Banyuwangi Ngawiti Pertunjukan ring Mangsa Normal Anyaran
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 22 Juni 2020 07:56 WIB)
- Laporan
Kelawan tekad kepingin mbalekaken ubete wisata ring Banyuwangi hang sesehan keneng pageblug, Banyuwangi wis ngawiti pertunjukan kesenian tepak ana acara ngelungaken tali asih nyang seniman ring De Djawatan Benculuk.
"Hang mesthi dadi wigatine awak dhewek gok paradigma pariwisata Banyuwangi saiki iku pariwisata hang sehat lan aman," gedigu jare Bupati Abdullah Azwar Anas.
Umpamane para seniman hang manggung kudu mastekaken gok awake seger lan njaga jarak lan interaksine ambi penonton ring mangsa Normal Anyaran iki, jare Anas.
Acara ring de Djawatan iku nampilaken tari-tarian teka Sanggar Tari Gandrung Arum hang sak kabehe panjak lan penarine wis nganggo tongkos (masker).
Merga ana pageblug, sakat Maret kepungkur pariwisata lan tontonan kesenian mandheg hang nggawe para seniman lan pelaku wisata liyane hing bisa golet pangan.
Pemda Banyuwangi aju nyerahaken bantuwan kanggo 900 wong kanggo pelaku wisata lan kesenian hang keneng dampak.
Acara hang diusulaken ring Dinas Kebudayaan dan Pariwisata iku minangka wujud tekad mbukak maning pariwisata nganggo aturan protokol Korona. Masiya kesenian wis bisa tampil naming hing ngundang penonton umum, hang nekani mung wong hang nerima hadhiyah, wakil pemda, pengurus Dewan Kesenian Blambangan lan tokoh masyarakat liyane hang lungguhe wis ditata rada misah-misah.
Jare Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Taufiq Hidayat sakteruse pertunjukan ya arep digelar ring Gesibu Banyuwangi.
"Hang arep diundang yaiku artis penyanyi, MC, pemain musik band lan liya-liyane," jare pensiunan dokter hang kerep diceluk Kang Opik iki.
Lan akehe penonton diwatesi merga mesthi miloni protokol kesehatan.
Sakat awal ulan Juni rong minggu lawase, pemda Banyuwangi wis ngewani sertipikat nang pirangane hotel, restoran lan destinasi minangka persiapan mbukak jasa pariwisata ring mangsa pageblug iki. Kabeh pelaku wisata hang ulih sertipikat iku kudu miloni sarat-sarat hang wis ditetepaken ambi Gugus Tugas Covid-19, kelendi carane mbukak jasa pariwisata hang sehat. Umpamane saben hotel, restoran lan destinasi kudu nyediani panggonan wisuh, kabeh hang megawe lan dhayohe nganggo topong, saben tamu diperiksa panas awake, nata kursine arang-arang, saben-saben nyemprot disinfektan, lan kanggone restoran nduwe pemanas kanggo piring.
Kelawan cara gedigi, dikarepaken masiya ana pageblug, pariwisata hang nguripi ewonan wong iki magih bisa melaku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.










