Hing Ana Celukan Bu ring Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 09 April 2026 06:55 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Kelendi wong Using nyeluk wong wadon hang wis umah-umah, wis cukup umur itungane? Dudu Bu...
Ucap bu utawa ibu malah hing kecathet ring kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia hang disusun ruwahe Pak...eh Man Hasan Ali. Dadi celukan "bu" iku dudu basa Using. Nong kamus ana ucap "ibuk" naming artine beda yaiku "urus/mengurus; pelihara/memelihara".
Wong wadon hang wis umah-umah diceluke "bik" teka ucap "bibik". Anjrahe hang rada enom, nyeluke "mbok".
Kanggo wong lanang diceluk "man" teka ucap "paman".
Bibik utawa paman hing mung sukur celukan dienggo wong wadon lan lanang adhike wong tuwek.
Dene wong wadon hang rada tuwek, diceluk "mak", lan kadhung tuwek seru diceluk "embah" utawa "don" teka "embah wadon" utawa "yut/buyut".
Kadhung wong lanang hang rada tuwek diceluk "wak" aju hang tuwek seru "embah" "nang" teka "anang" utawa "embah lanang" utawa "kik" teka "kakik".
Merga serawungan ambi wong Jawa, celukan bisa uwah. Uwahe hing mung merga hang diceluk iku wong Jawa, bisa pisan merga "bu" ngemu arti rasa hurmat merga munggah setatus sosiale.
Gandrung Mis Mangir, wong-wong nyeluke Bik Mis. Serta dadi rabine Pak Hasan Ali, pejabat jaman semono, dadi Bu Mis, jare Ketua Dewan Kesenian Blambangan hang uga wong Mangir Hasan Basri.
Merga serawungan pisan, celukan "kang" dienggo adhik nang kakange saiki akeh hang uwah dadi "cak" utawa "acak" teka "cacak". Iki basa Jawa Surabayaan. Generasi enom-enoman hing weruh gok iki ucap silihan. Wis nganggep gok iki ucap Using deles.
Mula uwahe basa hing keneng dipenggak, sithik-sithik awak-awak iki dadi seksi uwahe basa Using. Paran hang bisa dilakoni kanggo ngerim sithik-sithik ya gancang dilakoni. Sak bisane. Kelendi maning?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.