Banyuwangi, Gemelare Tamansari Nusantara

Anang Eko Saputro (dipublikasikan pada Senin, 19 Juni 2023 08:15 WIB)
- Opini



"He...Belambangan, He...Belambangan Gumelare Tamansari Nusantara...."

   Gendhing ring ndhuwur iku salah sijine lirike gendhing Umbul-Umbul Belambangan hang dianggit ring ruwahe Pak Andang CY. Gendhing iku uga digandhang ring ruwahe Pak Samsul Hadi bupati Banyuwangi hang kaping selawe.

Gendhing iki uga ngunggahaken rasa nduweni lan semangat jenggirat tangi lare-lare Using hang wis lawas kependhem.

Mula wis sing keneng dipungkiri maning, kadhung Banyuwangi iki bisa diarani "Tamansarine Nusantara" merga akeh suku, agama lan budaya hang manggon ana ring bumi Belambangan.

Kabeh iku merga dawane sejarah hang dilakoni kabupaten hang ana ring bucu wetan pulo Jawa iki. Wis pirang-pirang jaman turun-temurun ya wis dilakoni, uga akeh perahara hang wis kedaden tapi Banyuwangi lan Belambangan magih arum semebrung kaya ganda arume kembang hang mekar nong bale umah.

Banyuwangi iki dibagi dadi 25 kecamatan, 28 kelurahan, lan 189 desa. Kabupaten Banyuwangi uga dadi Kabupaten hang paling wera sak Jawa Timur.

Teka 25 kecamatan mau, ana pitung suku hang manggon ring Banyuwangi yaiku:

1. Wong Using

Wong Using, utawa diarani Wong Belambangan, ana hang nyebut pisan Wong Banyuwangen iki manggon ana ring desa-desa hang bisa diarani desa tuwek. Merga aran desa-desane wis kasebut ring antarane tahun 1600an bengen, kaya dene desa Lateng, desa Bedewang, desa Bukbuk, desa Gambor, desa Aliyan, Rerampan, desa Cantuk, desa Singalatren, lan akeh liyane. Desa-desa iki uga wis kecathet ana ring laporane Walanda ring antarane tahun 1767 nalika Landa ngibaraken pendhera ring Ulupampang.

Suku Using iki nduweni adat lan budhaya hang bida ambi sedulur-sedulur liyane kaya Jawa lan Bali.

Basa Using hang biyasah dienggo gesah dikira sing ana unggah-ungguhe sebenere iku salah, merga wong Using uga nduweni basa hang arane basa Using Besiki. Masiyatah katone wong Using iki basane padha tapi nduweni cara dhewek-dhewek kadhung ngomong.

Carane wong Using Gintangan ambi carane wong Using Kemiren jelas bidane, carane wong Using Aliyan ambi carane Wong Gambor mesthi bida, tapi tetep padha kadhung nguri-uri basa Using ring Banyuwangi.

2. Wong Jawa

Wong Jawa utawa biyasah diarani wong kulonan, utawa wong Mataraman, uga bisa diarani wong kidulan merga akeh-akehe wong Jawa iki manggon ring desa-desa lan kecamatan dhaerah Banyuwangi kidul kaya dene Siliragung, Pesanggaran, Bangorejo, Purwoharjo, Tegaldlimo, lan Tegalsari.

Wong Jawa iki masiya uripe gandheng renteng ambi wong Using tapi tetep ngelakoni adat lan budaya Jawa kaya dene Baritan, Suraan, Ruwatan, Wayang kulit, Larung sesaji, lan suguhan saji miturut wetonan lan dina pasaran.

Wong Jawa iki melebu ring Belambangan kawitane ring antarane tahun 1636 lan nyebar, uga ngadegaken desa-desa cara Jawa Mataraman dipandegani ambi Tumenggung Padureksa lan Raden Aria Wiriadiningrat zamane Sultan Agung Hanyakrakusuma ring Mataram. Nalika bangsa Landa njajah Belambangan lan ngadegaken kutha Banyuwangi taun 1774. Pemerintah kolonial Landa uga nekakaken wong-wong Jawa ring antarane tahun 1815an kanggo ngisi dhaerah Banyuwangi hang wis cumpleng ditinggal perang antarane tahun 1771-1800. Wong Jawa iki ditekakaken teka dhaerah Yogya, Surakarta, Blitar, Tulungagung, Ponorogo, Madiun, Kediri, lan Malang.

3. Wong Medura

Wong Medura iki manggon ring antarane pesisiran lan gunung-gunung uga ring perkebunan-perkebunan bekase Landa. Merga bengen wong-wong Medura ditekakaken kanggo megawe ring perkebunan lan ngolah tanahe wong Landa. Akeh-akehe wong Medura manggon ring kecamatan Kalibaru, Kecamatan Glenmore, lan pesisiran Muncar ambi Grajagan. Wong Medura iki kawitane teka ring Belambangan antarane tahun 1680an nalikane pejuwang Medura Pangeran Trunajaya diuber-uber ambi pasukan Landa lan Mataram jamane Sultan Amral Amangkurat II. 

Wong-wong Medura aju teka maning ring antarane tahun 1697 nalika pasukan Untung Surapati Bupati ring Pasuruan gugat kanggo ngerebut tahta Belambangan Macanputih hang sepantese yaiku Pangeran Mas Purba putune Prabu Tawangalun II lan anake Mas Patih Sasranagara, sampek pungkasane bisa dadi raja kawastanan Prabu Danureja.

Ahire nalika bangsa Landa wis bisa nguwasani Belambangan lan ngadegaken kutha Banyuwangi dibantu ambi wong-wong Medura tahun 1812 lan diweni panggon ring kampung Medura.

4. Wong Bali

Wong Bali iki bisa diarani dulur pareg merga mung kepisah ambi segara rupek selat Bali.

Wong-wong Bali iki wis ana ring Belambangan tahun 1635 nalika antarane wong Mengwi lan Belambangan padha-padha ngirim duta/utusan kanggo dhaerahe dhewek-dhewek.

Wong-wong Bali teka maning ring antarane tahun 1766, nalika Wong Agung Wilis ring Bali merga patine Prabu Danuningrat lan kekuwasaane diwakilaken nyang wali negara I Gusti Dewa Kabakaba lan I Gusti Ngurah Bajra Kuthabedha. Yaiki asale desa Lemahbang Dewo lan desa Kebalen, Rogojampi.

Diarani Lemahbang Dewo merga ring desa iki bengen ana puri kedhatone I Gusti Dewa Kabakaba ambi keluwargane. Kadhung desa Kebalen iki diuwah teka aran Ke-Balian ya bisa diarani Kampunge wong Bali tah gedigu.

Ring antarane tahun 1900an, wong-wong Bali teka ring Banyuwangi sak rombongane ring dhaerah Blimbingsari lan ngedegaken desa cara Bali hang sampek saiki diarani Desa Patoman. Ring kana lengkap ana gapura, pura Desa lan Pura Puseh, merajan, lan sanggah ana ring ngarepe umahe wong-wong Bali hang ring Patoman. Ring kana uga biyasah nganakaken adat lan tradhisine Hindu Bali kaya dene Nyepi, Galungan Kuningan, otonan, pitra manusa, metatah, piodalan lan liya-liyane.

5. Wong Melayu lan Wong Mandar

Wong Melayu lan Wong Mandar iki wis ana ring Banyuwangi kira-kira tahun 1736an nalika pelabuhan Ulupangpang dienggo pelabuhan internasional kerajaan Belambangan. Pelabuhan liyane mula ana ring Puger lan Panarukan tapi sing rame kaya dene ring Ulupangpang, merga ring Ulupangpang ana lurung Agung hang lurus ambi Kedhaton Manik Lingga Hamuncar, ibarate omong pelabuhan hang pareg ambi kutharaja.

Sebenere wong Malayu ring Banyuwangi mung urusan dagang, sing ana maning kejaba iku.

Tapi kadhung wong Mandar, iki wis mula ana ring Belambangan lan manggon ring dhaerah hang diarani Demong pareg Besuki ring tahun 1670an hang dipandhegani ambi Karaeng Galesong. Tahun 1760, wong-wong Mandar iki saya akeh lan manggon ring Bong Pakem lan arep nyerang Belambangan tapi sedurunge iku wis diberesi ambi Wong Agung Wilis lan Ranggasatata sampek pemimpine Karaeng Dono dadi kancane Wong Agung Wilis. Sakwise perang Wilis wong-wong Mandar iki dijaluki kesetiaane kanggo Bupati Banyuwangi lan diweni tanah hang saiki dadi Kampung Melayu lan Kampung Mandar.

6. Wong Bugis

Wong Bugis iki bida ambi wong Mandar masiya tah asale padha-padha teka pulau Sulawesi tapi adat lan budayane bisa diarani beda. Embuh temenan tah using jare tekane wong Bugis iki nalika pasukane Aru Palakka nguber-uber Karaeng Galesong hang ring Demong aju ana hang netep ring dhaerah Banyuwangi kutha, tambah suwi tambah akeh lan rame merga wong Bugis uga dhemen dagang ring pelabuhan Banyuwangi. Dadine sampek saiki ana kampung Bugis.

Yaiku mau dulur, kabeh sedulure dhewek hang manggon ring Kabupaten bucu wetan Banyuwangi, mula cocog kadhung Banyuwangi diarani "Gumelare Tamansari Nusantara".

Sing mung gadug kono bain, ring Banyuwangi uga ana bangsa-bangsa teka negara manca kaya dene Arab manggon ring Kampung, Cina ring Pecinan, Inggris ring Inggrisan, lan Landa ring Kulandan. Iki kabeh hang nggawe Banyuwangi dadi harmoni, werna maneka macem, rukun dadi siji kanggo mbangun desa, kutha lan negara.

Belambangan, 27 Sukra Pon wuku kurantil 1945 saka

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf