Beasiswa Mahasiswa, Investasi Kutha Budaya hang Nyata

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 09 Desember 2020 07:12 WIB)
- Esai



Kancanisun arane Asan seniman lan budayawan Banyuwangi hang wis kesuwur, mencak-mencak serta gesah ambi isun soal lare-lare hang kuliyah nong jurusan kesenian ring njaba kutha. Paran Maning aju isun ceritani tandang gawene hang ana ring kampus hang bisa moncer temenan sampek tingkat nasional lan ana uga hang sampek internasional..

Kang Asan tambah medhedeg maning katon teka sorot matane  hang ngabang serta sun tambahi maning kadhung lare-lare iku uga ana hang wis njelajah negara manca. Lare-lare iku bisa njelajah manca merga kreasi lan aktipitas-e ring bidang seni.

Bener nyatane kadhung lare-lare mahasiswa kesenian Banyuwangi hang magih kuliyahan iku wis ping kaping-kaping njelajah negara manca kelawan kreasi lan produksi keseniane. Lare-lare Banyuwangi iku mau sampek dadi agul-agule perguruan tinggi seni ring endi iyane kuliyah. Ana hang ring jurusan kesenian tari ana uga hang ring jurusan kesenian musik.

Isun weruh temenan Kadhung Kang Asan iku ngarti temenan bab iki, mula iku isun gamblang cerita bab lare-lare kesenian. Kang Asan uga ngarti anane besiswa kanggo lare-lare Banyuwangi hang kuliyah ana ring njaba kutha teka programe pemerintah dhaerah. Lan maning Kang Asan uga duwe opini hang kurang trep nyang sasaran lare-lare hang kejaring oleh beasiswa iki. Sing salah isun cerita gediku. Isun sing arep ngobong-ngobongi ati naming mung urub-urub geni bain. Itung-itung aring-aring ambi mbakar sawi.

Eh nyatane tumbu ulih tutup, Kang Asan nyaut kaya wawa hang keterak angin murub barak kaya dikepeti. Banyuwangi iki dikenal uwong kerana seni lan budayane, iyane ngawiti omongane ambi getem-getem nerusaken olah pikire.

Banyuwangi iki wis duwe program apik naming serta ngelantare suwi-suwi kaya uwong sing bisa duwe pikiran logis lan pragmatis. Nggawe olah lan tingkah munggah-alem. Isun wis rungu sabane kadhung ring kene ana beasiswa kanggo mahasiswa hang kuliyah ana ring njaba kutha. Apuwa serta ana beasiswa teka pemerintah Banyuwangi hang dikirim para santri thok! Isun rada kaget Kang Asan wong hang duwe latar belakang pendidikan pesantren kok rada sing miring nyang para santri. Malahan rada mbela nyang kebudayaan, endane kancanisun iki santri hang wis moderentah?

Iyatah wis! Santri iku perlu kanggo njunjung ahlake wong Banyuwangi mbisukane, naming delengentah lare-lare hang kuliah ana ring seni ring kutha-kutha njabane Banyuwangi. Lare-lare iku duwe prestasi ana ring kampuse kana. Mayotah iku ya delengen pisan hang titi.

Lare Banyuwangi hang kuliyah ana ring njaba kutha ring jurusan kesenian nyatane lare-lare hang kreatip temenan. Pancene ya sing luput kadhung lare-lare Banyuwangi iki pinter  ring kana, merga iyane wis duwe sangu hang cukup teka desane kanggo ngembangaken ilmu keseniane hang wis ana ring akademi kesenian. Asale wong Banyuwangi sakat lair procot wis diiyong-iyong ambi kesenian ya sing luput kadhung iyane pinter nong kesenian.

Delengen bain saiki serta lare-lare iku wis padha lulus, akeh hang sing gelem balik nyang Banyuwangi. Merga Banyuwangi dhewek sing duwe gandholan hang kukuh kanggo naleni lare-lare iku mau. Sakteruse lare-lare iku padha diempet kabupaten-kabupaten liya hang wis ngeregani temenan nyang ilmu keseniane iku mau.

Aja kaget mari gediku kabupaten-kabupaten liyane hang ana ring Jawa Timur padha maju lan padha bisa ngungkuli Banyuwangi ring jaman saiki. Iku merga paran? Merga hang ana ring kabupaten-kabupaten liya iku mau ana lare-lare Banyuwangi hang wis ulih cukup ilmu teka kampuse ndhekengi ana ring mburine.

Ana benere Kang Asan iki ngomong. Aja adoh-adoh ring Kabupaten kulone awak dhewek iki, ring kana ana guru hang asale wong Purwoharjo hang saiki diopeni wong Jember bisa ngembangaken kesenian tari ana ring Jember. Ana  maning hang ana ring Tuban dhedhengkote hang ana ring Kebudayaan lan Pariwisatane uga wong Banyuwangi hang asale teka Gambiran.  

Durung maning hang ana ring Surabaya sampek didadekaken dosen ana ring perguruan tinggine makne sing mulih nyang Banyuwangi. Durung hang ring Malang, Pasuruan lan Sidoarjo ring kana sing sithik lare Banyuwangi hang diopeni temenan ambi wong-wong Kabupaten liyan.

Balik maning nyang Banyuwangi kutha budaya iku mau. Ayo isun ngajak nyang sapa bain hang duwe kebijakan. Lan maning sapa bain hang bakal dadi wong hang nomer siji ring Banyuwangi tahun ngarep. Ayo gancang dikencengaken program hang wis apik iki. Gancangana lare-lare Banyuwangi hang kuliyah kesenian ana ring kutha liya ditaleni rasane nyang asal tanah kelairane. Paran kebutuhane gancang diudhari, kadhung ana beasiswa ayotah diedumi sithik-sithik bain, makne lare-lare iki duwe rumangsa nyang tanah kelairane. Kadhung iyane duwe prestasi bisa digawa mulih dienggo mbangun kesenian lan kebudayaane hang ana ring tanah kelairane.

Hang penting maning kanggone isun iku, jare Kang Asan nerusaken gesahe, pira sih gedhene picis anggaran dienggo beasiswa iku mau. Anggep bain iki investasi nyata hang ngundhuhe sing bakal suwi. Limang taun utawa sepuluh taun mengarep lare-lare iki wis bisa balik nyang Banyuwangi maning sakmarine digulawentah ana ring kampuse. Ilmu-ilmune bisa dienggo ngembangaken seni lan budaya hang ana ring Banyuwangi hang wis sakat wingek kesuwur ana ring bumi Nusantara iki.

Kadhung seni lan budaya maju, ekonomi kreatif mesti jenggirat. Wisata bakal mupus ana ring ndhuwuran, kesejahteraan rakyat mesthi bisa keuber. Iki dudu ilmu manajemen angel. Kabeh uwong bisa lan ngarti sing perlu nganggo wong hang pinter. Wistah, pokok programe jelas insyaalloh Banyuwangi gancang jenggirat tangi maning maju ana ring ceracaban lawange wisata Indonesia limang taun utawa sepuluh tau mengarep.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Antariksawan Jusuf