UMKM Aulia Omsete Munggah 300 persen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 16 Maret 2026 07:34 WIB)
- Laporan



Mangkat mareki lebaran sakliyane kelambi anyar mesthine bain ya jajan lebaran. Sakat jaman bengen wong Banyuwangi seru lancare nggawe jajan lebaran. Maneka rupa wernane lan maneka rupa kelir lan rasane. Mula sakat bengen uga wong Banyuwangi iku kereatip ring babakan kuliner.

Bukti kereatipe wong Banyuwangi iku arupa nggawe jajan lebaran hang adonane mung teka gelepung beras, gelepung terigu, endhog gula pasir lan santen bain bisa dadi macem-macem olahane. Teka adonan iku mau bisa dadi kelemben, opak gulung (werokok) opak lipat (opak gambir), mawaran, tegokan, ting-ting kacang, bagiak, widaran, lan macem-macem maning arane jajan bakaran.

Kayadene pusat oleh-oleh Aulia Lemahbang Krajan Rogojampi Banyuwangi iki, sakat nemlikur taun kepungkur wis usaha gawe jajan didol nyang pasaran. Jamilah, hang duwe UMKM Aulia, nyeritakaken kawitane iyane dodolan jajan iki merga bengen anak-anake doyanane mangan jajan-jajan klithikan gedigi iki. Alhamdulillah saiki wis duwe karyawan hang akehe 75 uwong. Jamilah nerangaken maning meh separuh karyawane iki randha. Idep-idep iyane bisa nguweni penguripan kelawan randha-randha hang wis ditinggal mati hang lanang.

Alhamdulillah. Iki barokahe ngopeni randha-randha, Jamilah nambahi keterangane. UMKM  Aulia iki wis bisa sampek kaya gedigi lan bisa mapan ajeg usaha jajan keringan sampek 26 taun lawase tiba-tangi anggone ngeragati olahan jajan. Jaman bengene Aulia mung masaraken jajane dicangking melebu-metu umahan bain melaku sikil lan nganggo sepidhah pancat, naming saiki wis bisa nganggo pasar online liwat shoopee lan Tiktok shop.

Mula Aulia dudu siji-sijine UMKM hang ana ring desa Lemahbangdewo kecamatan Rogojampi, magih akeh kayadene, Dewa-dewi, Annisa, Deca Sentosa, lan liya-liyane.

Jajan-jajan produk UMKM Desa Lemahbangdewo iki sing mung ana ring dina Lebaran bain naming uga wis ana ring saban dinane. Paran maning saiki Pusat Oleh-oleh jajanan using ring Banyuwangi wis nyepakaken ana ring sakwayah-wayah masarakat butuh jajan. Kayadene UMKM hang ana ring Desa Lemahbangdewo Kecamatan Rogojampi Banyuwangi hang dodolan jajan lebaranan kanggone wong-wong hang doyanan naming sing kober tandang.

Nekani lebaran taun iki Aulia munggah omsete, hang biyasahe mung 35 kg gelepung sedina saiki sampek 50 kg gelepung sedina. Omset munggah meh 300 persen teka dina-dina biyasahe. Sampek-sampek saiki Aulia wis sing bisa nerima pesenan maning merga wis sing bisa ngatasi pesenan hang utamane teka pasar online.

Sakteruse Jamilah duwe kekarepan anane bantuwan teka endi bain hang wujud mesin cetak makene kekurangan tenaga kerja iki bisa diatasi. Kadhung bisa ana bantuwan iku mesthine dana hibah hang sing ngerepotaken UMKM cilik kaya iyane lan kanca-kanca ring desa Lemahbangdewo iki, ujare Jamilah ambi ngepak pesenan jajane.

(Moh. Syaiful)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor