Gorokan Agor Ngabraki Ikawangi Nusantara
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 20 April 2026 08:07 WIB)
- Laporan
Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta Mayjen (purn) Rusdi Maksum sasate sampek agor gorokane ngengetaken maning wadhah organisasi Ikawangi Nusantara hang bisa dadi payunge kabeh Ikawangi.
Ngomong nyang PLT Kepala Dinas Budaya dan Pariwisata, siji-sijine kepala dinas hang diejak Bupati Banyuwangi nekani acara Halal Bihalal Ikawangi, Pak Hartono, "Gawenen ya bagiyan utawa sub bagiyan utawa sub sub-bagiyan ring pemerintahan kanggo ngurusi Diaspora Banyuwangi."
Kelawan guyon, Pak Rusdi ngomong iyane mung wanen ngongkon Pak Hartono polae hing wanen ngongkon bupati.
"Isun wedi kadhung bu Ipuk wis engko lunga, ilang maning (masalah Ikawangi Nusantara iki) mung dadi omong-omong," jare Pak Rusdi ring iwuh hang digelar ring resto Alam Ceria,Klari, Kerawang.
Bu Ipuk ring periode iki dadi upati sampek 2030.
Setemene wadhah payung Ikawangi iki sing sepisan pindho diomongaken. Sakat jamane Pak Abdullah Azwar Anas magih dadi menteri PAN-RB wis digesahaken marek acara Diaspora taun 2023, ring periode Pak Rusdi kawitan dadi Ketua Ikawangi Pusat.
Ring gesahan hang diarani Forum Komunikasi dan Silaturahmi Ikawangi (FKSI). Ring "Munas" kawitan iku njaluk Pak Anas madeg dadi ketuane lan menteri Pariwisata dhongkol Pak Arif Yahya dadi wakile.
Kalingana ring HBH Ikawangi ring Bogor taun 2023 ring pidhatone Pak Anas njaluk Pak Arief Yahya dadi ketuane, iyane dadi wakil bain.
Dene sekretarise, Pak Anas njaluk Pak Marhaen Yono, hang dadi Diretur Pemasaran Dalam Negeri Kementrian Pariwisata, masiya tawis asil Munas ring pendhapa iku njaluk sekretarise dipilih hang teka Banyuwangi bain merga sekretariate arep digawe ring Banyuwangi.
Hing maido Pak Rusdi ring pidhatone sore iku ngomong gok wong loro, Pak Anas lan Pak Arif, padha rebutan taping rebutane sing gelem megawe.
Dene Bupati Banyuwangi Ibu Ipuk Fiestiandani ring sambutabe ngakoni lakune warga Banyuwangi hang ana ring njabane Banyuwangi apik seru "luar biasa".
"Tangane Pemda iki ana watese, kanggo ngurusi warga hang ana ring Banyuwangi bain kudu nangani pirangane sektor paran maning kudu nggayuh hang ana ring njaba. Mangkane Ikawangi nduwe jasa hang gedhe."
Iwuh Diaspora ring pendhapa Banyuwabgi saben marek lebaran, uga dadi wadhah ngerungokaken lan niteni gesahane warga Banyuwangi, jare Bu Ipuk.
"Mangkane kaya hang wis diomongaken Pak Ketua mau, siyap engko arep dikaji kira-kira kudu koordinasi ambi UPTD hang endi (urusan diaspora) iki."
Seliyane ditekani korwil ring Jabodetabek, Kapursuci, Cisera, uga ana hang teka Ikawangi Bandung lan Sumatera Selatan. Ana pisan para sesepuh kayata Pak Sutarjianto, Pak Nur Hafandi, Pak Sugihadi, lan Bu Abdul Kahfi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.