Basanan, Wangsalan lan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 21 Januari 2025 09:48 WIB)
- Esai

Basanan, Wangsalan lan "Slang"
Donya sastra Using ngasilaken pirangane macem karya, ana hang prosa, hang puisi, ana hang drama. Hang puisi iki modhele ya macem-macem: Basanan, Wangsalan, Paribasan, Unen-unen, Batakan, Guritan lan Rekan basa. Hang paling akeh njumbul ring penguripan sedina-dinane wong Using yaiku Basanan lan Wangsalan. Hang endi Basanan, hang endi Wangsalan? Seperene magih akeh dadi bahan gesahan. Mula minangka sastra lisan, wong-wong akeh-akehe duwe penemu dhewek-dhewek. Contone ya jawaban teka pitakonan iku mau.
Hang kaya pantun, cemeng kopine, seneng atine, iku kelebu basanan tah wangsalan?
Jare Kang Juwono guru basa Using ring Singojuruh lan guru-guru basa Using liyane, sastra Using hang kaya pantun iku kelebu basanan lan iku hang diwulangaken nyang lalare sekolah.
Dene wong-wong liyane, kelebu seniman hang nyebut arane dhewek “Teka Bangkalan Medura, ahli wangsalan teka Jopuro” yaiku Man Inok lan tukang ngewer Kang Ali Kenthus, nyebut gok iku wangsalan.
Isun ya kerep ditakoni lan jawabanisun milu hang wis ketulis nong Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia karangane ruwahe Pak Hasan Ali. “Basanan, ungkapan atau pantun dalam Bahasa Using”.
Pak Hasan ngewani telung tuladha:
1. Cemeng kopine, seneng atine
2. Rujak ramonan diuweni buncis, ngajak dhemenan sing duwe picis.
3. Tanggal aja ditonton, lumur tatakan piring, Sun tinggal aja katon, ana umur kecaruk maning.”
Kadhung wong liya, sapa bain wis hang yakin gok iku basanan utawa wangsalan, penemune iku mau hun takoni, dhasare paran? Kabeh kira-kira jawabe 'pokoke' utawa hing ana reperensine. Hing maido merga akeh-akehe sastra lisan ya gedigu iku, hing ana rujukane.
Tepak nggarap manuskrip tinggalane R. Binata, isun nemokaken kasus hang nyebut conto sastra Using hang wujude ana batakane. Kadhung wis ketemu jawaban batakane, bisa digoleti ucap hang dikarepaken.
Contone gedigi. Ana batakane: Kepithing banyu tawa, jawabane geruyu. Ucap hang dimaksud yaiku hang unine padha ambi geruyu yaiku lare ayu.
Ring manuskrip R. Binata (jilid 11 halaman 26), Binata hang njuwut ucap-ucape iku teka kamus Kawi-Balineesch-Woordenboek karangane ahli basa wong Landa aran Dr. H. N. van der Tuuk, nulis gedigi:
Ngembang gedhang: Protongan, kelebu wangsalan. Aja ngembang gedhang: Aja protongan= bingung. Kembange gedhang: ontong.
Dadi teka garapan sastra lisan iku, batakane Kembang gedhang, jawabane ontong. Ucap hang dimaksud protongan. Kok bisa ontong hang dimaksud perotongan? Ya gedigu iku wis, hang digoleti hang unine emeh padha.
Tuladha liyane gedigi:
Gelepung sawi (kanji) > janji
Belung Nangka (beton) > katon-katonen
Damar gunung (lintang) > ketang-ketang
Binata iku nyusun cathetan basa Using taun 1930, sedurunge Indonesia merdheka. Tepak jaman iku basa Using during kasebut umume minangka basa Using. Binata magih nyebut: woordenlijst Banyuwangi (utawa kamus Banyuwangi). Dadi sakat bengen, sastra lisan Using hang nganggo batakan iki sebutane wangsalan. Aju hang sijine, hang kaya pantun, mesthine ya basanan, masiya ring Binata isun durung nemokaken istilah basanan.
Taping merga hang batakan mau wis kesebut wangsalan, hang wujud pantun mesthine basanan, yara gedigu?
Wangsalan magih urip ring antarane komunitas Using.
Umpamane, ring gesah-gesahan ana hang ngomong: Hing pati perahu gedhe. (perahu gedhe= kapal. Maksude: apal). Hing pati apal.
Wong-wong hang nganggo jenis karya sastra iki mula anggone wis nduwe pemahaman antarane hang ngomong, hang diejak ngomong lan hang diomongaken.
Dene istilahe, seperene, isun mung nemu rong rujukan tertulis, kamuse Pak Hasan Ali lan manuskripe Binata. Kadhung liya dina ana rujukan liyane, keneng diomongaken maning.
Cumpu, wangsalan iki ya magih urip ring basa Inggris pisan. Bengen ring kawitan abad 19 ring Wilayah wetan London, yaiku Cockney, njumbul basa hang sakteruse disebut rhyming slang (ungkapan hang unine emeh padha, utawa ana rimane). Suwi-suwi jenis slang iki akeh dienggo ring Australia pisan.
Setemene kelendi asale, mula merujuk dhewek ring masarakate kana, tah minangka basa hang digawe dhewek dienggo basa hang mung dingerteni kanggo kelompok masarakat makene wong liya hing ngarti, kaya dene slang ring liya basa, durung ana hang weruh.
Wong Australia kadhung uluk salam nang kancane ring kartu pos, nulise: Hi China!
China setemene ana terusane yaiku china’s plate (Piring Cina. Apuwa? Merga porselen teka Cina wis kesuwur sakat bengen). China’s plate iku unine emeh padha ambi mate (kanca). Dadi Hi China (hing perlu diomongaken sekabehane Hi China’s plate), maksude “Hallo kanca”.
Hang jelas padha ambi wangsalan, rhyming slang kadhang dipedhot merga hang diomongaken wis dingerteni ambi wong hang gesah lan hang diajak gesah.
Iki conto liyane:
Tea leaf – thief (maling)
Plates of meat – feet (sikil)
Butcher’s hook – crook (kadheman)
Dog and bone – phone (telepon)
Noah’s ark – shark (mungsing)
Dadi liya dina aja kaget kadhung ana wong Australia ngejak kecaruk ring Three men in the tub. Merga hang dikarepaken kecaruk ring pub. Kadhung pub iki dudu kelebu rhyming slang, naming singkatan. Pub iku singkatan teka Public House (Umah Umum) dadi kadhung arep kecaruk wong hang hing kathik semayanan sulung, teka bain nang public house, hing kira diuwel ambi hang duwe umah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.