Belambangan Banyuwangi Banyu Mili Inspirasi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 April 2026 06:04 WIB)
- Opini



Ditulis ring Akhudiat

"Belambangan" melip ning bucu wetan pulo Jawa lamat-lamat suwarane nggadug ning telatah kulon: Majapait, Gresik, Surabaya, Demak, Mataram, Batavia, Palembang, Malaka, Makau. Cina lan seteruse.
   "Blambangan", ring kakawin Negara Kertagama, diceritakaen: para teki lawasira ri patukangan para mantri ri bali, madura datang ri balumbung andelan ika karuhun sayawak sithi wetan umarak apuphul (sing sepira lawase ring Patukangan para mantri teka Bali, Medura teka kang teka Balumbungan, andelan arane teka sulung kabeh nagari Jawa Wetan teka lan kumpul (Pigeaud 1960: canto 28 stanza 1)
    "Banyuwangi" hang saiki ditulis ring koran-koran, majalah lan diuwot ring warta tipi-tipi lan sepiturute nduduhaken isine: perusahaan multinasional ulih idin nggarap proyek tambang emas, jaringan hotel gelis-gelisan mbukak cabang, perusahaan penerbangan sulung-sulungan nggawe rute mudhun ring Blimbingsari.
    Teka "andelan" sampek geger proyek teka tambang emas kira-kira wis 600 taun lebih utawa abad 14 sampek 21wis 8 abad, kadhung diitung keraton Belambangan ngadeg ring pungkase abad 13, nagari Belambangan wis ngalıh ping enem ring pirangane panggonan kang bida-bida.
    Ringkese, kira-kira, yaiku sejarah Belambangan, wis lawas, kadhung diitung 7 sampek 8 abad. Wis ngelakoni ping kaping-kaping perang, negosiasi, kontrak, musuhan, perang puputan, kalah, menang, dikerangkeng, dikalahaken, gilig, gepeng dadi tawanan, mandheg manteb, jejeg. nyeba, tapa, njenggirat, tangi, miber, lan saiki miber temenan nyungsung langit teka bandara Blimbingsari Rogojampi. Paran kabeh iku maknane kanggo rakyat Belambangan, wong Banyuwangi?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Akhudiat, Lontar Using

Editor: Hani Z. Noor