BCE (Banyuwangi Culture Every Week) 2021 ring Poliwangi Nggawa Aran Banyuwangi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 21 Juni 2021 10:21 WIB)
- Laporan
Sakat mari mandheg perei ring ulan Pasa lan Ulan Sawal BCE (Banyuwangi Culture Every Week) 2001 diangkati maning manggon ring kutha-kutha kecamatan ring Banyuwangi. Sakat mari di Launching ring aula Pasebab Widya Purnama SMPN 1 Banyuwangi tanggal 06 Maret 2021 kepungkur pesasat sing kathik leren angger seminggu sepisan ring dina Sabtu BCE (Banyuwangi Culture Every Week) 2021 nggelar ring panggonane dhewek-dhewek ring kecamatan-kecamatan Banyuwangi.
Masiya manggon ring kutha kecamatan-kecamatan ring Banyuwangi naming gelar karya seni siswa tradisional Banyuwangi iki bisa dideleng wong sak-Banyuwangi lan wong hang ana ring njabane Banyuwangi merga gelar kesenian iki disiyaraken live streaming ring channel youtube Banyuwangi tourisme saben dina Sabtu jam 15.00–17.00. Program hang diarani colourful hybrid concept iki mula salah sijine dalan hang bisa dilakoni Banyuwangi makene bisa ajeg ana ring Banyuwangi Festival naming tetep bisa ring jaman pandemi covid-19 iki.
Kecamatan Kabat ketiban sampur BCE 2021 tepak manggon ring Aula H. Abdullah Azwar Anas Politeknik Negeri Banyuwangi Sabtu tanggal 19 Juni 2021 BCE (Banyuwangi Culture Every Week) 2021. Pas jam 15.00 gelar diangkati ambi santunan lare atim hang ana ring wilayah kecamatan Kabat. Camat Kabat lan Kepala Satkorwildik kecamatan Kabat nyerahaken santunan arupa picis ring njerone amplop ambi digendhingi sholawatan.
Ring sambutane Camat kabat Drs. Susanto Wibowo njelasaken kadhung gelar BCE iki saranane Pemerintah anggone nguweni wadhah nyang para siswa bisa nggelar minat lan bakate nyang masyarakat kelawan konsep hybrid iku mau. Mula iku Camat Kabat iki njaluk nyang para siswa lan guru hang milu nyang kegiyatan iki kudu tetep ajeg netepi protokol kesehatan kanggo nyegah penularan virus covid-19 ring wilayah Banyuwangi.
Choliqul Ridho sekretaris Dinas Kebudayaan lan Pariwisata banyuwangi nyatakaken wis akeh usahane pemerintah Banyuwangi kanggone tetep bisa nguripi seni lan pariwisata Banyuwangi ring jaman pandemi covid-19 makene ekonomi masyarakat iki sing mati. BCE (Banyuwangi Culture Every Week) iki minangka salah sijine kegiyatan iku mau. Sekdin kebudayaan Pariwisata Banyuwangi iki uga milu ngucap terima hang gedhi serehne kegiyatan hang dipikul bareng ambi Dinas Pendidikan Banyuwangi bisa melaku apik lan sing ana alangan paran-paran sampek dina iki ana ring kecamatan Kabat.
Sakteruse gelar seni iki diterusaken ambi pentas senine murid-murid teka SD, SMP, SMA (SMK) lan Perguruan Tinggi hang diwakili ambi mahasiswa Politeknik Negeri Banyuwangi.
Pentas dikawiti ambi Jejer Gandrung Jaran Dhawuk lan Tari Kupu Cedhung teka perwakilan lare-lare SD kecamatan. Ring pungkasane pergelaran lare-lare SD iki uga nggelar tari kreasi anyar hang nganggo aran Nggape Lintang.
Sakteruse SMP Kabat 1 lan SMP Kabat 2 uga sing kalah mentasaken tari Punjari lan tari Jaranan Buta. Wakil SMA lan SMK mentasaken tari Padhang Ulan, tari Hadrah Kuntulan lan gendhing Lir Pedhote Banyu. Pergelaran pungkase ditutup ambi tari Paju Gandrung teka perwakilan Politeknik Negeri Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Hani Z. Noor





