Bibit Perkawite Gandrung Banyuwangi (bag 1 teka 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 13 Februari 2026 08:23 WIB)
- Opini



Bibit Perkawite Gandrung Banyuwangi
Ditulis ring Eko Budi Setianto

Tanpa nyebutaken sumbere, budayawan Banyuwangi Fatrah Abal ngomong gok Gandrung iku wis ana sakat taun 1774, ring kawitan jaman pemerintahan Raden Tumenggung Wiraguna I (Mas Alit). Hang jelas, gandrung iki kawitane bengen dijugedaken nyang wong lanang (Gandrung Lanang).
   Budayawan Banyuwangi liyane yaiku pak Hasan Ali hang tau dadi ketua Dewan Kesenian Blambangan, ring salah siji tulisane nyebutaken gok andil gandrung lanang hang melebu metu teka desa nyang desa liyane ngabaraken kahanan pergerakan rakyat merga Banyuwangi kala iku magih dijajah ambi Welanda. Sair-sair gendhing hang digandhangaken para gandrung nggawa pesen semangat perjuwangan, kaya misale sair gendhing Padha Nonton hang seru jeru wekase kadhung dipahami.
 Gandrung wis mula dadi semberani kesenian Banyuwangi. Java-Instituut, salah siji lembaga hang nyokong umbak umbule kebudayaan Jawa, Medura, Sunda lan Bali uga ana mbahas bab Gandrung sak usinge ping pindho ring kongres yaiku taun 1921 ring Bandung lan taun 1926 ring Surabaya.
    Ring kongres hang kawitan, salah siji ahli Java-Instituut T. Ottolander ketulis minangka uwong hang kawitan nyathet sair-sair gendhing gandrung. Ottolander iki uwong hang nyusun Babad Belambangan bareng ambi bupati kala semana, yaiku Notodiningrat. Ana 13 sair gendhing basa Using hang kecathet ring tulisane hang nduweni judhul “Gandroeng van Banjoewangi”. Wong Landa hang rabi ambi wong lokal lan manggon ring Licin iki ngakoni buledane ngalih basa gendhing-gendhing gandrung hang dijaluk nyang panitiya kongres. Ottolander nyeritakaken Gandrung sakat teka gendhing pengiringe, sejarah lan kelendi tari gandrung dilaksanakaken.
    Tulisan hang nggambaraken Gandrung kelawan lebih jangkep timbang sedurunge, ditulis nyang Joh. Scholte tepak kongres taun 1926. Iyane iki Direktur Normalschool ring Blitar hang kepincut nyang kesenian gandrung iki. Ring kongres nong Surabaya iku Scholte nulis makalah hang nduweni judhul padha ambi hang tau ditulis Ottolander yaiku “Gandroeng van Banjoewangi” iki uga nyeritakaken gandrung wadon kawitan hang tampil ring taun 1895 yaiku hang aran Semi anake Mak Midah pendhudhuk desa Cungking hang agamane Hindu Jawa.
    Scholte nulis gedigi, “Para penari njuged miloni irama hang rada cepet hang dirungokaken teka pirangane tabuhan kethuk mauka lan penarine njuged ambi salah sijine uwong. Wong iku ulih hak njuged kelawan nguncalaken picis sulung nyang piring ceper lan wera, hak hang iyane ulih sakliyane njuged ambi gandrung uga ulih njaluk gendhing pilihane dhewek.”
    Kaya hang ditulis nyang Scholte, sampek taun 1890-an, aran gandrung iku ditujokaken nyang penari lanang hang dandan lan macak kaya wong wadon. Penari lanang iku njuged kelawan diiringi kendhang, terbang, bahola lan gong. Grup kesenian lanang mau melibeng ring desa-desa. Sakuwise njuged diwani upah arupa beras lan asil bumi liyane. Miturut cathetane Scholte, penari gandrung lanang pungkasan lan seru kesuwure kala iku arane Marsan.
   Ring jamane Gandrung Marsan, kesenian gandrung sing mung sak derma dadi hiburan. Naming kesenian gandrung uga dadi sarana perjuwangan ngelawan penjajah Landa. Kadhangane dadi mata-matane para gerilyawan, kadhangane nduweni tugas Telik Sandi nyampekaken pesen-pesen kelawan cara-cara simbolis.
    Sampek ring taun 1895-an, aran Gandrung Marsan lan para penari gandrung lanang liyane hang ana kala iku suwi-suwi ilang. Sakbarengan ambi ilange gandrung lanang iku Scholte nyeritakaken kelendi kawitane ana gandrung wadon, yaiku merga ana lare wadon aran Semi hang magih umur 10 taun lara suwi lan sing nemu tambane. Emake hang aran Mak Midah ngucap; “Kadhung Sira mari Sun dadekena Seblang, kadhung sing mari ya using.”
    Semi hang dinadari iku aju aron. Kanggo netepi nadare iku aju Mak Midah ngongkon Semi ngambus menyan ring ndhuwure pedupan lan sakkal Semi kaya wong kejimen, njuged kaya ubahe jugedan Seblang. Kelawan diiringi gendhing-gendhing Seblang Lukinta, Cengkir Gadhing, Padha Nonton hang digandhangaken nyang Mak Midah lan keluwargane, Semi jugedan ring latar umah keluwargane ring desa Cungking.
    Aju merga kedadeyan iku, Semi didadekaken penari gandrung. Semi diwuruki cara ubahe njuged gandrung kaya hang dijugedaken nyang Marsan. Sakat seperono, kesenian gandrung dijugedaken nyang penari wadon. Sakuwise iku njumbul penari-penari liyane dulure Semi yaiku Gandrung Misti, Gandrung Soyat lan Gandrung Misti (Seblang dan Gandrung, Sal Murgiyanto, A.M. Munardi, 1991).
 
(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf