Buka Bareng Ring Pring Sewu

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 12 Mei 2021 08:49 WIB)
- Laporan



Alhamdulillah ring tahun 2021 isun ambi kanca kanca alumni SDN 1 Pengatigan Rogojampi magih bisa kumpul ring acara buka bareng masiya pagebluge durung uncai kabar arep buka bareng iki durung ana. Isun dhewek ya magih deleng-deleng sapa bain kanca-kanca hang duwe semangat buka bareng ambi kanca kanca SD bengen. Pungkase tepak pasa ulih 19 dina, kancanisun hang aran Daen mara-mara kabar kabar ring grup WA, ngajaki buka bareng. Kerana isun weruh wis ana hang ngawiti ajak-ajak, isun sakkal namtokaken tanggale yaiku 9 mei 2021. Weruh dina hang magih suwi, akeh lalare hang milu ngewani penemu. Salah sijine Dema kancanisun wadon hang biyasahe mesthi milu acara buka bareng. Larene mara-mara ngomong kadhung paca tanggal 9 yara wis ngarepaken lebaran. Akhire kabeh padha setuju tanggal 3 mei 2021. 

Ring grup WA kabeh padha melung siji-siji sapa hang bisa teka sapa hang sing bisa. Lan panggonane ditamtoaken ring papan hang aran Pring Sewu. Cumpu Daen ya nduwe kenalan pisan ring kono. Dadi arep pesen meja wis ketulung ambi kancane Daen.  Rembug dianakaken maning kanggo namtokaken panganan paran hang kira kira dituku ambi lalare. Rembug masalah panganane ya wis bisa disepakati. 

Panggonan Pring Sewu  dipilih merga panggonan iku tepak kesuwur-kesuwure ring kalangan lare nom-noman. Mesthine Pring Sewu iku duwe keistimewaan hang didhemeni ambi para lare nom. Pring Sewu iku aran panggonan kanggo mangan hang bisa dienggo sembarang acara, papane ana ring Dusun Gurit Desa Pengatigan Kecamatan Rogojampi dalan arep ning SMA Negeri Rogojampi  kadhung teka dalan pasar Rogojampi. Daen wis pesen panggonan sak panganane.

Tepak dinane, hang teka cumpu mung lare lima teka hang semaya milu 10 lare. Hang teka yaiku ana Dema, Dina, Daen, Fitria, ambi Isun dhewek. Sakdurunge batalaken puwasa, isun ambi lalare bingung kelendi nyang acara iki mauka, panganan wis kadhung siap temakaken ring meja. Jarene Daen pesenan sing bisa dibatalaken dadi kesepakatan panganan iku mauka tetep dibayar ambi lare siji-siji idhang. 

Sakdurunge nerusaken iku mauka, tepak buru melebu ring Pring Sewu. Kahanane kemeriyek menungsa hang ngebeki sak werane panggonan wis ngalah-ngalahi kiroah ring masjid. Panggonane hang wera lan ana macem-macem panggonan mangane.

  1. Ana wilayah hang meja-mejane hang ring ngisore jajang-jajangan
  2. Ana wilayah hang meja mejane hang mudhun mengisor.
  3. Ana wilayah pendhapa.
  4. Ana wilayah hang ring bangunan gedhung.
  5. Ana wilayah hang ring tingkat loro.

Sun delengi sak kelerepan, wera lan apike panggonan wis dilengkapi ambi mushola, jedhing, panggonan wisuh sak sabun tangane pisan. Kondhisi iku ya wis nggawe ayem.

Barengane isun buka ring kana iku sing bisa dietung pirang pirang uwong. Sing sun delengi kendaraan parkir hang wis ngebeki panggonan parkir. Paran maning nyang para peladene, lanang wadon, padha hang sopan kadhung dijaluki tulung. Masiya panggonane nyelempit menjero tapi wakeh wong hang katone sun sawang padha girang lan jembar atine. Teka lare nom-noman sampek hang tuwek padha ana ring kono. Kumpulan uwong-uwong, komunitas, reuni sekolah, para pegawai kantor, sampek keluwarga lan hang magih sir-siran ya ngelumpuk dadi siji ring panggonan iku. Isun ngerasakaken kadhung sing pesen sulung mesthine bakale sing keduman panggonan.

Kahanan rame dibarengi ambi kondhisi panggonan hang enak nggawe kanca-kancanisun girang. Padha muyab lan ngiling-iling tepak jaman SD uga ambi siluran impormasi kanca-kanca hang lawas sing kecaruk ring sak jerone madhang padha nambah senenge ati dhewek-dhewek. Paran maning sak marine madhang, isun lan sak kancaan padha potrek-potrekan kanggo bukti tau buka bareng uga keneng dinggo kenangan ring dina mbisuke. Ring panggonan hang mula cocog kanggo poto-potoan ya dimanpaataken ambi wong-wong liyane hang padha kepingin poto. Ana hang ring tengah dalan, uga ana hang ring ngarepe pelungguhan hang wis ana wesi kang nduweni wujud ati. Damar-damar lampion hang jejer wakeh gemantung ring ndhuwuran nambahi kahanan dalu dadi ayem.

Dudu mung merga panggonan, ramene wong ya ambi kerana regane panganan hang duweni rega murah, teka 15.000 sampek ana rega hang larang kang biyasahe dipaket kanggo pirangane uwong. Mula kadhung sun deleng dhewek akehe panganan hang dituku magih tetep kurang tapi ya wis kaya lumrahe ulihe panganan ring panggonan-panggonan liyane.

Mulih teka kana, kanca-kanca pamitan tepak wayah mudhun tarawih. Ring kana isun ngarep-arep muga bisa langgeng sakduluran kanca SD iku mauka selawase urip lan bisa kumpul maning ring sakliyane buka bareng. Pring Sewu wis dadi saksi kenangan reuni mesisan bukber ring taun 2021 iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor