"Bedah Rumah" Ikawangi Balikpapan

Arif Sugiono (dipublikasikan pada Senin, 18 Januari 2021 07:52 WIB)
- Laporan



Ana nawi 50 warga Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Balikpapan milu gugur gunung mbecikaken umah salah siji wargane hang asale teka Blok Agung.

Sakat dina Minggu isuk sampek samarwulu kabeh ngersaya mbecikaken umahe Ibu Samimah, randha teka Blok Agung hang mung urip keloron ambi anak wadone hang uga wis randha ring kilometer 19 Balikpapan Utara. 

Iwuh iki dipimpin langsung ring Ketua Umum ikawangi Balikpapan AKBP. H . Suyitno SH. M.Hum. Mula wis dadi programe Ikawangi Balikpapan kanggo mbantu wargane hang uripe magih kurang. 

Dikawiti ambi maca donga lan selametan jenang abang lan putih minangka adate wong hang mbangun umah ring Banyuwangi, kanggo nduduhaken semangate hang dhuwur lan ati hang ihlas. 

"Minangka Ketua Umum Ikawangi, Isun nyampekaken terima hang gedhe kanggo warga Ikawangi Balikpapan hang wis milu perduli nyang dulure. Iki nduduhaken semangat guyub hang sak benere hang diduduhaken sak nyatane. Muga-muga bisa dadi panggonan amal ibadahe wong kabeh," jare kang Suyitno.

Acara "Bedah Rumah" iki mula hang kawitan dilakoni ambi Ikawangi Balikpapan lan mengarepe arep dadi program hang dikarepaken terus ana kanggo mbantu warga hang melarat.

Umah hang dibecikaken iku umahe Bu Samimah hang urip bareng keloron ambi anake aran Srinatun hang urip ring umah ring tengah kebonan iku sakat pitung taun kepungkur. Srinatun dhewek saiki kondhisine kadheman ana ring kamar sakit lan wis dibantu Ikawangi Balikpapan kelawan ngurusaken Kartu Indonesia Sehat. Wong loro iku hing duwe dulur maning ring Kalimantan.

Umah kayu ukuran kira-kira 5x7 meter hang dipanggoni wong jakloron iku kaya wis hing pantes maning dipanggoni. Kelawan dibecikaken, saiki saya apik masiya tetep nganggo kayu.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf