Balai Bahasa Jatim Arep Nerbitaken Buku Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 30 Mei 2021 07:03 WIB)
- Laporan



Kabar apik kanggone kegiyatan sastra lan literasi Banyuwangi kegawa teka Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa (BPPB) hang arep ngalih basa lan nerbitaken rong buku basa Using nyang basa Indonesia.
Asil alih basa novel cendhek Pereng Puthuk Giri lan kumpulan cerita lare Markas Ketelon arep diterbitaken ring BPPB taun iki.
   Jare mbok Khoiru Ummatin narahubung ring BPPB, Kegiatan Seleksi Penerjemah minangka iwuh hang dianakaken KKLP Penerjemahan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa. Saben-saben Balai/Kantor Bahasa sak Indonesia nduwe kewenangan dhewek kanggo nggawe kegiyatan gedigi.  
"Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) mengadakan seleksi penerjemah karya sastra berbahasa daerah ke bahasa Indonesia," jare mbok Khoiru Ummatin liwat WA. 
   Ana 20 naskah hang dialih basa, limang naskah dialih basa ring penerjemah BBJT lan ana 15 naskah hang dialih basa ring penerjemah asile seleksi umum.
"Kedua puluh naskah tersebut nantinya akan dicetak sebanyak 100 eksemplar. Sasarannya sekolah dan komunitas."

   Kanggo karya hang nganggo basa Jawa dipilih karya hang wis tau menang penghargaan Rancage lan Sotasoma. Dene naskah basa Medura lan Using, dipilih sak mareke diskusi ambi sastrawan ring Medura lan Banyuwangi merga naskah hang ana hing pati akeh.
   Penerjemah hang kepilih kanggo basa Using buru diumumaken sore yaiku Urip Limartono Aris kanggo naskah Pereng Puthuk Giri karyane kang Ujik (Abdullah Fauzi) lan Nur Holipah kanggo naskah Markas Ketelon karya Antariksawan Jusuf.
   Pereng Puthuk Giri kecathet minangka salah siji karya sastra prosa basa Using kawitan hang ditulis nganggo aksara Latin diterbitaken ring Dewan Kesenian Blambangan (DKB, taun 2005), dene Markas Ketelon diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan (SKB, 2014). Kelawan bantuwan sokongan dana teka Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) ring Jakarta, buku Markas Ketelon iki tau pisan dibagi gratis nang pirangane sekolahan ring Banyuwangi.
   Sakuwise wawarah sore, tukang alih basa diwani wektu rong ulan setengah kanggo ngerjakaken alih basane. Aju sakmareke, taun iki naskahe arep diterbitaken.

   Wong-wong hang milu tes dadi penerjemah ya lumayan akeh. Hang diterima ring seleksi administrasi 258 wong, taping hang bisa milu tes ana 134 wong. Kanggo naskah basa Using dhewek mung ana pitung wong hang milu tes, hang wis dipilih lan diumumaken tanggal 28 Mei sore.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor