Uwoh-uwohan Hang Emeh Ilang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 28 Mei 2026 07:35 WIB)
- Opini



Ring Banyuwangi sekira petang puluh-seket taun kepungkur magih akeh ditemoni uwoh-uwohan hang saiki keterak jaman emeh ilang utawa malah wis gemet, hing tau maning ditemoni ring pasar.   
    Kadhung bengen, ambekana sing bisa ditemoni maning ring pasar naming magih bisa ditemoni uwite. Lalare magih bisa luru uwohe hang wis temeblug, nyerewat uwohe hang magih gemanthel nong empange.
    Uwoh-uwohan kaya langsep/langsat,
celuring/ceruring magih kerep bisa ditemoni tepak usume. Naming saya suwi saya diingser ambi duku hang lebih manis.
   Kadhung kepundhung lan jirek (basa Indonesiane, menteng) magih rada akeh hang dhemen lan kadhung wayahe panen, magih akeh ring pasar.  Nawi merga kayune magih bisa dienggo pekakas umah dadi magih ana hang nandur.
   Kepundhung ambi jirek iki wujude padha naming bedha wernane. Kepundhung hang wernane abang utawa jirek hang putih. Uwoh iki sampek dadi unen-unen ring omongan saben dinane.
   Kepundhung jirek jirek
   Wis ditundhung marek marek

   Ana pisan hang aran dhompyong/kedhompyong (basa Indonesiane gowok) hang magih bisa ditemoni kadhung tepak usume. Utawa sentul hang kaya manggis naming kulite kuning lan bisa dipangan. Kadhung bengen magih diedol ring sekolahan-sekolahan. Kulite diparo, hang setengah diendohi sambel rujak, aju daginge ditutulaken sambele. Ring Banyuwangi sentul iki rasane kecute masaalah, taping ring sak ubengane Jakarta, ana misanane hang aran kecapi, rasane manis.
   Hang temenan gemet, wis sara goletane iku kaya talilampah/tailampah, uwohe cilik emeh kaya melinjo, daginge jangget ring untu kaya gudhel lan wijine atos.
   Dene bangsane uwoh kaya epoh, setemene akeh pisan hang wis arang bisa ditemoni.
   Kayata poh tabak hang kulite putih lan rasane emeh sepa. Ana pisan poh genjur, wujude cilik dawa mangane digenjur-genjur sulung aju kadhung daginge wis ajur lan mbanyu, kulite dicokot sithik aju disesep.
   Uwoh-uwohan iki kalah ring pasar merga rasane hang kecut. Wong hing dhemen. Saiki kalah ambi uwoh-uwoh anyar hang rasane manis, ajeg bisa ditemoni ana ring pasar. Biyasahe, uwoh hang wis ditandur ring kebonan wera hang dikelola ring perusahaan kayata buah naga hang kelebu uwoh anyar (durung ana 50 taun kepungkur), anggur teka njaban lan gedhang cavendish, gedhang hang ditekakaken teka kebonan adoh merga bisa dititeni matenge, merga bisa digawe seragam manene.
   Uwoh paran maning hang emeh ilang ring desanira?
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor