Benelan Lor, Kabat, Desa Rasa Kutha

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Selasa, 03 Maret 2020 08:59 WIB)
- Esai



Desa Benelanlor wis kaya kutha dhewek. Sembarang ana nggarahi masyarakate hing gelem umik manggon ana ring kono.

Desa Benelanlor, salah sijine desa hang kelebu nong Kecamatan Kabat, Kabupaten Banyuwangi. Nduweni telung dusun, yaiku dusun Popongan, dusun Gumuksari lan dusun Krajan, Desa Benelan Lor uga dadi wates kecamatan Kabat ambi kecamatan Rogojampi. Pinggir kulon selat wates ambi desa Bareng, hang elor kewatesan desa Gombolirang lan pinggir wetan kewatesan ambi dusun Kertosari (desa Gombolirang). Ana ring kidule kewatesan ambi dusun Gurit desa Pengatigan. 

Masyarakat Benelanlor duweni maneka macem penggaweyan. Keneng  diarani desa naming kaya kutha, mergane sembarang hang dibutuhaken meh ana kabeh. Ana hang duwe warung, toko semen, toko paralon, toko sembako. Hang adol jasa uga ana, kayata penjahit, serpis tv, serpis laptop, ngumbah montor, ngisi galon, servis kompor.

Hang megawe bingkil uga ana, las-lasan, tukang cukur, tukang jam, warnet, wifi, conter, rosokan, sampek sampek ono salah siji masyarakat hang ngedekaken diler sepeda montor cilik-cilikan ring umahe. Sembarang profesi hang diduweni masyarakat Benelanlor, nggawe desa iki makmur, tenterem.

Aja salah ring Benelanlor uga ana hang megawe shooting lan potograpi. Ahmad Zulkarnain (bang Zoel), wong difabel hang wis kesuwur sak nusantara uga manggon ana ring kana.

Sakliyane iku, Benelanlor uga wis nduweni sekolahan-sekolahan, mulai TK sampek madrasah aliyah. Iku kabeh kanggo ndidik lan panggone sinau lalare penerus bangsa ring desa Benelanlor.

Sakliyane sekolah formal Benelan Lor uga duwe pesantren kanggo lare-lare hang sinau agama. Langgar-langgar panggonane ngaji lalare teka langgar lanang sampek langgar wadon kabeh ana. Saben setaun sepisan mesthi dianakaken lomba kanggo lalare ring desa Benelanlor. Dikarepaken teka asile belajar ngaji lan sekolah bisa mbangun generasi hang siap dadi peneruse bangsa lan agama.

Dienggo mbangun ekonomi masyarakate desa Benelanlor uga ngedekaken pabrik-pabrik. Pabrik hang wis duwe pamor yaiku pabrik triplek. Panggonane nggawe furnitur kaya lemari, bupet, kursi, meja, lan liyan-liyane. Lemari almunium lan pekakas teka wesi sing luput uga ana.

Naming masyarakat Benelanlor sing mung mikir sandang lan papan thok, kesehatan uga dipikiraken. Iki kebukti ambi anane kegiyatan olahraga kayatah poli, tembung lan badminton. Kabeh saranane kaya lapangan dicukupi kanggo nyenengaken rakyate.
Desa Benelanlor uga nduweni alas hang magih asri, adhem lan akeh sembarang tanduran. Janganan, woh wohan, lan wit-wit hang apik kayata wit sengon, wit jati, wit mahoni. Woh wohan hang jarang diduweni ambi desa liyane yaiku uwoh uni uga sentul. Tetanduran ring Benelanlor nggawe kahanan desa dadi adhem, asri, paran maning desa Benelanlor diileni ambi banyu teka sumber Lungun. Dadine  masyarakat kadung adus, umbah-umbah, lan tandang paran bain nganggo banyu sumber iku mau.

Kesadaran masyarkate nyang kesehatan ring dusun Gedangan uga Joko Pekik wis dhuwur. Merga akeh wis hang duwe  jedhing lan kakus dhewek masiya tawis banyune tetep teka sumber  Lungun mau. Urip ring desa Benelanlor padha dene urip ring kutha rasa desa. Kabeh nggarai ati lan pikiran ayem, bungah, kangen, sing kepingin ninggal adoh. Kabeh wargane  saya kepingin njaga lan ngelestarikaken paran bain hang ana ring desa Benelan Lor.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sumber foto : web desa benelan lor

Editor: Antariksawan Jusuf