Kawitan ring Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 April 2026 06:41 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Diarani sugih, basa Using iki kadhung diemati ya hing patiya akeh duwe ucap-ucap. Delengen bain hang kedhaptar ring njero kamus tulisane Man Hasan Ali, Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia, kira-kira mung ana 24.000 ucap (bandhingena ambi kamus basa Indonesia 120.000 lan kamus Inggris 300.000). Merga kamus Usinge iku hing tau ditambahi ucap-ucap anyar hang merujuk mburi-burian, lebih 20 taun digeningaken, nana hang ngereken.
   Aja maning ucap anyar hang kegawa merga anane teknologi anyar, umpamane hape, trend, viral, pov, lan sepiturute, ucap hang kesuwur bain lan sasate saben dina magih dienggo ana hang kelalen umpamane aclak, kulkeyong iki durung kecathet. Durung maning lugot-lugot hang ana ring desa-desa.
  Emane basa Using nyathet pisan ucap-ucap hang ndhemenaken. Umpamane timbang ngomong nggawe geni ning basa Using istilahe dandan geni.
   Ana maning ngomongaken paran-paran hang kawitan. Ring wong Using, hang kawitan dititeni kelawan diwani istilah dhewek hang apik lan ndhemenaken.
   Kanggo wong hang ngelairaken hang kawitan diarani bulan pisan. Naming istilah iki uga keneng pisan dienggo rajakaya. Dadi sapi, kebo, jaran, wedhus, menda ya diarani bulan pisan kadhung buru nganak hang kawitan.
   Lare wadon hang buru ulih dhayoh ulanan hang kepisan diarani munggah sari.
   Kanggo pitik, bebek, menthok, banyak ngendhog hang kawitan diarani tembeyan. Teka istilah ngendhog iki merujuk pirangane istilah.
   Kanggo bebek hang ngendhog ring pangonan (dudu ring kandhang) diarani ngenthit. Padha istilahe ambi wong hang njuwut lan nyengidakaken barang lan picis cilik.
   Dene bebek hang sawetara mandheg ngendhog diarani kendhat/ngendhat, kaya wong bunuh dhiri.
   Kanggo uwit-uwit hang nguwoh kawitan diarani bungaran. Woh-wohan iki asale kembang sulung.
   Kanggo uwit-uwitan hang buru ngembang kawitan, buru ajar nguwoh, biyasahe kembange gampang logrok lan sing dadi uwoh arane kembang paes. Kaya dandanane wong hang munggah kuwadhe tah munggah genjot ring tontonan.
   Paran maning istilah hang apik ring basa Using?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor