Boom Bengen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 01 Agustus 2025 08:15 WIB)
- Esai



B O O M 

Ana sisa kenangan sithik. Rasane bain waktu iku isun magih TK, diajak bapak tah kakang sepidhahan nong Boom. Teka Tukangkayu, umahisun, yara parek. Sing wong Tukangkayu thok, wong sak kutha bengen paceke merana merga hiburane mung siji thok ya Boom iku. 
   Pelabuhan dagang Meneng durung ana. Pelabuhan Ferry Ketapang rasane ya durung ana. Kapal LCM hang kira-kira wis ana, kapale kudu nyosok nong pasir-pasiran.
   Pelabuhane Banyuwangi hang utama sakat wingi taklam sampek taun 60-an ya Boom iku. Pecak-pecake magih ana, kaya  'dermaga bunder', isun sing paham arane hang bener. Rika pisan nawi magih enget, bengene yara ana pirangane -- nagud, sing paham pisan istilahe -- sasak buntung teka kayu ulin ring sak utere dermaga iku, papane perahu-perahu sandhar; perahu-perahu kayu teka Medura, Sulawesi, akeh-akehe kayane. Kayane akeh benere kadhung digathukaken ambi anane Kampung Mandar, Kampung Melayu, lan akehe warga keturunan Medura ring sakubengane Boom.
   Durung ana mesin, arane bain perahu teradhisional, perahu layar, melakune ring segara nganggo layar, nadhahi tenagane angin, disurung angin. Ting, melebune nang dermaga bunder, ngeliwati jalur kaya kali, kudu didhayung; dhayunge dawa-dawa kerana dhuwur posisi ndhayunge, sing kaya dhayunge jukung. Kabeh ABK (anak buah kapal) katon kompak milu ndhayung ring lambung kiwa-tengene perahu. Ana rasane wong sepuluh ring kiwa, sepuluh maning ring tengen. Ambi bareng-bareng ndhayung sak kuwate, kelawan ana aba-abane; sing enget isun persise kelendi unine. Sawangane mungguha saiki kaya perahu naga bangete galapan. 

Kapal dagang gedhi, sing bisa melebu nang 'Boom Bunder' iku, biyasahe katon mandheg ring tengah segara, ring wetane pelampung. Embuh pirang atus meter teka pesisir bengen ana pelampung, tandha wates aman nggo sandhar kapal gedhi. Kadhung kengulonen alamat bisa kandhas. 

Kanggone kapal dagang hang tonase-ne rada cilik bisa minggir, ana dermagane dhewek hang kaya sasak buntung mauka. Iki pecake ya magih ana, ring elore lapangan pasir. Kayane hang saiki ditambahi urugan watu nggo mecah ombak -- sakat ana iku pasire Boom katon stabil, dadi lapangan pasir. Sedurunge iku abrasi-ne wis mepet ngulon taker ngerubuhaken temboke kantor bea cukai pinggir wetan -- iku bengen dermaga. 

Saiki Boom wis uwah total rupane. Balik ring jamanisun magih TK, engetisun bengen iku akeh prahoto/trek nguwot babi. Padha parkir ring kono. Saben trek isine tumpukan dhuwur babi diwadhahi keranjang2 hang rupane bunder dawa kaya kapsul, iku magih enget isun. Rasane arep dikirim nyang Bali, isun mikire sarta wis rada gedhi. Waktu iku ndeleng babi iku setemene wis TK tah durung, isun sing yakin. Wis kelawasen, wis mbelobor munggone cathetan, wis lutrek munggone gambar, terus sing enget maning.

(Iskak Basuki)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: banyuwangibagus.com

Editor: Hani Z. Noor