Subyek Hang Keselempit

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 08 April 2026 07:11 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Kanggone wong hang mung nganggo bandhingan basa Indonesia  hing kira weruh gok basa Using maroti pronomina persona (subyek) hang nganeh-anehi, nyelempit, mangkane tepak diteliti hing pati katon.
   Ning asile penelitian umpamane hang tau ditulis dadi kajian skripsi ring mahasiswa Universitas Halu Oleo Kendari, Sulawesi Tenggara hang aran Rona Fajar Wana taun 2015, pronomina iki hing kasebut.
   Ring skripsine hang nduweni judhul: Personal Pronouns in Using Language (An Analysis of Forms and Functions), Rona nulis ana 16 subyek. Yaiku: pronomina kepisan wong siji: isun, ihun, sun, hun. Pronomina hang liyane hing sun tulis merga hang hun omongaken saiki mung sebutan kanggo: isun 'saya'.
    Ring gesahan sedina-dina, tepak serawungan, pronomina iki magih kerep dienggo. Hing kaya pronomina liyane /awak/ 'saya' utawa /awak-awak/ 'kita/kami' hang wis hing pati njumbul.
   Pronomina /en/, /em/, /eng/, kadhung rada dipetani sithik, ana pirangane cathetan:
1. Ucap /isun/ lan /ihun/ iki setemene melebu siluran uni "variasi bebas" (istilahe Wisnu Sasangka ring bukune Bunyi-Bunyi Distingtif Bahasa Jawa) yaiku fonem hang bisa njumbul wolak-walik silur-siluran panggonan. Ring basa Using uni /s/ lan /h/ iki bisa silur panggongan ring beda-beda panggonan.
Ring ngarepan ucap: /sore/ ambi /hore/ 'kemarin'.
Ring tengah ucap /isun/ ambi /ihun/ 'saya'.
Ring pungkasan /wis/ ambi /wih/ 'sudah'.
Apan dipetani maning, aran 'saya' iki magih akeh pariasine (hun/sun: ihun/isun) merga dialeke wong ring macem-macem desa. Umpamane:
isen
ihen
hen malah kadhang mung kari en ilang /h/ne.
   Ning basa Using, pronomina persona iki bisa arupa uni nasal (bacot) hang ring kajian biyasah ditulis eN- /en-, em-, eng-/. Naming hing ana eny-.
2. Pronomina lan preposisi en/em/eng/
hang jare pak Hasan ring kamuse, kelebu ranah percakapan, nawi merga iki pronomina persona iki rada hing dianggep.
   Kadhung hang formale:
ku; aku iku sun/hun/sen/hen
isun/ihun/isen/ihen
   Dene hang kelebu ranah percakapan (hing formal) contone:
a. Ketemu vokal /a, i, u, e, o/ dadi en-
enantem 'kupukul'
enidek 'kuinjak'
enurupaken 'kutukar'
enèthèt-èthèt 'kutarik kesana kemari'
enobong 'kubakar'

b. Ketemu konsonan /d, j, l, r, s, t, w/ dadi en-
encicil 'kucicil'
endadekaken 'kujadikan'
enjuwut 'kuambil'
enlirik 'kulirik'
enramekaken 'kuramaikan'
ensulungaken 'kudahulukan'
entuku 'kubeli'
enwarah 'kubilang'

c. Ketemu konsonan /b, p/ dadi em-
embanting 'kubanting'
empikir 'kupikir'

d. Ketemu konsonan /g, k/ dadi eng-

enggambar 'kugambar'
engkirim 'kukirim'

Hang rada nyeliwah, nasal ny- hing jumbul. Kadhung ketemu konsonan /s/ dadi en, s-se hing luluh dadi ny.
ensirati 'kuciprati' dudu enyirati*.

Hang mbingungi maning, en-em, eng iki jumbul pisan dadi preposisi: en dalan, em pawon, eng kedhokan. Minangka preposisi, nulise dipisah. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor