Beasiswa ring Uniba Kanggo Lare Hing Mampu

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 28 Januari 2021 07:04 WIB)
- Laporan



Lalare hang kepingin kuliyah taping ketanggor merga hing ana biyaya, saiki bisa nyobak golet beasiswa ring Universitas Banyuwangi (Uniba).
Zuhrol Baiti, aktipis lan politikus wadon  Ketua Perempuan Republik Indonesia Mandiri (Prima) bisa dadi sasak kanggo urusan iku.
"Sarate mung surat keterangan tidak mampu," jare mbok Zuhrol.
Prima iki organisasi wong wadon hang gandhengan bareng Uniba ana ring program "Mensarjanakan Masyarakat Miskin" kelawan ngewani beasiswa KIP. Beasiswa kanggone mahasiswa KIP dielungaken suwene petang taun lan uga mahasiswane ulih bantuwan biyaya nambel kebutuhan urip saben dinane gedhene 700 ewu sak ulane.
Prima iki nduwe anggota akehe 135 wong wadon hang nduweni wigati gedhe nong "pendampingan, konseling lan sosial."
"Tujuwane kuliyah gratis iki milu mencerdaskan lalare hang kurang pati mampu, kelendi carane makene iyane kabeh iki bisa sekolah sampek sarjana," jare mbok Zuhrol.
Minggu sore Prima iki wis mareki ibu-ibu ring kumpulan Ikatan Wanita Pengusaha Indonesia (IWAPI) kanggo nerangaken masalah beasiswa iki. Hang uga wis dilakoni, sosialisasi nong pesantren-pesantren hang ana ring sak ubengane Banyuwangi.
Taun sore wis ana 200an lare hang ulih lan taun iki buru ana 25 lare dadi jatahe magih akeh. "Kelendi carane lalare Banyuwangi bisa sekolah kabeh."
Uniba, hang bengen arane IKIP PGRI Banyuwangi, nduwe fakultas FKIP, Pertanian, Olahraga dan Kesehatan, MIPA, Teknik lan Bahasa dan Seni. Saiki ana kira-kira 3000 lare hang kuliyah ring kono. 
Kadhung ana lare hang nyambi megawe ambi kuliyah, Uniba ya nyedhiyani program Ekstension hang mung kuliyah dina Sabtu lan Minggu.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf