Belabur Gedhi Masyarakat Pondoknongko Guyub Gotong Royong
Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Jumat, 25 Juni 2021 06:33 WIB)
- Laporan
Banyu belabur teka ring Desa Pondoknongko Kecamatan Kabat dina Kemis seminggu kepungkur. Pondoknongko hang dadi panggonan ilire banyu, wis sing nampung maning akehe banyu hang teka. Ale udan ring wektu iku sing kariya deres uga sing kari suwi, naming banyu mara-mara teka ngagetaken sapa bain hang manggon ring kana.
Banyu hang ana ring Pondoknongko nalikane gabungan teka banyu Tambong lan banyu Cawan, kecaruk ring wilayah Seguling. Biyasahe sakderes-derese udan banyu sing kira meleber sampek kampungan, jare masarakat kana wis mula agenda taunan kadhang teka pitu sampe wolung taun sepisan. Bengene tau kedadeyan kaya gedigi, naming sing kariya nemen kaya saiki, melebu ring kampungan lan ngerusak umahe uwong-uwong.
"Maune jarenisun suwarane udan teka, mergane soren mau udan naming ya sing suwi. Kaya-kaya hing sampek limalas menit. Sun rungokaken, gok suwarane banyu saya anter. Metu masthekaken kedadeyan, temakaken banyu belabur teka." Ujare Miswan hang kala iku mindhah rawatan sapine merga banyu gedhi mara sampek nyang kandhang sapine.
Belabur gedhi teka kira-kira jam telu isuk dina Kemis tanggal 16 Juni. Banyu sampek melebu ring kampungan lan umah-umah, masyarakat padha metu nggolet selamet. Kabeh padha maca takbir, selawat, nalikane weruh genthong, toples, kandhange pitik, kayu-kayu garing lan sakliyane kembang-kembang. Akeh-akeh ndonga mugi bain cepet esat, kuwala hang ring pesisir uga mugi nepaki surut.
Akeh kerugian hang dirasakaken uwong-uwong sakpungkase belabur gedhi, kayatah pawon sak pekakase ilang, umah-umah kelebon banyu, kandhang sapi rusak, dalan-dalan belethokan, lan lemah pertanian kaya semangka, melon, lobok, pari keleleb banyu. Masyarakat padha njaluk mugi bain panggonan-panggonan hang gampang longsor iku bisa diberonjong ambi pemerintah mergane kadhung sing gancang diberonjong saya suwi banyu saya parek ambi kampungan. Sasak Pondoknongko Sukojati uga mugi bain gancang dibecikaken, mergane wis tuwek lan sing rapet maning.
Pemerintah Desa Pondoknongko, anane kedadeyan belabur gedhi ngerahaken perangkat desa, unsur masyarakat kayatah RT, RW lan masyarakat liyane milu ngelungaken tangan, kerja bakti ngerijigi panggonan sakmarine banjir mauka. Gugur gunung mauka uga ditulungi ambi forpimka kecamatan kabat, jajaran kecamatan kabat, koramil lan polsek. Panggonan hang dirijigi utamane umah-umah hang keneng dhampak banjir. Masyarakat padha guyub gotong-royong. Mugi bain hing ana belabur gedhi maning, cukup sakmene bain. Lan masyarakat Pondoknongko mugi paring selamet diadohaken teka musibah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






