Basa Indramayu lan Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 10 September 2020 06:34 WIB)
- Resensi



Kadhung ndeleng adohe nganggo ukuran wilayah geografi lan basane, Indramayu ana ring Jawa Barat lan Banyuwangi ana ring pucuk wetan Jawa Timur, artine diselat sak propinsi  lan sak pirang-pirang wilayah basa: Medura, Jawa dialek Surabaya, Mataraman, sampek Banyumasan lan Cirebon. Taping cumpune basa Indramayu lan basa Using akeh ucap-ucap hang padha.

Ring buku Bahasa Jawa Indramayu hang ditulis ambi pegiyat budaya Indramayu Supali Kasim (Rumah Pustaka, Jun 2020) akeh ucap hang persis padha. Mula karo-karone odode teka basa Jawa kuna jaman pertengahan.

Kadhung nganggo ukuran instrumen hang biyasah dienggo penelitian basa yaiku 200 ucap Morris Swadesh, mung ana 37 ucap hang beda antarane 200 ucap ring basa Indramayu lan basa Using (18.5 persen). Angka iki lebih sithik timbang angka 30 persen tepak dibandhingaken basa Using ambi basa Jawa kaya ring penelitian Dialektologi Basa Using hang ana ring skripsine lare Universitas Indonesia taun 2015, Satwiko, hang saiki megawe ring Badan Bahasa pusat. Dadi basa Using lebih akeh padhane nong basa Indramayu timbang basa Jawa.

Kabeh ucap basa Using hang dibandhingaken iki dijuwut teka Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia hang disusun ambi ruwahe pak Hasan Ali. Kelawan cathetan, ucap hang beda sithik dianggep padha, umpamane: belung=balung, endhog=endog, serewat=srawat, serngenge=srengenge.

Ucap kang bener-bener padha akeh temenan umpamane: cangkem, wadon, laki, rabi, tengen, kuning, segara lan-liya-liyane.

Kang diitung beda iku umpamane: kepus#teles, kelendi#priben, gelinting#geleleng, elek#belsak, adhem#atis, kusuk#gosok, cemeng#ireng. Masiya ring basa Using ana ucap ireng-ireng (jajan lanun), taping ucap ireng kang artine werna cemeng hing ana.

Hang mbedakaken maning, basa Indramayu magih ngunekaken /a/ kaya ring ucap /sawah/ dene basa Using milu nganggo logat “bandhekan” kang ngunekaken /a/ kaya ring ucap /jawa/.  

Basa Jawa, basa Indramayu lan basa Using kabeh nduwe odod basa kang padha, yaiku basa Jawa kuna pertengahan. Basa-basa iku kayadene basa liyane, ring sakwijine wektu, merujuk dhewek-dhewek kelawan wektu hang beda-beda. Dadi ana hang saya merujuk nganggo dialek inovatif, ana hang nganggo dialek hang relik (kuna). Kadhung basa Jawa moderen merujuk adoh teka basa aseline umpamane nggawe undha usuk hang mbedakaken penutur teka status sosiale, basa Using lan Indramayu malah akeh nganggo dialek relik. Umpamane: weruh (tahu) dudu ngerti (Jawa), rabi (istri) dudu  bojo, laki (suami) dudu  bojo, wadon (perempuan) dudu wedok, panjak (pemain gamelan) dudu  wiyaga.

Merga iku basa Indramayu nduweni padhanan hing mung ambi basa Using, taping ambi dialek liyane kayata basa ring Tengger, Gresik lan uga Bali.  

Kanggone  wong Banyuwangi, setemene iki rada mbingungi. Hang tau rungu, Banyumas, Cirebon, Tegal, Indramayu, Brebes, Purwokerto lan sak piturute iku yara padha bain basane? Cumpu using, jare Pak Supali. Aja gampang nggawe kesimpulan gok basa Jawa dialek Indramayu iku padha ambi basa Cirebon utawa Banyumas. Masiya ana hang ngomong gok basa Banyumas setemene minangka asal-usule basa Indramayu (halaman 56).

Pekara kakehan ucap-ucap hang nganggo “krama lugu” (Kawi) hang uga ambi wong Jawa umume disebut “ngoko”, jare Budiono Herusatoto ring buku Banyumas, Sejarah, Budaya, Bahasa, dan Watak (LKIS, 2008), iku hang setemene basa Jawa aseli, basa Jawa setuhune.

Basa bandhekan hang dienggo ring Yogyakarta utawa Surakarta iku buru merujuk sakat jamane Demak Bintoro, lan merujuk temenanan jamane Mataram Islam. Hing maido hang adoh teka kono, kaya rakyat Belambangan ring pucit wetan lan Indramayu ring bucu kulon magih akeh nganggo ucap-ucap Jawa kuna pertengahan dudu Jawa anyar.

Kayadene basa Using, basa Indramayu ya nyilih pisan ucap-ucap teka basa Arab, basa Cina, Basa Landa, lan basa liyane. Hang kudune diteliti lebih jeru maning tepak ngomongaken silihan ucap teka Basa Inggris. Merga hang dianggep teka basa Inggris iku setemene basa Landa. Umpamane: onder (asale basa Landa onder) dudu basa Inggris under. Blaow teka Landa (blauw) dudu Inggris (blue), kelas teka klasse (Landa) dudu class (Inggris), koffie (Landa) dudu coffee (Inggris) lan liya-liyane. Merga kene iki lebih akeh serawung ambi wong Landa timbang Inggris yara?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf