Wajiwa, Njaga Urip Lan Penguripan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 01 Mei 2026 02:12 WIB)
- Opini



Ditulis ring Kang Ujik

Sak mareke tontonan sendratasik Pandome Urip WAJIWA ring Gesibu dina Sabtu kepungkur (25/4) magih ana hang ngesumaken pitakonan bab judhule. Produser Eksekutipe, Kang Elvin Hendrata, njelentrehaken maksude ring tontonan hang ngelibataken lebih 100 penari lan panjak iku.
   Paran sih setemene Wajiwa? Kadhung dideleng teka wujude ilmu basa, Wajiwa iku oyod-oyode njuwut teka basa Sansekerta sampek nggadug ring jaman Jawa Kuna.
    "WAJIWA iku setemene gandhengan teka rong unen-unen yaiku Wahana lan Jiwa," jare Kang Elvin.
    Gampange mikir, Wahana iku minangka wadhah lan jiwa iku ngemu makna "tengere urip" teka sekabehane mahluk. Saben golongan mahluk nduweni jiwa hang beda-beda.
   Menungsa sing kira padha jiwane ambi pitik lan sakpiturute. Lebih jeru maning, jiwa iku sing mung manggon ring mahluk kang urip. Uwit-uwitan lan alam sak ubenge uga nduweni jiwa.
  Paran artine tanduran kembang mawar kang gagange mesthi ana erine? Apuwa segara iku duwe wektu kapan ombake langsam lan kapan ombak umbule iku ngamuk sampek ana unen-unen tsunami?
   Kanggo ngewatesi pikir lan rasa, Wajiwa iku dibuletaken ring urip lan penguripane menungsa lintas umur lan jaman ngenengi masalah sejarah, seni, pelaku lan laku seni, budaya, pelaku lan laku budaya.
   Umume kabeh menungsa iku duwe jiwa seni, budaya lan spiritual uga empang-empang lan carang-carange seni, budaya lan sepiritual. Siji lan sijine njumbul ring urip lan penguripan, milu miline pilihan.
   Kadhung jiwa senine njumbul lebih kuwat, kekarepan ngewujudaken karya lebih dhuwur, bisa-bisa jiwa budayane katut kegawa lan jiwa sepirituale milu nyemburi kelir garapane.
  Kerana menungsa hang duwe rumangsa kadhung awake, roh lan kelire hang uwong akeh nyebut iku jiwane, sing bisa ucul teka pikiran sehat, rasa hang rumangsa lan ngerumangsani kadhung kabeh iku ditata ambi hang nggawe urip.
    Kadhung niteni gelar seni drama tari lan musik (sendratasik) produksine Joyokaryo iki makna jiwane sengidan ring kelir musik  lan gendhing, laku, busana lan antawicarane.
   Ana tokoh hang nggambaraken generasi jaman now hang dilakokaken ambi Kaka Rivy. Jiwane lare enom-enoman diadhepaken ring dalan hang ngempang-ngempang. Mbingungaken jangkahe.
   Arep njangkah wedi kebelinger lan nyasar-nyasar. Arep mandheg thok ya disalip ambi liyane. Sing wurung ular-ular lan unen-unene uwong tuwek hang dadi gambaran generasi bengen, magih landhep dienggo jimat ngadhepi urip lan penguripan hang padha kebelinger. Generasi saiki lan seteruse, diwarahi aja sampek lali lan ngelalekaken barang wewarah hang dianggep kuna. Generasi saiki iki dikarepaken aja ulap ring endahe mercon celorotan ring langit wengi. Urube mung sedhela.
   Mula antarane werangka wujude menungsa hang gemantung ring urusan duniawi, aja sampek kelagut kelali-lali ninggalaken pikiran, rasa lan timbangan jiwa hang ana ring uripe. Kerana jiwa iku gemantunge ring urusan uhrowi utawa ring masalah hang nduweni sipat kebatinan.
   Lha lair lan batine menungsa sapa bain kudu imbang. Ucap liya, kudu bisa njaga titik nol ring antarane bilangan positip lan negatip.
  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor