Gembili Kacang Cina

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 18 April 2026 07:31 WIB)
- Opini



Ditulis ring Iskak Basuki

Panganan langka? Nawi bain. Iku gambare gembili mateng mari dikukus. Tandurane ring desa magih ana -- akeh-sithike sing weruh -- mung mula saiki arang serawungan, mungguha menungsa; arang katon hang dodol. Dudu salahe gembiline, salahe menungsane sing pati gelem ngejak kumpul kancane ring pasar, kancanane sawi, sabrang, kenthang, bentul, akeh hang ndhasar.
   Jare hang tau ngejak, bosen wis isun. Koncar-kancir hun jak nyang pasar sing pati ana wong hang ngereken, hang gelem nuku; nasibe sing kaya pala pendhem liyane. Kari-kari hang nandur utawa bakule repot dhewek nguwot utawa nggoncengi riwa-riwi, menyang-mulih nang pasar. Japak entheng. Abot ya ngebek-ngebeki panggonan. Gelema nggawa sing sepira, sukur nyangking.
   Apuwatah gembili kok sing pati payu? Alihe peraupane padha bain ambi umume pala pendhem. Pawakane emeh kaya bentul utawa mbothe, mung rada cilik. Kulitane rada ana rambute, kadhung wis mateng, mari dikukus, gampang kaya kertas kelombetane. Njerone putih, dikenyah enak embug kenyel-kenyel nong cangkem; antarane kenthang ambi bentul gurihe. Hang wis tau mangan mesthi ngiyani. Hang durung tau mangan ya kana mangana. Tukuwa aju rasakena makene percaya.
   Tukune ngendi? Ya iku repote. Sing mesthi ana masiya ring pasar -- hang gelem nandur ring desa-desa muga-muga magih ana. Ale jelas iki panganan eca. Ndhuwure kenthang, ndhuwure mbothe pokoke, campurane karo-karone. Ndhuwure kenthang jembut adoh, coh!
   Kok sing bisa populer? Kok kalah kondhang ambi dulure utawa kancane? Endane kerana iku tah? Kerana bengen tau dienggo basanan, basanane merana-merana dienggo lare gendhingan:

Gembili kacang ijo, kopok mili kari ijo...!

Gembili kacang cina, kopok mili kilenana...!

   Jeh! Sing ana sangkut-paute. Sangking wis tulise, wis nasibe gembili, uga nasibe pirang macem pala pendhem liyane. Nasibe menungsa bain sing padha.   
   Maningan, lare saiki wis kakehan maceme panganan. Saben dina ana bain hang ngereka, hang ngarang resep badhogan anyar; melkedheg rupane ya arane panganan.
   Herane, lare saiki sing ana hang kupinge inpeksi, hang eceten. Seperene sing tau tumon isun. Mbegh! Sing kaya lare bengen, taker ana wadanane. Sayange, lare saiki sasat sing kenal ambi arane...gembili. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor