Bengsin PERTAPUX

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Jumat, 21 Oktober 2022 09:55 WIB)
- Esai



Weruh BBM iku singkatane paran? Takona wong endi bain, nong endi bain, jawabane mesti Bahan Bakar Minyak. Kecuali tepak hang ditakoni wong hang mbenu, jawabane bisa 'Belarak Bongkok Manco'; ana hang ngarani jawaban gedigi iki pelesetan, jare. 

Masiya mbenu, ting mula ana benere pelesetan iku kerana sakat wingi taklam sedurunge ana bengsin lan solar -  uga 'ruwahe' lenga gas - hang dienggo bahan bakar umume mula belarak, bongkok lan manco. Sampek seperene ring desa-desa magih ana hang nganggo BBM 'produke' wit kelapa iku, enggo bahan bakare bengahan, enggo adang lan olah-olah nong pawon. Kanggone mesin-mesine kendaraan ya kudu bengsin utawa solar.

Sakat cilik bengen engetisun mung rong macem iku - bengsin premium ambi solar - hang ana ring pom. Ting, saiki memehi akeh maceme. Alan-alane rujak kecut. Kalah maceme rujak kecut. Tulihen tah tulisan aran-arane BBM kadhung tepak ring pom alias SPBU.

Paham? SPBU iku singkatane paran? Hang bener, jare hang gawe, Stasiun Pengisian Bahan Bakar Umum. Semono ana hang ngomong jare Solar Premium Bengsin Uyuh. Byek! Iki sing terima cuma kepeleset utawa pelesetan. Iki kebelandur. Kenyab. Padha ambi Puskesmas hang jare singkatane Pusing Keseleo Masuk angin. Iku sakat bengen isun wis kerungu. Embuh sapa uwonge hang mbenu, hang kenyab? Pokoke iku dudu jare isun.

Mung isun, tah serang doyane nyang rujak kecut, dadi mbandhingaken bengsin ambi rujak, rujak hang bengen kecute nganggo werak teka banyune kelapa utawa lirang, saiki yara padha nganggo cukak botolan.

Rujak kecut tulihen tah. Kadhung ramonane dicacah, sing dipasrah, arane rujak cemplung. Ragine rujak kecut aseline yara sing kathik kacang, naping sukur diendohi kacang arane dadi beda, ditambahi petis dadi liya maning. Petise ana petis cemeng, ana petis pindhang utawa petis medura wernane soklat kaya gula jawa. Arane dadi ana hang rujak gobet, rujak colat-colet, rujak montor lan mbuh paran maning.

BBM produke Pertamina yara gedigu pisan. Solar sukur disolah-solah sithik konten 'cetane' dadi Dexlite, dadi Pertamina Dex, ana Bio Solar. Bengsin Premium beda persenan 'oktane' dadi Pertalite, Pertamax, Pertamax Turbo, lan embuh paran maning.

Isun terus terang kurang pati paham. Rika hang mungkin malah lebih paham soal iku, kejaba jenis bengsin hang siji iki, isun yakin lebih kemeruh timbangane rika. Ana varian bengsin paling anyar, arane: Pertapux. Tumon?

Isun dhewek weruhe buru isuk peruput mauka, bangete arep metu nyang kutha, cumpu ndeleng indikatore bengsin, pandome wis nong abang, wis mepet ngiwa malah. Kasep ngisi. Isun usik, sing kira nutut iki kadhung arep ngisi nyang pom. Pumpung durung entek ring dalan, cumpu enteke tepak nong tengahe perapatan, sing indaluwih. Bangur mampir tuku eceran sulung ring Kang Dirik, kiose tangga wetane umah; warunge cilik ting dodolane seliya bengsin ana rokok, sembako, kerupuk; ciki-cikian sithika katon gelantungan rentengan; sampo, kopi sasetan sampek sandhal-sandhal jepit ana. Arep paran rika?

"Tumbas napa, Pak...?"

Weruh montorisun mandheg hang metu takon wong wadon, rabine Kang Dirik. Magih isuk wayah mene Kang Dirik-e mestgi durung mulih. Sing kathik takon isun wis paham. Saben dina sakat subuh megawene ider tahuk sepidhaan nyang desa-desa. Rada bedhug adate tekane.

"Bengsin, mbok! Seket!" Abanisun ambi ndudut lan nduduhaken picis biru eketan teka sak.

"Pinten? Seket?"

Ambi nyandhak botole bengsin iyane katon mikir. Hang dicekel iku pertalite, katon kaya banyu biru diwadhahi botole aqua gedhi. Hang botolan beling buntek kaya umume ya ana, katon dirik.

"Endi Kang Dirik? Durung mulih?"

"Dereng, Pak. Tasik ider tahuk teng Kemiren. Tasik melung-melung tiyange...."

Kow! Diwarah. Uwonge magih 'Tahuk...! Tahuk...!'

"Pak. Hang botol aqua gedhi niki 18 ewu, pak. Kalih temune 36".

"Berarti susuke 14 ewu 'ra? Rokok digenan ana tah? Kadhung ana susuke rokok iki bain".

"Mboten enten, pak. Mboten pati pajeng kula nyade rokok ngotenan...".

"Alak! Endane...?"

"Tambah botol biyasah mawon nggih, Pak? Setunggal,12 ewu, susuk 2 ewu kula sukani kerupuk, nggih, Pak...!"

Haahh...! Iya wis. Sing kathik kakehan mikir hun iyani. Susuk kerupuk?

Tutupe tangki hun bukak, bengsin diisekaken dhewek ambi rabine Kang Dirik, langsung dikuntek teka botole sampek kothong, sing kathik corong lan selang. Sing kalah telikase ambi lare wadon-wadon nong pom.

Ambi nyawang kepikir susuke, rong ewu iku bisa rupa picis selembar hang mesti wis mbelekethek kertase, bisa uga rong lembar ewonan, utawa kenthingan cilik-cilik embuh loro mbuh lebih, emeh sing ana artine. Misale sing disusuki isun setemene ya sing paran-paran.

Naping uwonge mesthi sing gelem, mesthi diimpasaken, sing ketang ambi permen tah paran. Umume hang praktis mula permen. Iki iyane arep nyusuki kerupuk, lebih katon gedhi wujude timbangane emut-emutan alias permen hang mungkin ulih petang iji. Iki kerupuk, jelase kemerupyuk.

Temenan, mari ngandoh botole bengsin, kerupuk perecet disebetaken, dipethot rong bungkus teka dhompolane; sewuan sebungkus. Ya hun tampani ambi cangkem kemekelen. Sakat mau setemene isun mesem kudu gemuyu. Rasane masa kaya nampani susuk tah. Lebih kaya ulih bonus, ulih 'jackpot'. Cocok engko dipangan ambi rujak kecut. 

Tumon? Ring pom endi acake ana wong tuku bengsin ulih bonus kerupuk? Bengsine Kang Dirik iki temune masuk diarani jenis Pertapux.

(Bwi,1022.1.ib)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Antariksawan Jusuf