan sing wani kerana nana selane.
“Met, hang enak nunggang bis kota, milu mubeng-mubeng embuh ning endi jujuge. Hang penting ngelencer. Kelendi?” abanisun ning Selamet. Iyane iku nganggreng.
“Nyegate teka nggir endi,Nir?” takone ningisun.
“Ya nyegat bis hang lakune merana bain wis, Met!” semaurisun ambi nduding arah mburi. Sing antara suwi, ana bis kota minggir. Isun lan Selamet munggah”.
“Turun mana,Pak?” takon kernet ningisun lan Selamet hang bingung kudu semaur kelendi.
“Bis ini nanti ke arah mana, Pak?” takonisun nalika iku. “Kernete semaur-Depok!. Ya sudah kami turun Depok!” abanisun kala iku. “Serta suwi ulihe mubeng-mubeng, selawe meter ring ngarep ana plang –Service AC, Kipas Angin dll- Lha….isun mandheg ring ngarepe plang iku, mudhun lan langsung marek ring uwong hang duwe panggonan serpis iku”.
“Selamet mau milu mudhun, Nir?”
“Milu!”
“Pungkasane isun lan Selamet milu megawe ning serpisan iku. Emane mula mbutuhaken tenaga serpis AC. Isun lan Selamet alhamdulillaah….duwe pengalaman pelatihan serpisan. Masiya tah wis sing lulusan STM. Kadhung Selamet mula lulusan STM. Alhamdulillaah….!”
“Kala semono pena magih lancing yoh?” takon Surik.
“Iyok! Selamet ya magih lancing,” semaur Munir.
“Dibayar pira pena?”
“Setengah taun, isun ambi Selamet sing dibayar. Taping mangan lan turu dijamin juragan!”.
“Pantese diuji, pena iku ya Nir!”
“Pantese. Sabar tah using, bener-bener duwe niyat megawe tah using. Nyatane, serta uwis ulih pitung ulan, dibayar iku, atinisun lan selamet kaget setengah seneng, Rik. Tambah-tambah garapan saya rame. Isun bisa kirim picis ning apak lan emak, ambi ngabari kadhung isun sing bisa berangkat nyang Jeddah”.
“Iya….nalika apakpena ulih kiriman surat lan picis teka pena iku, isun diceluk lan dikongkon macakaken surate lan njelasaken ning emakpena hang nalika iku sewulan kilah-kilah ring pelanca. Kepikiran ning pena. Pungkasane isun dijaluki tulung nulis jawaban surat kanggo pena. Dadi, hang pena waca nalika ring Depok iku, tulisanisun. Sepurane isun ngapusi pena, kadhung emakpena sun warah sehat, masiya nalika iku lara kepikiran,” abane Surik.
“Terus terang bain, nalika iku atinisun tenang, megawe patheng lan sing kepikiran uwong tuwek lan adhik-adhikisun hang sun tinggal. Hang penting isun bisa kirim picis. Serta tenang gedigu iku, njumbul masalah anyar”.
“Masalah paran tah, Nir?”
“Anake juragan iku wadon. Kala semono uwis SMA”.
“Terus pena dhemen apa didhemeni, gedigu tah? Aju juragan pena sing setuju?”
“Using…..larene ayu…..Sawangane ndhemeni Selamet”.
“Masalahe ambi pena paran, Nir?”
“Isun nalika iku ya dhemen pisan”, jare Munir ambi nahan suwarane lan matane ungang-ungang nawi hang wadon mara-mara njumbul.
“Byek…..gedigu…?”
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.