Bakalan Wong Using lan Putu Selawe

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 18 Juni 2021 15:24 WIB)
- Opini



Ater-ater: Budayawan Using Hasnan Singodimayan nyeritakaken sithik bab jejodhoan lan cerita wong duwe putu selawe.

 

Anane "kearipan lokal" wong Using, akeh wong hang takon paran setemene isi hang dikarepaken ring kearipan lokal iku. Yaiku tradhisi lan adat istiadat wong Using, nguri-uri budayane hang magih ana. Umpamane carane wong laki rabi sakliyane cara hang biyasah, wong Using duwe telung ukara liyane: melayokaken, ngunggah-unggahi lan ngeleboni. Merga dilamar apik-apik ditolak. Dadi karepe ukara mau ning Banyuwangi sing ana hang aran Kawin Paksa.

Jejodhohan ning keluwarga Using, ana tradhisi BKL utawa bakalan. Hang ngarani BKL, dudu keluwarga, taping kancane utawa beraya lan tanggane. Arane ditulis ning tembok-tembok, merga aran bakal iku bisa wurung, bisa dadi nalika wis dijaluk lan dilamar.

Ana tradhisi Perang Bangkat merga hang dikawinaken anak penggarep, anak kemunjilan lan anak undhal-andhil. Lanang utawa wadon. Salah sijine ketemu dadi jodho, perlu Perang Bangkat. Antarane dulur besan, diwakili dhukun utawa pawang, padha nggawa pedhang-pedhangan. Umahe penganten wadon disekat kain putih ning ngarep pagere. Kemanten lanang durung bisa melebu. Sedurunge pawang besan, njawab pitakonan hang arupa wangsalan lan basanan pawang teka keluwarga wadon. Jawaban wis ana sak jerone cingkek hang dipikul. Sembarang kalir perangkat pawon lan pitik ngerem, maknane atine penganten wis marem. Aju sekat kain ning pager bisa dibukak. Ambi maca selawat maknane kawin ning Banyuwangi, sina ana hang dipaksa. Jare gendhing, “Isuk nikah bengi pegatan” merga ning Banyuwangi ana gendhing sakral kanggo kemanten, yaiku gendhingan kearipan IRING IRING, ERENG ERENG, URUNG URUNG, ARANG ARANG, URING URING, ARING ARING, IRANG IRANG. Dadi paran maknane, goletana dhewek ning wangsalan lan basanan.

Dongane Emak 

Ana sijine emak, duwe anak lima, lanang kabeh. Bapake wis sing ana. Rumangsa anak-anake wis lancing, aju emak ngewani wekas "kapan golet wong wadon, goleta hang ayu.” Lare-lare mau padha takon nyang emak "hang aran ayu, hang kelendi?" Jawabe emak cukup cekak "Goleta hang bersih lan padhang. Aja kaya emak, sawo mateng, metune sawo mentak kaya Sira kabeh." 

 Kocapa cerita, lare lima mau ulih rabi ayu-ayu. Kulit kuning beranang. Emak seru dhemene, sampek-sampek dianggep kaya anake dhewek, anak lima  dianggep kaya mantu. 

Kocapa cerita maning, emak kepingin duwe putu selawe, kapan lare siji duwe anak lima. Nyatane hang penggarep duwe anak mung siji. Anak nomor loro, duwe anak telu, anak nomor telu duwe anak lima, anak nomor papat duwe anak pitu. Hang kemunjilan duwe anak sanga, dadi cacahe putu ana selawe, kaya hang didongakaken. Selawe putu mau WADON kabeh. Lare lima mau iling nang ruwahe bapake, hang dhemen maca. Maca kitab JAYABAYA, "Besuk, embuh abad pira lan tahun kapan. Separuh tanah Jawa utawa SABA. Akeh wong wadon, tinimbang wong lanang lan kuwasa ngatur pemerintahan.” 

Aju lare lima mau padha takon nang emak, kitab-kitabe bapak. Hang dhemen maca. Jawabe emak enteng bain “Diwarisena nang kancane, hang dhemen maca kaya bapak.”

Anake ngomplong kabeh.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasnan Singodimayan

Editor: Hani Z. Noor