BFB Ngajak Lalare Enom Dhemen Nyang Barong

Ahmad Muzakky (dipublikasikan pada Senin, 31 Mei 2021 09:57 WIB)
- Laporan



Sakat pageblug rong tahun kepungkur, akeh pagelaran seni hang sing bisa dipentasaken. Wong iwuh diwatesi, sing ulih ana ramen-ramen. Kangen katon-katonen nyang tontonan hang biyasahe dianakaken ring kampung-kampung kaya dene arak-arakan Barong. Mandaneya pageblug mari, seru enake ndeleng arak-arakan keliling desa kaya bengen. Nyuwiti macan-macanan mabuk ana ring perapatan nanggo godhong santen, uber-uberan.

Ngomongaken Barong Banyuwangi, iki ana kumpulane lalare enom hang padha dhemen ambi kesenian asli Banyuwangi iku. Aran komunitase Barong Family Banyuwangi (BFB). Kumpul-kumpul iki dikawiti ambi wong 5.

Iki mau isun kecaruk ambi Rifki Ashabul Yamin (Kang Amin) salah siji hang duwe penemu ngedegaken komunitas Pecinta barong. Ana ring warung kopi Sumber Rejeki, isun lan Kang Amin gesah dawa.

Sakat cilik, Kang Amin wis biyasah ndeleng arak-arakan hang ana ring desane, Boyolangu. Saben ana wong iwuh embuh sunat embuh kawin, sasat ana tanggapan arak-arakan barong, macan-macanan utawa jaranan. Taping iyane hing tau-tauwa ngereken, hing patiya dhemen. Tambah-tambah tepak wis lancing tanggung ditinggal kuliyah ring Malang, tambah jarang weruh maning nyang arak-arakan lan tontonan seni ring Banyuwangi.

Pirang-pirangane taun kepungkur, Kang Amin, hang Kuliyah ring Universitas Brawijaya Malang mulih nyang Banyuwangi kerana kuliyahe wis rampung. Tepak ana ring umah mara-mara Kang Amin seru kepingine ndeleng jaranan. Ambi Pak Ibul, salah siji tanggane, Kang Amin melaku ndeleng.

Ana ring ramen-ramen tontonan jaranan mau, Kang Amin kecaruk ambi kanca lawas jaman sekolah SMA, Linggar. Jaman kala semono magih usume BB (Black Berry), Kang Amin lan Linggar oper-operan pin BB lan nggawe grup BB kang isine informasi jadwal tontonan jaranan, barong lan tontonan seni liyane hang sing adoh-adoh teka barong. Tepak update status, akeh hang weruh kegiyatane Kang Amin lan Linggar hang dhemenane teka nyang tontonan Barong. Sing weruha akeh hang dhemen pisan. Suwi-suwi isine grup mau tambah dadi limang uwong: Kang Amin, Linggar, Eros, Andrew, lan Momo.

Sebab ndeleng barong, Kang Amin keranta-ranta atine weruh penontone ana hang omben-ombenan, kadhang-kadhang sering ruket. Teka kono mau, Kang Amin lan kanca-kanca liyane mau duwe kekarepan kelendi carane tontonan jaranan lan barong iku penontone bisa tertib.

Ulan Nopember 2016, komunitas pecinta seni barong iki diedegaken ambi wong 5 mau. Linggar langsung didhapuk dadi ketuwa. Eros duwe ide aran komunitase kudu diganti makene hing kariya ketinggalan jaman. BFB (Barong Family Banyuwangi), hang idene teka Eros akhire disetujui dadi aran komunitas hang anyar.

BFB nggawa perubahan kanggo para pecinta barong lan jaranan ring Banyuwangi. Kang Amin lan kanca-kanca nyeja dandan kaya dene lalare enom kutha kadhung arep ndeleng jaranan. Celana jin, kaosan kathik sepatu, lan capilan saben arep ndeleng jaranan. Pungkasane akeh lalare enom liyane hang kepingin gabung nyang komunitas Barong Family Banyuwangi. Sampek saiki, wis ana atusan anggotane hang wis milu gabung. Sing mung lalare enom biyasah hang gabung, akeh golongane seniman pisan hang milu nguri-uri komunitas pecinta barong iki.

BFB Anu Paran Bain?

BFB hing mung ngedegaken komunitas mari gedigu hing ana unine. Saben ana jaranan utawa barong, nganggo pesen singkat ring HP, anggota BFB padha nguweni kabar lan jadwal tontonan. Ana istilah “Ndeleng Barong Bareng” yaiku acara jumpul-kumpul lan ndeleng barong barengan sak komunitas. Setuhune ya sapa bain bisa gabung milu ngeramekaken.

Liyane iku, ana kegiyatan kang diceritakaken Kang Amin nyang isun. Tepak tahun 2017, durung jangkep umur setaun, BFB diundang ambi KPMBY (Komunitas Pelajar Mahasiswa Yogyakarta) menyang nyang Jogja. Hang berangkat kala semono sekitar wong 20. Ana ring Jogja BFB njugedaken Barong Banyuwangi jangkep nyang tabuhane. Tabuhan lengkap disedhiyani ambi panitiya, Baronge ditumpakaken bis jurusan Jogja. Lalare BFB nunggang Elf hang disedhiyani ambi Dinas Pariwisata Banyuwangi. Kang Amin nyeritakaken iki ambi munyik-munyik enget kala semono. BFB hang durung umur setahun wis dikenal lan manggung adoh nyang Yogya.

Kadhung ring Banyuwangi dhewek, BFB sering nganakaken acara ring Warung Kemarang, lan hang paling pungkasan ring Grand Harvest, acara kumpul-kumpul lan ndeleng barong dijugedaken taping pesertane diwatesi polae magih usum pageblug.

Isun gesah meh rong jam, kopi ring meja wis arep entek. Taping Kang Amin magih seru dhemene nyeritakaken BFB kang saiki wis umur 5 taun. Kekarepane Kang Amin kanggo BFB iku hing kariya muluk-muluk. Pokoke aja nulak nyang aran kesenian paran maning kesenian barong. BFB iki dianakaken makene bisa nggawa kesenian barong munggah kelas taping ya bisa dideleng ambi kabeh kalangan.

Kadhung rika penasaran ambi Barong Family Banyuwangi, utawa rika kepingin dadi anggota BFB, rika bisa nemoni BFB ring media sosial Instagram barongfamilybanyuwangi lan Facebook ring alamat Barong Family Banyuwangi. Abane uneke tandha tagar ring instagrame #SalamBarongSeduluran.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf