Barong Banyuwangi (Bagiyan 2, Pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Juni 2024 09:06 WIB)
- Opini
-75588.jpg)
Barong Banyuwangi (Bagiyan 2, pungkas)
Ditulis ring Moh. Syaiful
Mitos Barong Jakripah
Ana uga cerita mitos liya bab barong hang ana ring desa Kemiren hang diarani Barong-Jakripah. Ceritane ring alas gung lewang-lewung ana kewan Singa Barong hang sakti. Jakripah wong wadon hang sakti bisa nyaruki Singa Barong. Wong jakloron aju perang tandhing adu kesakten naming sing ana hang menang lan sing ana hang kalah. Serehne sing ana hang bisa ngalahaken, wong jakloron aju mupakatan rukun lan dadi sak kancaan. Sakteruse Singa barong dadi rawatane Jakripah. Ring endi ana Jakripah ring kono uga ana Singa Barong. Sak wayah-wayah Jakripah nembang Singa Barong milu njuged ring iringane Jakripah.
Ring panggonan liya Paman Iris hang pegaweyane nggawe gula aren rada bangkel merga banyu arene ring ndhuwuran sing tau ana isine. Paman Iris kerasa gok ana kewan hang nyolong banyu arene. Paman Iris aju meleng jontrot ring ndhuwuran wit welirange. Sing suwe pira ana kewan kupu hang kejontrot. Serta dicandhak wujud kupu mau dadi wujud Barong rawatane Jakripah.
Jakripah hang rumangsa kelangan rawatane aju bingung nggoleti baronge, naming sing ana ketemu. Mula iku Jakripah nggawe sayembara, sapa wonge hang bisa nemokaken Baronge kadhung lanang arep didadekaken lakine. Paman Iris hang nemokaken Singa barong aju nagih janji nyang Jakripah. Naming Jakripah sulaya, sing gelem dirabi Iris. Paman Iris ngamuk aju perang ambi Jakripah. Jakripah bisa menang ngelawan Paman Iris. Sedurunge mati Paman Iris ngomong kadhung atine saiki wis dicantholaken nyang atine Jakripah lan ragane saiki wis didadekena siji nyang baronge. Kadhung wis gediki masiya Paman Iris wis sing ana maning wujude ring donya naming magih bisa terus gendheng runtung ambi Jakripah.
Filosofine Barong
Barong iku dudu kanggo nggambaraken menungsa, naming nggambaraken kewan utawa mahluk teka alam alus. Iki dudu arep muja lan nyembah bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alus. Alam kasar iku alam kang katon mata, kayata menungsa, kewan, tanduran uga paran bain barang hang katon ring mata menungsa. Dene alam alus yaiku alam kang sing katon mata. Umpamane jim, setan lan mahluk gaib liyane.
Menungsa uga gedigu. Duwe jasad kasar lan jasad alus. Jasad kasar iku rupa tangan, sikil lan sepiturute, lan kang aran jasad alus iku roh. Seteruse ring alam iki ana alam cilik lan alam gedhe. Alam cilik iku menungsa lan alam gedhe iku jagad. Dadi alam kasar lan alam alus, jasad kasar lan jasad alus, alam cilik lan alam gedhe iku setemene nyawiji dadi siji. Mula iku wong bengen nganggep penting ngerumat larase (harmoni) rong alam kang beda mau. Wujude, antarane nganggo kesenian barong.
Sing salah kadhung barong Banyuwangi beda ambi barong Bali. Barong Banyuwangi gambaraken larase urip ring donya. Bedane hang paling nyata yaiku anane seriwi. Seriwine barong dienggo gambaraken hubungan antarane menungsa nyang Pengeran yaiku Gusti hang nggawe alam donya lan alam langit. Mula iku nggambaraken sak ahir-ahire menungsa iku bakal balik mendhuwur nganggo seriwi nyang Pengeran hang manggon ana ring keraton langit. Kadhung awak, sikil, endhas lan liyan-liyane enggo gambaraken hubungane menungsa nyang mahluk liyane.
Macem-maceme Barong
- Barong Ngeraina lan Barong Mbengi
Kesenian barong ring Banyuwangi ana rong macem. Ana barong kanggo ngarak lan barong kanggo dipentasaken kang ana lakone. Dulur Kemiren lan saubenge ngarani barong kanggo ngarak iku “Barong Ngeraina” polae biyasahe dienggo ngarak penganten utawa lare sunat iku wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘Barong Bengi’ polae biyasahe dimainaken wayah bengi sakmarine isak kira-kira jam wolu sampek jam sangaan.
Barong ngeraina, akeh-akehe wong wis pating weruh, kadhung barong bengi arang kang weruh lan ngerti polae kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah elor kulon. Persise ring desa-desa saubenge Kemiren Kecamatan Glagah. Barong bengi nganggo kubung, naming sing kathik genjot polae ring ahir pentas wayah jam 3 isuk, ana macan-macanan kang ndadi. Kang apik maning ring kesenian barong iki antarane penonton lan pemain bisa omong-omongan. Pemain dadi penonton penonton uga dadi pemain kaya teater-teater tradhisional liyane.
Kesenian iki duwe ciri has kang sing ana ring kesenian liyane yaiku bab sesambungane kang raket ambi leluhur pepundhen desa. Kerana sesambungan kang raket iku wis dadi yakine, angger arep tanggapan sing wani ninggal pamitan nyang Buyut. Malah kanggo dulur-dulur Kemiren, nguri-uri kesenian barong iku dudu mung kanggo nggolet picis, naming wujud tanggung jawab njaga keselametane desa. Njaga timbange alam kasar lan alam alus, alam lair lan batin.
Kerana niyate ngerumat barong iku wujud sesambungane nyang leluhur pepundhen desa, mula antara grup siji lan liyane sing tau ana kedadeyan tukar, jugil-jugilan, bangkel, paran maning duwe karep ngebes grup liyane. kang kedaden umume padha tulung-tinulung nyang grup liyane. Mula setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuwan kang lebih dhuwur lan luhur.
- Barong Prejeng lan Barong Cokot
Barong Prejeng iki bisa diarani barong Banyuwangi aseli. Ana rong bagiyan penting kanggone barong Prejeng, hang nomer siji endhas lan hang nomer loro awak. Endhase barong Prejeng arupa kewan antarane singa lan bantheng (kebo). Mula iku endhase barong Prejeng rada pesagi moncong mengarep. Beda ambi barong Bali hang lebih parek nyang rupane singa utawa macan, sing moncong naming bunder. Ring endhase ana irah-irahan cilik hang wujude kembang merambat. Kupinge mangklang kincup mburi sing beda ambi kupinge bantheng (kebo). Endhase Barong bisa dimangapaken lan dimingkemaken merga ring mburine cangkem ana engsele. Kelire barong Prejeng dhasare cemeng lan abang ring cangkeme. Siyung putih mata abang mendelik. Barong Prejeng duwe sungu cilik ring endhase pareke kuping, iki ngengetaken kadhung barong Prejeng wujude kewan antarane singa (macan) lan bantheng (kebo). Berengose mangklang dawa rambute jibros cemeng.
Awake barong Prejeng setengah tabung digawe teka gedheg hang dikepang. Mari gedigu ring ndhuwure awake ana kuluk hang rupane kuluk makutha rama. Kuluk hang biyasah dienggo Menak Jingga. Ring kiwa tengene ana rong pasang seriwi hang rupa seriwine kaya seriwine merak. Rong pasang seriwi iki hang ndadekaken barong Prejeng barong has Banyuwangi. Teka ngisore awake bolong panggonane hang njugedaken mapakaken awake. Hang njugedaken barong Prejeng iki ya mung wong siji, mula iku jugedane barong Banyuwangi lebih kesit lan atraktif.
Kadhung barong Cokot yaiku barong hang endhase dicokot ring hang njugedaken. Barong iki digawe rada entheng merga tangane hang njugedaken bisa metu teka awake. Rupane barong Cokot sing beda adoh ambi barong Prejeng naming rada digawe cilik makene sing kariya abot.
Endhase barong Cokot ya mung ditahan ring untune hang njuged. Mula iku barong iki diarani barong Cokot. Awake barong Cokot mung rupa kelambi utawane kain hang dienggo nutupi awake penari. Kerana barong iki sing nduwe awake atraksine bisa sak karepe bisa uga sampek jungkel walik lan salto-salto.
Tabuh lan Jugete Barong
Kadhung ana barong mesthi bain ana jugedane. Arane bain kesenian Barong, mesthi bain kudu bisa dijugedaken makene bisa nggawe dhemen nyang hang nyawang. Jugedane barong iki biyasahe diarani sampak. Yaiku jugetan langkah nyiji lan ring perapatane kadhung wis diweni kode kendhang aju nyirig ngiwa nengen lan dipungkasi ambi sak unyengan aju nyedhit njinjit. Mari gedigu melaku nyiji maning ambi kedrangan awake.
Gendhinge yaiku gendhing Barongan petang perapatan nganggo gong lan kempul. Tempalan kethuk hang dadi cirine tabuhan barong sing sampek ditinggalaken. Kendhang Banyuwangi yaiku kendhang keplak hang dileboni tempal kendhang jong (kendhang kayu) dadi kemrungsunge tabuhan iki. Ada-adane kendhang nganggo ada-ada kreasi kendhangan Bayuwangi. Tabuh barong kidulan beda ambi Barong Banyuwangi eloran. Tabuhan kecrek ring tabuhan Barong nambahi kemrincinge lakune barong. Iki dikarepaken makene bisa nambahi rame maning. Merga suwarane kecrek hang digawe teka wesi utawane kuningan kadhung ring arak-arakan mula bisa anter lan kemeratak teka kadohan.
Kadhung tabuhane sing beda ambi tabuhan barong liyane. Tabuhan barong antarane nganggo gong, ketuk papat, kendhang, lan kecrek. Naming kadhung tabuhane Naga Barong kecrek diganti ambi terbang. Jangkepe tabuhane Naga Barong ring ngisor iki.
NO |
ARANE TABUHAN |
JANGKEPE |
PEMAIN |
1. |
Pantus sepuluh wilah Saron utawa Slenthem wilahan wesi laras slendro |
|
1 uwong |
2 |
Kethuk |
4 |
2 uwong |
3 |
Kempul |
1 |
1 uwong |
4 |
Gong |
1 |
1 uwong |
5. |
Kendhang keplak |
1 |
1 uwong |
6. |
Kendhang jong |
1 |
1 uwong |
7. |
Kecrek |
1 |
1 uwong Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan. Sumber : Moh. Syaiful Editor: Hani Z. NoorArtikel OpiniArtikel Lain |