Basa Bali ring Keraton Belambangan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 07 Maret 2025 08:23 WIB)
- Opini

Masiya ruwahe Pak Hasan Ali hang nyusun Kamus Using-Indonesia ngomong gok Basa Bali hing duwe pengaruh hang jeru nang Basa Using, naming magih katon ana sisane. Sampek saiki hang seru katone yaiku ucap Using hang dienggo sebutan nyang wong hang nganggo basa iku lan basane.
Doktor Suparman Heru Santosa ring disertasine "Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi" uga nulis gok istilah /using/ disilih teka basa Bali /tusing/.
Masiya sarjana Landa buru nyathet istilah /using/ taun 1920an, naming isun yakin istilah iki wis dienggo sedurunge. Umpamane ring njero keraton Belambangan.
Mergane, hubungan Bali lan Belambangan iki dudu sapa njajah sapa naming hubungan seduluran. Emake Wong Agung Wilis iku wong Bali. Bapake Wilis, Prabu Danuningrat (1736-1763) rabine wong Bali sampek iyane diwani gelar teka Bali yaiku Pangeran Menak Jingga.
Hang seru katon kewela-welane, paran hang ditulis ring Babad Tawangalun (disusun kira-kira 1827/1828).
Ring pupuh Pangkur, diceritakaken rombongan Tawangalun seba nang kerajaan Mataram. Iyane dikancani anake papat: Pangeran Adipati Macan Pura, Pangeran Patih Sasranegara, Gajah Binarong lan Kertanegara.
Ana pitung arya, pemimpin perang, yaiku Jaganagara, Jagapralaya, Arya Blater (mertuwane Tawangalun), Macan Guguh, Bunut, Kedhut, lan Purus.
Sakliyane iku ana gurune Tawangalun, Wangsakarya, lan 500 wong tukang nggawa barang.
Marek diterima Raja Mataram, kabeh lungguh ring paseban. Aju gurune Sunan Mataram, Pangeran Kadilangu, golet mala. Iyane ngomong gok iyane ngelak lan nyilih kerise Wangsakarya.
Marek nerima kerise, Kadilangu nyekel kerise Wangsakarya hang aran Si Gagak kaya nyekel kendhi. Saknalika, keris mau dadi banyu lan diombe.
Wangsakarya kerasa isin, njaluk idin nang Sunan dienggo mbales kelakuwane Kadilangu.
Marek diidini, Wangsakarya keplok nyeluk keris hang dadi banyu mau lan melebu ring wetenge Kadlangu.
Kerise metu teka dhadhane Kadilangu uwah mbalik maning arupa keris lan didudut ambi Wangsakarya. Kadilangu nemoni pesthine.
Wangsakarya arep ditahan, taping rombongan Tawangalun sing terima, ngamuk lan sesumbar nganggo basa Bali.
eh mukejang jalmane mutaram
mai ayu deduken mami
icong sing adhok takut
misi pra bupatinya
icong mati pusun-pusun bapa sampun
ing samengko jenengira
sunan ing macan putih
Alihbasa bebase:
hei wong mataram kabeh
meriniya ayuk lawanen isun
isun sing wedi
masiya ambi para bupatine
isun mati hing paran-paran
bapak wis dadi sunan
ring macan putih
Dadi kayane basa hang dienggo ring njero keraton jamane Prabu Tawangalun iku basa Bali. Endi ana wong sesumbar, celathu nganggo basa hang hing metu teka njero atine, basa hang dienggo saben dinane?
Masiya tawis hang nyisa teka basa Bali iki kari sithik.
Umpamane:
Using - Bali - Jawa
bojog - bojog - kethek
using - tusing - enggak
parek - paak - cedhak
semat - semat - biting
belog - belog - bodho
belungking - belungking - semangka
dhawuk - dhawuk - kelawu
Ambekana sithik, istilah Using saiki dadi sebutan kanggo wong lan basane. Merga wong Jawa ngamet gampange, ngarani wong Jawa liyane teka ucap hang kanggone iyane nganeh-anehi. Hang beda ambi basa Jawa.
Dadi kasebut ana Jawa Ngapak ring Tegal lan sak ubengane, Jawa Arek kanggo basane wong Jawa ring sak bagiyan wilayah Jawa Timur, Jawa Orek (orek - e kaya gemet - artine ora utawa sing) ring dhaerah Serang, Banten. Semono uga Wong Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.