Banyuwangi Kutha Gedhang
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 April 2020 10:17 WIB)
- Laporan
Wong Banyuwangi seru pareke ambi gedhang (cara Latine: Musa sp). Sakat buru weruh enake gedhang goreng, paran bain hang digoreng ambi gelepung, diarani gedhang goreng. Ana dhanggoreng sabrang, dhanggoreng sawi, dhanggoreng sukun, dhanggoreng sabun (gedhang sale), lan hang teka tape diarani dhanggoreng tape.
Indonesia mula kesuwur minangka pusat asale gedhang. Ring Banyuwangi dhewek, sakat bengen gedhang wis biyasah ditandur ring masyarakat Banyuwangi, nong latar, kebonan, pinggir dalan, nong perengan lan pinggir banyu. Penelitian ring telung Kabupaten, Banyuwangi, Jember, lan Lumajang, nduduhaken gok ana 49 macem ring telung panggonan iku teka kira-kira 1000 maceme gedhang hang ana ring donya.
Mula panggonane, ekologine Banyuwangi seru cocoge kanggo woh-wohan hang akeh ngandhung potassium, serta, vitamin A lan zat besi iki. Koleksi pisang ring Kebonan Plasma Nutfah Pisang ring Giwangan, Yogyakarta, nduduhaken gok Banyuwangi iku mula sugih ring maceme gedhang. Masiya durung kabeh dicathet, Banyuwangi nyumbang 21 macem gedhang ring antarane 346 koleksine Kebun Plasma Nutfah iku.
Bibit hang ana ring Kebun Plasma Nutfah iku yaiku gedhang Berlin (dijuwut teka Tanjung, Giri), Blambangan (Grogol, Giri), Canthel (Grogol, Giri), Celekat Gedhi (Grogol, Giri), Celekat Cilik (Grogol, Giri), Embuk Putih (Pesucen, Giri), Gandul (Pesucen, Giri), Gelondong (Tanjung, Giri), Kates (Pesucen, Giri), Kayu Cengkrek (Grogol, Giri), Kayu Cokol (Grogol, Giri), Keladi (Pesucen, Giri), Kelopak (Tanjung, Giri), Lempeneng (Grogol, Giri), Masa Allah (Pesucen, Giri), Pinang (Pesucen, Giri), Raja Kisto (Tanjung, Giri), Raja Madu (Tanjung, Giri), Sampurna (Pesucen, Giri), Saba Kapuk (Giri), Sri Nyonya (Tanjung, Giri), Usuk Medura (tanjung, Giri).
Hing maido, merga ndeleng panggonane hang subur lan minangka pelabuhan hang parek teka Ostrali, ana wong Landa hang ndeleng kesempatan iki. Strungking edisi Juli 2013 nulis ana wong Landa ndeleng kesempatan iki taping hang ditandur rakyat Belambangan dudu gedhang hang digoleti ring Ostrali kana. Aju iyane nekakaken 18.000 bibit gedhang Ambon teka Buitenzorg (Bogor), lan magi bibite iku nang masyarakat makene ditandur. Sisane iyane nandur dhewek ring kebonan hang werane limang bahu kanggo jaga-jaga.
Asil tandur rame-rame ring masyarakat iku taun 1913-1914 ngasilaken 187.807 curung gedhang hang aju diekspor liwat pelabuhan Banyuwangi. Setaun sakwise, ana 41.807 curung gedhang hang dikirim nyang Surabaya.
Sakat iku Banyuwangi dikenal kelawan aran “Kota Pisang.” Taping sakat pendudukan Jepang sedurunge Indonesia merdheka, ekspor nyang Ostrali iki mandheg. Paran maning taun 1990an Banyuwangi tau diserang virus hang mateni akeh wit gedhang.
Taping semangate wong-wong nandur gedhang hing tau kingslep. Kadhung ndeleng datane Dinas Peternakan lan Pertanian Banyuwangi, sakat taun 2013 werane kebonan hang dienggo nandur gedhang ana 3.693 hektar, munggah terus sampek 9.105 hektar ring taun 2019, lan produksine rata-rata 225 kintal sak hektare.
Ndeleng kahanan Banyuwangi hang mula cocog kanggo nandur gedhang nggawe ngilur perusahaan hang arep nandur gedhang cavendish yaiku jenis gedhang hang payu diedol nong pasar negara manca.
Ulan Maret sore, Asisten Deputi Agribisnis Kemenko Perekonomian, Yuli Sri Wilanti nekani bupati sak perlu ngejak pemda kanggo nandur gedhang cavendish mau. Iyane wis nggandheng perusahaan swasta hang engko nuku gedhang hang arep diekspor mau.
Muga-muga Banyuwangi balik maning dadi kutha gedhang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Strungking edisi Juli 2013, Kebun Plasma Nutfah Pisang Yogyakarta
Editor: Moh. Syaiful







