Barong Ider Bumi Kemiren ring Mangsa Pandemi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 18 Mei 2021 09:05 WIB)
- Laporan



Selametan desa Barong Ider Bumi ring taun iki dianakaken ring desa Kemiren Kecamatan Glagah Kabupaten Banyuwangi ring dina kapindho ulan Syawal iki utawa bebarengan ambi dina Jemuwah tanggal 15 mei 2021.

Beda ambi sakdurunge ana pandemi covid-19 taun iki dianakaken nganggo protokol kesehatan hang seru temenan. Arak-arakan ngubengi kampung diwatesi akehe hang milu ana ring dalan-dalan. Hang arak-arakan Barong diwatesi wong 30 bain yaiku petugas adat sembur uthik-uthik akehe mung wong 2, barong lan sakperangkate mung wong 18, 4 petugas keamanan lan 6 uwong petugas satgas covid hang nyemprot dalan-dalan hang diliwati arak-arakan. Sakliyane ana petugas media massa lan wartawan uga para youtuber hang nyiyaraken live streaming.

Slamet Hariyanto utawa Kang Momo salah sijine perwakilan teka Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Banyuwangi nyatakaken dhung ritual Barong Ider Bumi iki wis apik merga masyarakat desa adat Kemiren wis nyaguhi pelaksanaane tetep nganggo protokol kesehatan. Iki salah sijine cara makene kabeh-kabehe bisa dilaksanakaken kanti bener. Sing maksa anggone kaya sakdurunge ana pandemi Covid-19 ambyak-ambyakan wong sakkampung kabeh milu.

Kang Momo uga nerangaken kadhung masarakat tetep ana ring njero umahe sing milu arak-arakan kaya biyasahe. Wong kampung selametan dhewek ana ring njero umahe sing milu kabeh arak-arakan. Masiya diwatesi ring akehe peserta kanggo nyegah klaster anyar pandemi covid-19 naming sing ngurangi makna anane ritual bersih desa kanggo nulak balak lan bersih desa anggone wong desa Kemiren.

Sakliyane wong perwakilan teka DKB Banyuwangi katon uga wong teka perwakilan Dinas kebudayaan lan Pariwisata Banyuwangi mung siji-loro hang mbaur ana ring tengah-tengahe media massa lan wartawan hang ngeliput lan ndokumentasi ritual adat hang anane mung setaun sepisan ring ulan Syawal iki.

Ritual dikawiti mangkat wayah mari Ashar utawa kira-kira jam 15.00 WIB. Teka nyekar ring makam Buyut Cili sakteruse arak-arakan barong lan sembur uthik-uthik keliling kampung ring kabeh dalan-dalan ring desa adat Kemiren iki.

Muga-muga bain kelawan adat bersih desa Barong ider bumi iki bisa nguwalaken wabah pandemi Covid-19 hang ana ring desa kemiren khususe Banyuwangi lan negara Indonesia iki umume gediku masyarakat desa Kemiren nduweni kekarepan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Hani Z. Noor