Barong Banyuwangi (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 31 Mei 2024 08:52 WIB)
- Opini
Barong Banyuwangi (Bagiyan 1 teka 2)
Ditulis ring Moh. Syaiful
Durung jelas kapan anane kawitan kesenian Barong ring Banyuwangi. Dhung nurut Pak Pi’i noring tulisane Hasan Basri kauwot ring buku Nggesahaken Seni lan Sastra Banyuwangi (2014), Pak Pi’i Merawat Barong Merawat Kemiren, dijelasaken dhung Pak Pi’i ulih warisan Barong hang saiki teka bapake hang aran Pak Tompo. Semono uga Pak Tompo ulih warisan baronge teka bapake hang aran Mbah Saminah. Teka kene keneng dhung diitung wis ana telung turunan wong Kemiren duwe barong. Kadhung telung turunan digawe rata seket taunan bisa dimupakati satus seket taun kepungkur ring Kemiren wis ana barong. Mesthine kadhung diantaraken ring taun Masehi kira-kira wis ana ring tahun 1866.
Pancen sing salah dhung wong Kemiren uga wong Banyuwangi iku seru dhemene nyang barong. Dhemene saya seru ring dina-dina iki. Saben ana wong duwe gawe utawa iwuh paceke saiki padha ngundang barong. Kesenian barong saiki mangkat rame maning. Umpamane bain Barong Kumbo teka Banje Rogojampi, saben ulane emeh kundangan lebih ping pitu. Iku wis kelebu rame arane. Keneng disukuri kadhung wong saiki magih bisa dhemen nyang kesenian tradhisional kaya barong iki.
Kawitane barong iku sing dienggo hiburan kaya saiki iki. Bengen anane barong dienggo sarat utawa pelambang ring ritual desa lan kampung. Umpamane adat Bersih Desa, Tolak Balak, lan liya-liyane. Mula iku sing dimohali kadhung kesenian Barong wis ana sakat bengene.
Seni Kedhok (Topeng)
Kesenian Barong wujude kaya kesenian kedhok (topeng). Hang umum ring masarakat dhung seni kedhok (topeng) iku seni rupa hang ningguli peraenan. Naming dhung barong iku hang ditingguli sing mung peraenan bain naming sak kabehe awak. Kabeh awak sakat teka endhas sampek sikil ditingguli.
Kedhok (topeng) iku seni hang asale teka nirokaken paran hang ana ring alam donya iki. Umpamane kedhok hang niru rupane kewan, rupane menungsa, ana uga hang niru rupane hang ana ring alam liyan. Kedhok (topeng) jim, setan gandaruwo lan kewan hang ana ring alam liyan iku uga bisa ditirukaken dienggo gawe kedhok.
Ring sejarah kesenian, wujud kesenian hang nirokaken barang liyan mula salah sijine arupa kesenian hang wis ana sakat kuna-makuna. Ring istilah seni iki aran seni imitasi (tiruan). Barong iku imitasine (tiruane) bangsane kewan hang duwe kekuwatan hang ngelebihi kekuwatane menungsa.
Tamatena bain wujude raine, raine berahi nganggo kelir hang cemeng mblenges apik tapi setengah medeni. Matane mendelik mencorong abang, rambute jibros cemeng, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang. Ring ndhuwur endhase ana makuthane, kelire maneka werna. Ana abang, putih, ijo lan kuning, ditambahi maning cemeng lan pradha (brom emas) ndadekaken barong tambah sagah lan medeni. Sing dijugedaken bain medeni, paran maning kadhung dijugedaken. Aju jugedane jimprak-jimprak kaya arep nguber. Iki ndadekaken barong bisa dadi tontonan hang ndhemenaken masarakat awam. Sing luput ya lare-lare cilik masiya iyane padha wedi naming saktemene ya dhemen. Sing salah kadhung ring jaman saiki akeh memengan hang wujude barong diedol ring pasar-pasar kanggo memengane lare-lare cilik.
Mitos Barong Sumur
Ring jaman bengen Barong hang paling kalok anane mesthi bain barong Singojuruh lan Barong Sumur. Sampek-sampek ana gendhing hang aran “Gendhing Barong Sumur”. Gendhing hang milu nggedhekaken aran Barong teka desa Sumur ring pareke Songgon. Gendhinge kira-kira gedigi:
Barong Sumur iku tariane
para menungsa hang akeh gudhane
Gudha gedhe akeh belahine
Gudha cilik munggah derajate
Para santri ayo kerja bakti
Megaweya hang padha ngerteni
Mbangun negarane hang sampurna
Uga agamane hang utama
Kadhung nurut ceritane wong-wong hang ana ring dhaerah kono mula bengen Barong iku asale teka Alas Jajangan pareke Songgon. Kira-kira gedigi ceritane:
Ring jaman bengen jaman pemerintahane Prabu Airlangga, telatah Belambangan digegeraken ambi ontran-ontran ring alas Jajangan. Masarakat Belambangan hang duwe pegaweyan melebu alas sak perlu ngundhuh jajang kanggo keperluan saben dinane padha sing ana hang bisa balik maning nyang umahe. Alas jajang iki saiki tambah wingit merga sapa bain hang wani melebu alas Jajangan bakal mati ilang sing karu-karuwan pecake.
Kabeh masarakat ring sak ubengane alas Jajangan mau padha ubred nggesahaken kedadeyan iku. Sing luput gesahane masarakat mau rungu gadug nyang Nyai Genitri yaiku Biksuni hang ayu lan sakti. Sakteruse Nyai genitri rumangsa sekaken nyang masarakate hang sing bisa megawe melebu nyang alas. Mula iku Nyai genitri melebu nyang Alas Jajangan ambi masarakat sak perlu nggoleti paran hang dadi sebabe iku mau.
Ring njero alas Nyai Genitri nemoni pecake sikile singa hang gedhe. Nyai Genitri aju semedi njaluk nyang Pengeran makene diweruhi sikile kewan paran saktemene iku. Sakmareke semedi Nyai Genitri diduduhaken panggonan hang dienggo sengidan bangsane kewan singa hang gedhe mau. Panggonan kewan siluman mau nyatane ana ring barongan jajang nggerowong sampek wujude kaya sumur. Weruh ana barongan hang wujude kaya sumur mau Nyai Genitri melebu merono. Ring kana akeh belung pecake menungsa uga akeh pecake pathake menungsa hang wis sing ana daginge. Sing serantan Nyai Genitri ngetokaken suwarane dilebokaken nyang sumur gerowongan mau. Suwarane hang kaya geludhuk ndadekaken sapa bain sing kuwat nahan paran maning hang ana ring gerowongan sumur. Sing suwe pira kewan siluman mau metu teka panggonane sengidan. Kewan mau wujude kaya singa nganggo jamang, siyunge dawa lan rambute gimbal medeni, matane mendelik sampek kaya nak metu. Kewan mau sing nerimakaken merga panggonan sengidane wis djamah menungsa. Kewan siluman ngamuk nguber nyandhak Nyai Genitiri. Naming Nyai Genitri bisa ales aju mbales kelawan ilmune hang sakti. Wong keloron tarung nana hang menang lan nana hang kalah, sampek panggonan hang sak maune alas jajang dadi tegalan merga diiles-iles Nyai Genitri tarung.
Pungkase cerita. Nyai Genitri nyekel tekene hang wujud kayu. Kayu mau aju disampataken nyang kewan Singa siluman mau. Sing kathik mbales, singa mau mberik melung ngerasakaken larane. Sikile saiki sing keneng dilakokaken, lumpuh, saiki mung kari suwarane bain hang mbaung sambat ngakoni kalah nyang Nyai genitri. Singa mau aju ngaku kalah lan gelem netepi sumpah arep ngabdi nyang Nyai Genitri. serta barong mau wis kalah rakyat Belambangan hang padha ndeleng tarunge mau padha nyekel penthongan lan tempalan ngetutaken Lakune Barong lan Nyai Genitri nyang padhepokane Nyai Genitri. Wujude Singa hang manggon ring Barongan alas Jajangan mau sakteruse diarani Barong Sumur merga asale manggon ana ring Barongan sumur njero alas Jajangan. Saiki pangonan iku kabeh magih ana lan dadi tetengere panggonan saiki. Kayata jajangan hang ana ring kidule Songgon. Uga Sumur hang ana ring pareke dhaerah Songgon. Sakat iku barongan diarak lan ditabuhi ring acara-acara adat lan ritual hang ana ring Banyuwangi.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Antariksawan Jusuf