Ikawangi Dewata Netepaken Ketua Umum Anyar
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Kamis, 30 April 2026 06:21 WIB)
- Laporan
Aula Gedung Keuangan Negara, Bali, mara-mara uwah dadi "miniatur" Bumi Belambangan ring dina Minggu isuk tanggal 26 April 2026.
Ana atusan warga boroan asal Banyuwangi ngebeki ruangan, nggawa rasa kangen ring tanah kelairan nyang iwuh Musyawarah Besar (Mubes) IV Ikatan Keluarga Banyuwangi Bali utawane Ikawangi Dewata.
Kahanan magis sakkal kerasa tepak Tari Gandrung dijugedaken mapag tekane para peserta, disusul lagu Umbul-Umbul Belambangan hang digandhangaken kelawan hikmad ring para peserta hang teka.
Ketua Panitia, Ikhwanto—utawa hang akrab diceluk Thole—negesaken gok Mubes saiki dudu mung seremoni organisasi petang taunan belaka.
“Iki minangka momentum gedhe kanggone ngeraketaken seduluran sekaliyan masthekaken budaya Banyuwangi tetep lestari lan kerumat, masiya awak dhewek ana ring tanah boroan,” tegese Thole.
Tepak dipandhegani Agustinus Winjaya (periode 2022–2026), Ikawangi Dewata dianggep sukses . Organisasi iki saiki wis temanceb odode ring wolung kabupaten lan siji kutha ring Bali, iki ndadekaken Ikawangi Dewata minangka salah siji paguyuban paling solid ring Pulau Dewata.
Pucit acara dina iku kedaden tepak bursa pemilihan ketua umum kanggone periode 2026-2030 dibukak.
Teka papat aran hang njumbul, nyusut dadi mung rong aran hang paling kuwat yaiku Noer Yasin lan Istiyono. Keloron nawakaken visi hang padha naming seger, yaiku nguwataken guyube njero organisasi, ngelestarikaken seni, sampek kegiyatan sosial hang lebih wera. Masiya ana adu penemu, kahanan pemilihan tetep luwes lan guyub. Keplok lan guyonan malah ngiringi saben peroses demokrasine.
Asile, forum netepaken Noer Yasin dadi nahkoda anyar Ikawangi Dewata Bali.
“Amanah iki minangka tanggung jawab awak dhewek kabeh. Mayo terus guyub, njaga budaya lan nambah gedhine mampaat organisasi kanggone sakpadha-padha wong Banyuwangi hang ana ring Bali iki," ucape Noer Yasin ring ngarepane para anggota.
Jam 18.00 WITA, gelaran Mubes IV ditutup kelawan nampilaken Tari Niskala Seblang. Tarian sakral iki kaya dadi pengenget gok nyang endi bain wong Banyuwangi napak jangkahe, oyod budayane tetep ceket, jangget. Ikawangi Dewata aju balik maning ngukuhaken posisine: dudu mung sukur organisasi belaka, naming dadi umah hang nentremaken, nambani rasa kangen lan seduluran ring tanah kumbara.
Kang Noer Yasin saiki iki magih aktip minangka PNS eselon 3 ring Depag Kanwil Provinsi Bali. Iyane arep pangsiyun tanggal 1 Mei 2026 engkisuk iki.
Kang Noer Yasin salah siji hang milu ngedegaken Ikawangi Dewata Bali tahun 2009, milu mbantu laire Ikawangi Dewata. Lan seperene dadi penasehat/pembina Ikawangi dewata.
Taun 2022 kepungkur ada dhukungan nyang iyane kanggone dadi ketum Ikawangi, naming merga magih ruwed ambi pegaweyan minangka PNS iku, iyane hing gelem didadekaken ketum.
Dadi saiki iyane gelem nampa amanah iku merga wis arep purna PNS ulan Mei iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Noer Yasin kelambi ijo
Editor: Antariksawan Jusuf