Barong Family, Panggon Kumpule Lare Enom Ngelestarekaken Barong Banyuwangi

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 04 Maret 2020 07:32 WIB)
- Laporan



Ana kumpulane lare-lare enom arane Komunitas Barong Banyuwangi Family (BFB), yaiku isine lare-lare enom hang seneng nyang tontonan Barong Banyuwangi. Jare Ketua BFB, Linggar Barlianta (27 taun), kesenian Barong Banyuwangi pancen kurang disenengi ambi lare-lare enom.

Linggar sak kanca pancen seneng nonton Barong Banyuwangi, angger ana wong ewuh utawa acara bain hang ngundang Barong. Wayah sak mono ana lare 5 sak kancaan, kerep bareng nonton Barong ring endi bain ana keramean. Aju iyane gawe Group ring media sosial kanggo nguweni weruh, kadhung arep ana tontonan barong dina lan panggonane.

“Teka kanca 5 hang terima ndeleng Barong mau, aju tambah akeh sampek 30 uwong. Mareka iku, kanca-kanca mau karep nggawe komunitas kanggo ngajak nyenengi nyang kesenian warisan embah buyut ring Banyuwangi. Aju dipiliah aran Komunitas Barong Family Banyuwangi, utawa dicendhekaken BFB tanggal 26 Nopember 2016”, ujare Linggar.

Liwat BFB, Linggar lan kanca-kancane sing terima ndeleng tontonan Barong, naming mulai ngenalaken nyang masyarakat umum liwat dokumentasi potrek lan video. Asile dokumentasi mau aju diedum nyang Facebook, Instagram lan Youtube. Sambutan wong njaba seru senenge, paran maning angger seminggu iku ana tanggapan Barong sampek ping telu.

.”Kadhung pas ulan-ulan akeh wong nikah lan sunatan, persasat saben dina ring kawasan Banyuwangi, Kecamatan Glagah, Kecamatan Licin mesti ana hang nanggap Barong. Kanggone wong Using, Barong iku duduk mung kesenian biasa. Malah ana hang nganggep sakral, mangkane kerep dienggo jangkepi tradhisi bersih desa kanggo ngusir roh-roh jahat. Kaya ring tradhisi Ider Bumi Kemiren lan arak-arakan Kebo-keboan Alasmalang Singojuruh, uga Keboan Aliyan Rogojampi”, tambahe Linggar.

“Liwat dokumentasi hang disebar nyang medsos mau, BFB kepingin nguwah angenan lare enom saiki, kadhung ndeleng Barong iku sing ndesa utawa ketinggalan jaman. Sing perlu isin, merga Barong iku tinggalane embah buyut bengen lan nyimpen kearifan lokal. Endane isin, kadhung weruh lan ngerti sejati Barong iku”, jare Linggar maning.

Anggota BFB saiki ana 35 lebih, umure antara 23 sampek 35 taun. Saiki BFB wis duwe Sanggar Barong dhewek, supaya bisa dadi pelaku kesenian Barong. Pancen anggota BFB wis duwe dhewek alat-alat kanggo ndukung kesenian Barong, malah akeh hang bisa dadi pelaku kesenian Barong. Alat-alat mau, Barong sak perlengkapane ulihe tuku anggota dhewek.

“Merga kerep mecungul nyang medsos, malah wis dadi pelaku Kesenian Barong. Tanggal 9 April 2018, BFB diundang nyang Yogyakarta ring acara “Mahakarya Bumi Belambangan” hang dianaken ambi Keluarga Pelajar Mahasiswa Banyuwangi (KPMB) Yogyakarta. BFB husus dikongkon nggawakaken tarian Barong Prejeng lan Macan-Macanan. Alhmadulillah hang ngundang lan masyarakat Yogyakarta seneng seru, ambi penampilan BFB”, pungkas Linggar.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hasan Sentot