Banyuwangi Arepe Bukak Tokok Gratis Kanggo Lare Atim lan Duafa

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 05 Mei 2021 09:56 WIB)
- Laporan



Banyuwangi arep nduwe tokok gratis kanggone lare atim lan duafa. Pardu Ain freemart iki arep dibukak tanggal 10 Mei 2021.
"Dadi konsepe, lare atim lan duafa bisa milih dhewek barang hang didhemeni, kaya ring tokok biyasah, aju bisa nggawa mulih barange hing kathik mbayar," jare Taufik Shaleh hang diangkat dadi direkture.
   Merga wayah lebaran digi, hang disedhiyani ya kelambi dienggo lebaran. Taping ring dina liya ya kebutuhan liyane, tambah kang Taufik. Kanggone duafa ya sembako.
   "Kadhung engko wayah melebu sekolah, ya kebutuhan sekolah hang disulungaken," tambah pegiyat sosial hang uga penata musik iki. Ring kepengurusan Taufik disokong wakil Sofi Abdurrahman,
Sekretaris Ribut, bendahara Tutus Arofah Hesti Arini lan anggota Adil, Haries, Robin.
   Jare Camat Banyuwangi kang Moh. Lutfi hang dadi pembina Relawan Bansos Banyuwangi, kecamatan nyedhiyani panggonan ring wetane kantore ring Jalan Brigjen Katamso, lan disokong ambi ibu-ibu PKK. Dalan Brigjen Katamso hang ana ring antarane kantor kecamatan lan DPRD iki arep ditata dadi pusat kuliner hang apik lan pantes. Dadi engko ana cafene hang nyedhiyani sega lan kopi, hing mung tokok.
   Pendanaane kawitane dibantu bansos lan bantuan relawan liyane taping sakteruse arep diputus, dikongkon ngadeg dhewek. Merga disokong ambi kegiyatan ekonomi liyane kayata travel, tur, wisata, travel umroh hang wis siyap.
   "Hang penting pendataane hang bener. Engko dibantu lurah. Hang dierah utamane lare atim lan duafa hang lepas teka bansos. Data bab kesejahteraan sosial ana ring lurah," jare kang Lutfi.
   Ring ngarep kantore, pak Camat Lutfi nggawe panggonan nongkrong hang arep diuripaken saben minggu: Bangjo Everyweek. Merga panggonane ring pinggir dalan lan parek lampu setopan.
"Sore wis dipasang 80 lampu teka jajang hang dienam. Trotoar wis Hun unduraken telung meter dadi ana panggonan pitung meter hang bisa dienggo dodolan, ana pentas kesenian teka tradhisional sampek akustikan," jare kang Lutfi.
   Panggonane engko bisa dadi panggonan ekonomi kreatif, dienggo pentas kesenian, reunian, HBH taping tetep nganggo aturan protokol kesehatan.
   "Ibuke (Ibu Bupati-red) ngongkon hing ulih menging wong dodolan, usaha ekonomi kreatif sak njerone ana pageblug malah kudu difasilitasi, ditata hang apik makene katon tertib lan rijig."
  


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor