Tamba Teradhisional Tinggalane Embah Buyut

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 02 Mei 2026 06:40 WIB)
- Laporan



Ditulis ring Satria Pujangga lan Heni Kurniawati

Wong Using jaman wingi taklam sedurunge ana obat gawenan pabrik, ya niteni paran-paran hang ana ring sak ubengane kanggo golet tamba.
   Jare wong saiki "kearifan lokal" hang pituduhe diterusaken sampek nong anak putu. Setemene hing mung tamba dienggo penyakit taping uga dienggo berai pisan.
  Umpamane ana suket arane patik emas bisa dienggo wong hang bereges (terapi cuci perut) polae kepingin katon gering. Mangan kuluban suket iku sakkal bisa mancur.
   Naming sak walike, ana wong hang mencret, makene mandheg, digoletaken obate pupuse jambu keluthuk digejah, banyune diperes, aju diombe utawa dicekokaken nyang lare.
   Ana tanduran rimpang arane pusi, hing nyeja ditandur, merujuk karepe dhewek. Uwite  kaya lempuyang. Pupuse digejah ambi beras, dienggo nggosok rai makene katon kemeromong. Ring Gitik arane lurud, ring Kemiren kolot, jare wong saiki facial.
   Kadhung lara mata kelebu akeh pilihan tambane. Ana tanduran arane tolot/tolod. Kembange dipethik aju dienclobaken ning banyu diwadhahi lumur. Digeningaken rada suwe, aju banyune ditetesaken nyang mata. Rasane rada perih taping entheng nyang mata.
   Ana maning suket hang pulute keneng dienggo nambani lara mata hang sampik ngethek, arane kukon-kukon. Gagange ditugel, aju metu pulute putih kaya susu aju ditetesaken nang mata.
   Obat tetes mata hang adhem iku banyune uwite kelor. Uwite kelor dikethok bongkote dilincipi, aju disuntek, teka lincipane mau netes banyu.
   Ngerambang mata hang lara bisa pisan nganggo godhong suruh lan banyu ditambahi uyah sak wuku (sak pucuke deriji). Naming rasane rada perih.
   Kadhung lara sisimen (telapukan melenthing) bisa ditambani pulute pupuse kelor.
   Getihe/pulute bintaro keneng dienggo tambane lara untu utawa dienggo nggancangaken nedhase udun.
Dene wong hang keneng lading/gaman biyasahe digoletaken pulute wit lumbu makene getihe mampet. Padha ambi pulute anake wit gedhang bisa dienggo mampetaken getih hang ngelocor uga minangka antibiotik.
    Pulute gedhang kayu keneng dienggo tambane rambit. Ring kutha Banyuwangi kepercayaane wong, penyakit rambiten ditambani dubange randha hang ulih lancing. Taping ring Gitik Rogojampi, ana tukang tamba rambit, turun temurun masiya dudu randha ulih lancing. Naming
obate ya nganggo dubang iku.
   Pupuse tanduran gudhe ya bisa dadi obate rambit. Gudhe iku uwohe kaya kara taping hing melolor, kaya gadhel tapi kulit uwohe akeh wulune. Uwohe keneng dijangan.
   Kadhung jajang hang diobong ring bengahan metu wuruhe, wuruhe iku keneng dienggo ngilangaken uwan, pecake tatu makene kulite katon normal.
    Paran maning hang rika weruhi minangka obat teradhisional?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor