Buku Anyar Cerita Bergambar: Trio DASDES
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Jumat, 03 November 2023 06:20 WIB)
- Laporan

Siji maning cerita bergambar kanggo lalare hang diterbitaken ring paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) nduweni judhul Trio DASDES. SKB wis ngetokaken pideo promone kanggo ngenalaken bukune taping durung resmi dipeleciraken lan durung ana ring tokok buku. Taun sore, buku cerita bergambar nganggo basa Using kanggo lalare yaiku Omprok lan Sampur wis semebar lan dadi wacanan kanggo lare Sekolah Dasar. Malah, merga gambar ilustrasine iku cemeng putih, SKB ya wis nggawe Lomba Mewarnai salah siji halamane. Lombane dipiloni lare sak kabupaten.
Jare penulise, kang Antariksawan hang uga Ketua SKB, antarane Omprok lan Sampur ambi Trio DASDES iki bedane ana ring tasemak tokohe. Kadhung Omprok lan Sampur teka tasemake lare wadon hang kepingin dadi penari ring Gandrung Sewu. Dene Trio DASDES iki nggawe kacamatane lare lanang telu sak kancaan. DASDES dhewek singkatan teka Dasar Doni, Emil, Surya, tokoh cerita ring buku iku.
Lare jak telu iki, buru bain juwara Lomba Cerdas Cermat, tepak mulih sekolah, cumpu nemu surat ring bangkune Emil. Isi surate nantang lare telu iki ngelakoni pirangane petualangan sak ubenge kutha Banyuwangi. Sampek nemu aran-aran hang ana hubungane ambi sejarahe Banyuwangi. Umpamane Kelembon cumpu asale teka Ke-lembu-an (pasar sapi), Kempon (Ke-empu-an), Kemasan (desane tukang emas), Kauman (panggonane kaum alim), Panderejo (panggonane pandhe), Temenggungan (desa hang ana umahe Temenggung utawa bupati), Kepatihan (desane patih), Tukang Kayu, Biskalan (panggonane jaksa).
Ana pisan panggonan hang nduduhaken asal etnise wong Banyuwangi: Kampung Arab, Pecinan (kampunge wong asal Cina), Kampung Melayu (teka Sumatra), Kampung Mandar (teka Sulawesi), Kampung Bali, Inggrisan, Kulandan (kampunge Landa).
Masiya kawitane hing weruh, lare telu iki bisa sinau aran-aran panggonan ring kutha, aran desa hang dijuwut teka pegaweyane uwong, sejarah lan dongeng. Surat hang ditemokaken ring bangku sekolah iku cumpu surat hang kawitan lan magih ana surat-surat liya hang isine kaya batakan hang kudu digoleti.
Tepak marek dikongkon ndeleng kuburane para bupati ring mburine masjid Baiturrahman, lalare iku ulih perintah maning: ngidul sakwise banyu hang kesuwur dadi gendhing. Ngidul maning ana banyu hang liwat Jakarta, kembang gula, goletana kepiting banyu tawa.
Banyu hang dadi gendhing iku Kali Elo, lalare aju disuguhi notasi balok gendhing ciptaane ruwahe Pak Andang lan Pak Bashir. Aju nggoleti banyu hang liwat Jakarta. Banyu paran, merga ring Panderejo ana pirangane aran banyu: Citarum, Ciliwung, Serayu lan Musi. Uga ana wangsalan: Kembang gula (aja lali), Kepithing banyu tawa (ayu).
Sakliyane hang ana ring surat, salah siji tokoh ring kono yaiku Doni, mula tukang basanan. Emeh saben omongan digawe basanan, bisa ngewani conto lalare nggawe basanan dhewek.
Gambar ilustrasi hang ana ring Omprok lan Sampur hang digarap Wega Averina, guru SMP Kalipuro, jare pelukis Kang Yadi katon unsur keibuane. Dene Trio DASDES hang digarap STEAM Design Studio Rogojampi iki katon lanange. Cocog wis ambi tasemake tokohe.
Jare budayawan Kang Ujik, hang tau nulis novel basa Using Pereng Puthuk Giri, buku Trio DASDES iki nggambaraken memengan mata-mata kidang utawa batakan hang kudu dilakoni kaya dene ujian jelajah pramuka. Pirang-pirang tujuwan ring njerone:
1. Kadhung kupul-kumpul, duwe niyat lan kegiyatan kang apik.
2. Rukune sak kancaan nggambaraken kecareman lan kesabaran.
3. Nduduhaken panggonan-panggonan penting ring kutha Banyuwangi, bisa dadi pathokan galur wisata kota.
4. Keneng dienggo ngeweruhi cerita legenda lan Sejarah.
5. Keneng dienggo sinau basa Using, polae ana basanan lan wangsalan.
Galur hang dilakoni iku cumpu nduduhaken sak aksara yaiku "B". B kanggo Banyuwangi. B kanggo Belambangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.