Banyuwangi Festival 2021 Diangkati Nganggo Aplikasi Virtual

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 18 Februari 2021 06:04 WIB)
- Laporan



Inopasi sing ulih mandheg kudu terus melaku kapan sing kepingin digiles rodha jaman hang munyeng kaya cakra panggilingane donya. Gediku uga Banyuwangi hang ngadhepi mangsa pandemi ana dhung meh setaun lebih iki. Paran maning andalane Banyuwangi hang ana ring Banyuwangi festival kang mestine ngumpulaken wong akeh ana ring panggonan wera kayadene Gandrung Sewu, Banyuwangi Etno Carnival (BEC), Festival Kuwung, lan festival-festival liyane hang nekakaken uwong akeh teka panggonan liya. Ring mangsa pandemi iki iku mesthi bain barang hang mohal bisa dilakoni.

Hang gediki iki aja diarep maning bakal bisa kelaksan maning, mula iku gebyar festival Banyuwangi ring taun sore aja diarep bisa maning kelaksan ring taun iki, gediku jare Abdullah Azwar Anas, Bupati Banyuwangi ana ring pidato peluncuran Banyuwangi Festival 2021 hang manggon ning pendhapa Banyuwangi.

Naming inopasi taun iki ulih tantangan hang gedhe, kanggone Pemerintah Banyuwangi kudu belajar maning yaiku kelawan ngetokaken program wisata virtual hang bisa diakses teka kadohan nganggo aplikasi hang ana ring internet. Sakteruse Bupati Banyuwangi hang dina iku mungkasi jabatane nerangaken kadhung program wisata virtual iki diarani colorful hybrid concept. Hang dikarepaken wisatawan bisa teka ana ring Banyuwangi naming liwat media internet. Ring kana wisatawan bisa digawa keliling nyang Banyuwangi kelawan aplikasi hang disediakaken ana ring Banyuwangi Tourism.

Kepala Dinas Pariwisata dan Budaya, M. Yanuar Bramuda nerangaken kadhung wisatawan bisa pesen pemandu wisata aseli hang bisa ngeteraken wisatawan nagnggo virtual mau iku. Pemandu iku mau sakteruse nggawa kamera hitech hang wis terkoneksi internet menyang panggonan hang kayadene dikarepaken wisatawane. Iki hang diarane teknologi IT hang wis maju hang durung ana ring panggonan liyane sakliyane Banyuwangi, gediku Bupati Banyuwangi negesaken keterangane Bramuda.

Serta ditakoni para wartawan kelendi nasibe Yunah lan Yutun hang sing paham onlinenan iki, Anas nerangaken sakteruse wong hang mari ndeleng virtual kadhung kepingin weruh rasane sakteruse mesti bisa nekani panggonan utawa panganan hang wis diunggah ana ring lapak online iku mau.

Sak teruse Bramuda nerangaken aplikasi iku uga wis dilengkapi nganggo belanja online hang bisa digawe lapak online. Umpamane UMKM hang ana ring Banyuwangi bisa nduduhaken barang dagangane kadhung wis didhemeni lan wisatawan kepingin tuku sakteruse wisatawan gage belanja nganggo online hang bisa dipilih cara pembayarane umpamane internet banking utawa virtual account utawa pembayaran non tunai liyane. Hang gediku wis sing aneh anggone wong saiki belanja ana ring aplikasi online ring internet.

Sakliyane bisa menyang liwat virtual nyang jujugan kelenceran, wisatawan uga bisa ndeleng pergelaran utawa konser hang dianakaken ring Banyuwangi Festival liwat aplikasi iku mau. Umpamane penonton bisa milih panggonan ring endi iyane bisa kepingin lungguh ambi ndeleng pergelaran utawane konser iku mau. Sedela engkas, konsep iki bakal diluncuraken. Taping kadhung saiki wis kepingin ndeleng wis bisa di deleng ana ring banyuwangi tourism.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf