Buku Angklung Disebar Nong Perpustakaan Sekolah Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 29 Juni 2021 12:56 WIB)
- Laporan



Tepak ana Peluncuran novel Wilis dina Sabtu sore, diselipaken pisan acara hibah buku Angklung Tabung Musik Blambangan. Lan dina iki 28 buku mangkat dikirimaken nang sekolah-sekolah.
"Merga biyasahe sekolah duwe perpustakaan. Muga-muga akeh gunane nang lalare generasi enom Banyuwangi hang sinau musik angklung," jare kang Elvin Hendratha hang nulis buku iku lan ngibahaken nang sekolahan sak Banyuwangi hang katon duwe wigati nong kesenian Banyuwangi. Akehe ana 30 sekolahan.
   "Tujuwanisun nyebar ilmu pengetahuan. Kadhung ana hang tuku ya Alhamdulillah," tambah kang Elvin hang saiki dines ring Bank Mandiri Probolinggo.
   Apuwa nganggo samak kandel? "Jawabane makene buku iki aja dibuwang ambi hang maca. Paling using keneng dienggo pajangan ring lemari," jare kang Elvin.
   Ring acara iku, rong buku angklung dielungken ring Pak Camat Banyuwangi Moh. Lutfi nang wakil sekolah mau. Hang SMA diwakili ring Ibu Rita, anake ruwahe pelukis Banyuwangi Mozes hang dadi guru kesenian ring SMA Giri Banyuwangi lan hang tingkat SMP diwakili pak Moh. Syaiful guru SMPN 1 Banyuwangi.
   Buku Angklung Tabung Musik Blambangan hang diterbitaken ring Sengker Kuwung Belambangan (SKB) iku njelentrehaken sampek nong perinthilane bab angklung Banyuwangi.
   Buku hang nduweni samak kandel iku dina iki mangkat dikirim nang 28 sekolah sak Banyuwangi. Sekolah tingkat SMA hang dikirimi yaiku: SMAN 1 Giri , SMAN 1 Banyuwangi  SMAN 1 Wongsorejo, SMAN Glenmore, SMAN 1 Gambiran, SMAN 1 Cluring, SMAN 2 Taruna Bhayangkara, SMAN Darussholah Singojuruh, SMAN 1 Rogojampi, SMAN 1 Bangorejo, SMAN 1 Purwoharjo, SMAN 1 Tegaldlimo, SMAN Pesanggaran, SMAN 1 Muncar, SMAN 1 Glagah, SMKN Banyuwangi. Dene SMPne yaiku SMPN 1 Banyuwangi , SMPN 2 Rogojampi, SMPN 1 Genteng, SMPN 1 Glagah, SMPN 2 Muncar, SMPN 1 Pesanggaran, SMPN 1 Purwoharjo, SMPN 3 Banyuwangi, SMPN 5 Banyuwangi, SMPN 1 Singojuruh, SMPN 1 Rogojampi, SMP Kristen Aleitiha Genteng , SMPN 1 Kalipuro, SMPN 2 Srono.

   Sedurunge, kang Elvin ya wis mbagekaken 100 buku nang budayawan, seniman lan panjak tepak peluncuran bukune bengen.
   Muga-muga kekarepane kang Elvin bisa kelaksan. Lan generasi enom Banyuwangi duwe cekelan teoritis bab musik tradhisional hususe angklung kanggo dina ngarep kesenian tradhisional makene tambah rumang.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf