Anggitane: Nur Aini
(Minggu, 19 Juli 2020 06:01 WIB)

Bakaran Sawi


"Antenana Isun ning pinggire dalan, bareng pokoke yah, aja ditinggal. Awas kadhung ditinggal!” Abanisun ngancas ana ring tilpun. Isun mula sing dhemen kadhung sepidhahan nana kancane. Mesthi kudu ana kancane, masiya tawis sing goncengan. Hang penting bisa iring-iringan ana ring dalan, kaya karnapal. 

Dina ahad iki isun mula wis semayanan sak kancaan arep memengan ning Kampoeng Batara, Papring, Kulipuro. Sak kancaan ana isun, Mei, Friski, Ilfi, Monika, ambi Mbok NH. Niyate arep belajar munikaken angklung ring Pendik. Pendik iki aran asline Efendi. Naming lalare kana nyeluke Pendik, yawis isun milu-milu nyeluk Pendik pisan. Pendik iki umure sakpantaran ambi adhikisun, mung bedane Pendik pinter memengan alat musik, kadhung adhikisun pinter memengan tembung.

Kadhung wis semayanan memengan ring Kampoeng Batara gedigi iki, isun kerep diparani Mei, kanca sekolah ring Aliyah bengen. Mei umahe ana ring Kerasak, bengen pas kelas sepuluh tau sak kelas. Saikine iyane kuliyah ana ring Surabaya, isun kuliyah ana ring Malang. Masiya kuliyahe sing sak panggonan, isun ambi Mei magih raket. Kadhung preiyan kuliyah, kerep merana-merene bareng. Ya kaya dene arep memengan nyang Kampoeng Batara digi iki, biyasahe Mei seja isuk-isuk wis ana ring ngarep lawang umahisun, karepe marani. Berangkate isun hang nggonceng Mei, kadhung mulihe gantenan Mei hang nggonceng. Cumpu ya dina ahad iki Mei wis ana ring Sewu Sambang kana, kemah-kemahan jare. Byek, ya nana wis pungkasane singana hang ngejak isun goncengan, sepidhahan dewekan rasane kaya lare ilang, mangkane ra isun bingung golet barengan. Ya emane tawis Ilfi, adhik kelas isun SD gelem sun ejak bareng.

“Mbok, Isun wis ning pinggire dalan iki. Gancangana..” Wekase Ilfi ana ring WhatsApp. Sing sun balesi, isun agage nyetater sepidhah. Nganggo helem kelir soklat enom, sing lali pisan nganggo masker. Kebiyasaan anyar sedawane mangsa pageblug, melaku-melaku kudu nganggo masker. 

Ilfi wis ana ring pinggire dalan, ning ngarepe warung duwene Mbok Kam. Goncengan keloronan ambi kancane, wadon. Arane Monika. Isun teka wetan sepidhahan dhewekan.  

“Ayo!”Abanisun. Ilfi agage nyetater sepidhahe. Digas, wanter temenan lajune, ngalah-ngalahi Valentino Rossi hang ana ring tipi-tipi ika. Isun hang ana ring mburine mung thingel-thingel bain. Serta gadug dalan sakwise pasar Kalipuro, Ilfi ngelendhukaken laju sepidhahe mergane dalane gerunjalan, kerikil-kerikilan rada kasar. Kadhung ngenget-enget tepak memengan nyang Kampoeng Batara hang kawitan ika, rasane lengen tangan pating njarem sebabe dalane sing kabeh aspalan ra, magih ana dalan hang kerikil-kerikilan dadi kadhung nyetir kudu ati-ati, ngabeti gena sing tiba. Tapi masiya lengen njarem, isun ambi lalare sak kancaan ya sing kapok, merga ketungkul girang kecaruk lalare ning Kampoeng Batara, bisa memengan uga sekaliyan belajar. Saikine yawis kebal masiya tah dalane gedigu mauka ya terotos bain wis. 

***

Iki wis jam wolu keliwat seperapat, ning Kampoeng Batara wis rame lalare belajar ambi mahasiswa Poliwangi gawe kokedama, kerajinan hang asale teka Jepang hang digawe nganggo sepete kelapa. Lalare Kampoeng Batara katon sumringah, mitek-mitek sepete kelapa ana ring saton hang wujude setengah lingkaran. Aju sepet iku mauka diraketaken nganggo bolak dondom. Lalare seru guyube, isun kari dhemen ndilenge.

“Belajar angklunge engko bain wis yuh sakmarine lalare gawe kokedama.” Abanisun.

“Iyawis mbok, engko bain.” Saure Monika.

“Suwene nganteni lalare gawe kokedama, ayo Kene ning pinus-pinus kulon kana bain Mbok. Pinus-pinusan panggonane jelajah rimba hang tepak ika.” Ajake Ilfi. Isun, Monika, ambi Mbok NH ngiyani. Mei ambi Friski hang buru bain gadug, milu ngiyani pisan. Sedurunge melaku nyang pinus-pinusan, Ilfi ngejaki tuku es ambi jajan ring warunge uwake Pendik. Tuku es siji-siji edhang. Ciki-ciki hang regane limangatusan ya sing lali dituku pisan. Jare Ilfi keneng dicemil ana ring kana makene sing kelongkongan ana ring tengah dalan. 

Setemene panggonan pinus-pinusan sing kariya adoh teka Kampoeng Batara. Taping dalane hang munggah mudhun iku, nggarai kesel melakune. Mudhun ngeliwati jurang hang kiwa tengene jajang-jajangan, ngeliwati banyu sumber, terus munggah ngulonaken ngeliwati wit-witan kopi. Tapi masiya gedigu isun ambi lalare iki wis padha tatage. Sakdalan-dalan lambe sing bisa meneng, ana bain hang digesahaken. Paran maning Mei ambi Friski. Byek, hang digesahaken iku keliwung kemah ana ring Sewu Sambang. Kecaruk lalare lanang gantheng jare. Mei seru kajune.

Masiya dalan ring pinus-pinusan iku erob merga ketinggulan wit-witan, tapi ya tetep bain aran gorokan iki ngelak, rasane kaya wis asat. Es hang ana ring tangan rasane kudu-kudu sun entekaken. Emane tawis Ilfi wis aban-aban kadhung ese sing ulih dientekaken sulung sedurunge gadug ring panggonan. Kadhung ana hang wis entek, engko sing ulih njaluk duwene kancane. Byek, yawis wis es hang sing sepira ebek iki sun eman-eman gena cukup sampek gadug ring panggonan.

“Wuuuuh, halo ges isun saiki ana ring pinus-pinusan Papring, Kalipuro. Kek, delengen tah ana Mei, Friski, Ilfi, Monika, ambi mbok NH.” Abanisun kaya youtuber. Lalare mung munyik bain ambi selonjoran ring sela-selane wit pinus. Mari nggawe pideo uga motrek-motrek godhonge pinus hang padha ijo, isun marani lalare. Milu selonjoran ambi nyedhoti es hang wis kari setengah ngisor. Ketungkul disambi gesah-gesahan, cekikikan, eh sing kerasa kadhung es lan ciki-cikine wis kari bungkuse. 

“Rujakan ning kene wenak pantese yuh.” Abane Mei.

“Byek temenan.” Saure Friski ambi Mbok NH barengan.

“Iya  wis ayo kapan? Isun hang nggawa ramonane.” Monika milu ngomong pisan.

“Beng, meriniya tah. Ngundhuh jagung kene.” Abane uwong ambi ngawe-awe ana ring pinggire kebonan. Isun sing pati tenger wong iku sapa, ketang sing nganggo tasemak dadi sing kariya jelas ning rupane. Hang sun weruhi pokoke uwonge nganggo penganggo kelir ijo, kudhunge kapuranta. 

“Eh, emake Pendik ya iku.” Abane Mei.

“Meriniya Beng ayo bakar-bakaran jagung. Sawi ya ana pisan kek eh!” Suwarane emake Pendik mberak seru antere. Isun ambi lalare gancang mara nyang iyane. 

“Byek, rejeki anak sholeha iki arane. Es entek, ciki-ciki ya entek, eh malah ditawani mbakar jagung. Ya windhul!” Abane Ilfi. Ilfi aju melaku nyulungi. Ngeliwati uwit jagung hang dhuwure ngalahi dhuwure iyane. Ilfi ngempit tangane wates kelek gena sing serit merga keneng godhonge jagung. Ambi melaku rada temungkul, Ilfi wis gadug sulung ana ring emake Pendik. Isun ambi lalare liyane magih ana ring mburi.

Sakwise kabeh wis kumpul ana ring pondhok, emake Pendik ngejaki bakar-bakaran jagung. Iyane mau sempat cerita gok jagunge entek dipangani bojog, karine hang magih selamet ya sing kariya sepira akeh. Mung kari sak kedhok hang magih wutuh. Taping sun tulih-tulih jagunge iku magih cilik-cilik uwohe, kadhung dibakar ya sing enak. Kurang manteb. Pungkasane isun ambi lalare diejak mbedhol sawi ning emake Pendik. Rejeki temenan pokoke wis. Uwohe sawi ring kebonan duwene emake Pendik seru gedhi-gedhi. Lebih gedhi teka lengenisun. Ndeleng emake Pendik hang juger-juger sawi, isun ambi Ilfi engkres arep langsung mbedholaken uwit sawine.

“Ayo Fi, dibedhol langsung bain gena gelis.” Abanisun. Ilfi manthuk-manthuk.

“Dhuh, awak kari keceng digu yah. Sing kira kuwat.” Mei nyamah. Cumpu mari itungan ketelu, uwit sawine wis kebedhol. Mula pantes bain isun ambi Ilfi lancar mbedhol uwit sawine. Byek, barangan lemahe gembur yah! Dadi ya sing sara bedhol-bedholane. Kadhung jare Ilfi, gampang, ana ring pucuke deriji. Hihihi..

Weleke geni wis mubal-mubal. Monika ambi Mbok NH hang sing biyasah keneng welek, dadi watuk-watuk. Ilfi ambi Friski padha kauk. Isun ambi Mei aju hang numpang-numpangaken sawi ulihe mbedhol mauka ring wawa. Ditinggal gesah-gesahan, gendhing-gendhingan, telungpuluh menitan, kulite sawine wis pating cemeng kaya areng. Iku artine bakaran sawine wis mateng. Emake Pendik agage njuwut godhonge gedhang sak papah, sawi hang kulite kaya areng dideleh ana ring ndhuwure. 

“Byek, kadhung bakar-bakaran sawi gedigi iki Isun dadi enget Dani.”

“Cihuuuuuuuy.” Ilfi semaur.

“Dani, iki Mbok Mei nyangga kangen..” Abane Friski ambi merinci-merinci.

“Gula pasir ditutulaken bakaran sawi. Raina bengi, katon-katonen Dani.” Ucapisun. Mei munyik, lalare cekikikan. Bakaran sawi hang wis diadhemaken aju dirahabi jak akehan.# 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sumber gambar: steemit.com

Editor: Hani Z. Noor