Boom ring Angenan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 23 September 2022 09:09 WIB)
- Esai
Pesisir kutha Banyuwangi iki dadi kaya panggonan nublek wong-wong sak Banyuwangi. Sapa bain hang tau urip ring Banyuwangi mesthi tau mampir nong panggonan iki lan nduwe angenan masiya sithik. Paran maning kadhung sedurunge taun 1990, sedurunge akeh panggonan kelenceran ring Banyuwangi. Ana hang dhemen menganan ring Boom saben dina, ana hang saben minggu ana pisan hang saben taun kaya wong-wong hang manggon ring dhaerah gunung-gunung hang mula mudhun setaun sepisan ngentekaken wektu lan picis ring Taman Hiburan Rakyat hang mula digelar setaun sepisan.
Pesisir iku dadi panggonan lalare Banyuwangi sinau paran bain; memengan tembung, methik wohe widara laut hang merujuk ring pirangane panggonan utawa mung sukur melaku-melaku ngentekaken wektu. Hang paling didhemeni mula mancing, golet kuwuk utawa mangan kacang kulit ambi lungguh-lungguhan nong pasir ndeleng ubeke wong.
Boom iku maksude pelabuhan. Ana Boom hang ring njero kalangan lan hing ana ombake (ana ring ngarepe gudhang Djakarta Llyod) mangkane diarani Boom Meneng maksude banyune meneng hing ana ombake. Ring kene akeh perahu sandhar, ana perahu pinisi teka Sulawesi lan perahu selereg teka Medura. Perahu pinisi teka Sulawesi biyasahe teka sak perlu nggawa iwak gerang lan balik nyangking barang palen teka plastik, malah bata lan bahan kanggo mbangun umah kayata semen.
Siji maning dermaga pelabuhan ana ring Selat Bali hang ngombak, mangkane diarani Boom Ombak. Dermaga kayu hang dawa nong ndhuwure banyu segara iki suwi-suwi ilang merga rusak digeningaken.
Tepak Boom magih dadi panggon jujugan kelenceran hang seru didhemeni jaman semono, lan malem minggune tepak tanggal 15 Jawa, tepak ulan andhung-andhung lan sunare moncer barak, akeh keluwarga lan wong-wong hang ngelencer merana. Nggelar kelasa, lungguh lan mangan bareng sak keluwargane. Akeh pisan wong-wong hang adus-adusan masiya rada peteng mung ana sunare ulan.
Wong-wong melaku ngalor ngidul embuh nggolet paran. Lalare hang tambeng, nggawe jenglongan ring pasir-pasiran, ditutupi carang wit-witan, godhong garing aju ditutupi pasir maning makene wong hang melaku kejeglong. Tepak ana wong hang kejeglong, lalare mau padha cekakakan. Wong hang kejeglong mung bisa metu celathune, ana pisan hang mung munyik-munyik merga iyane wis dadi korbane lalare tambeng.
Ana pisan lalare hang wanen seru, ngelangi mentengah, hang dituju pelampung gedhi hang ana ring tengah kanggo tandha makene kapal-kapal sing marek lan sing kandhas. Pelampunge kembang-kembang digoyang lalare mau, sampek bel wesine muni.
Angenanisun sak liyane menganan, mancing, golet kuwuk, ndeleng wong njaring iwak, mangan kacang lan tahuk petis, hing liya maning ya menganan nong kantore bapak ring pelatarane Boom Ombak. Seperene, kantor Bea Cukai iki magih mejegreg taping wis hing dienggo maning. Cedhinge kerep hun enggo bilas sak mareke adus-adusan nong segara.
Pengalamanisun hang seru temancepe ring angenan yaiku tepak kelas 3 SD, sekolahisun ring Tegalloji 2 (saiki Kepatihan), kira-kira rong kilo adohe teka kantore bapak. Sak mulihe sekolah, weteng lempiriten, lan isun ngampiri bapak arep njaluk mangan. Isun melaku sikil teka wetane sekolahan, liwat Kodim, ngarepe biskop Irama, ngeliwati Sasak Cikar (hang saiki pareke panggonan mbayar karcis), liwat gudhang lan Boom Meneng hang jaman semono magih akeh bathange kapal-kapal wesi sisa perang jaman bengen, nyabrang ril sepur, sampek nggadhug ring kantor Bea Cukai.
Bapak rada kaget. Taping isun pungkasane ditukokaken sega bungkus, digoletaken dhongkar kanggo ngateraken isun mulih, lan diwani wewarah: "Aja dibaleni maning. Emane ana bapak ring kantor, kadhung tepak megawe nong tengah laut kelendi?"
Kapal-kapal dagang gedhi hang liwat Selat Bali, mula biyasahe mandheg ring tengah segara ring wetane Boom lan petugas Bea Cukai mareki sak perlu inspeksi lan ngecek. Kala-kala marek inspeksi, bapak diwani panganan kadhang daging cornet utawa woh kalengan (hang jaman semono magih arang ana ring Indonesia). Taping, kantor Bea Cukai dipindhah nyang Ketapang lan hang ana ring Boom digeningaken. Mangkrak.
Naming isun magih bisa adus-adusan ring segara, mancing, golet kuwuk, main tembung utawa lungguh-lungguhan ring dermaga kayu hang rusak ambi ndeleng wong mancing.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

