Bupati Ipuk Milu Latihan Juget Gandrung Sewu

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 15 Oktober 2022 07:33 WIB)
- Laporan



Sumunare Telatah Belambangan. Gedigu judul gelar Gandrung Sewu tahun 2022 iki. Nalikane Belambangan dipimpin Prabu Menak Sembuyu utawa Menak Dedali Putih, Belambangan digerudug pageblug. Sapa bain hang kerasa lara isuk, soren mati. Sapa lara bengi isuke mesthi mati. Akeh rakyat hang dadi tumbal pageblug iku sampek merambat melebu ring jero istana. Anak wadone Prabu Menak Sembuyu hang aran Dewi Sekar Dadu kelebon penyakit aneh. Sekabehane isi keraton bingung. Kepungun-pungun ulihe golet tamba. Para dhukun uwis padha dhileg. Sing sanggup ngadhepi penyakite Dewi Sekar Dadu. Pungkasane, kakange Dewi Sekar Dadu hang aran Pangeran Karucil utawa Ki Gedhe Banyuwangi ngelakoni tapabrata. Ring sak jerone semedi iku ana wisik dhung hang bisa nundhung pageblug iku satriya pertapa hang aran Syech Maulana Ishak. Sing suwi teka kabar wisik iku, Syech Maulana Ishak njumbul lan ngupayakaken kelendi carane pageblug bisa sirna. Syech Maulana Ishak munajat nong Gusti Pengeran.
   Kelawan pitulunge Gusti Alloh, Dewi Sekar Dadu aron. Pageblug ilang teka bumi Belambangan. Kanggo netepi janji, Prabu Menak Sembuyu nikahaken Dewi Sekar Dadu ambi Syech Maulana Ishak. Edheng-edheng sunar ajaran Pengeran hang digawa Syech Maulana Ishak ditampa ambi masyarakat Belambangan.
   Gedigu garis lakon Sendratari ring sakjerone Festival Gandrung Sewu 2022 hang arepe digelar tanggal 29 Oktober ring pesisir Boom Marina Banyuwangi.
"Gelaran taun iki jelas usel-uselan. Kerana masarakat wis kangen ambi Gandrung Sewu. Dhayoh hang daptar uwis akeh. Teka Kementriane Pak Anas, Pejabate thok hang arep teka akehe 200 uwong. Durung setape,  keluwargane. Durung hang gelar Kalimantan, Lampung, Papua lan liya-liyane. Mulane kadhung sing mingkis lengen ya kemisinen engko tah," abane Kadisbudpar Banyuwangi, MY.Bramuda, S.Sos, MBA, MM nalikane mimpin rapat koordinasi tanggal 14 Oktober ring lounge Disbudpar.
Panitiya mula uwis tertib ulihe nyusun rundown latihan bareng.
"Mengarep iki kurang sepisan ulihe latihan bareng ring Stadion Diponegoro, aju geladhi kotor lan rijig tanggal 28 Oktober ring pesisir Boom. Alhamdulillah latihan gabungan sabene tanggal 12 Oktober ditekani Bupati Ibu Ipuk. Sing mung ninjau lan ndeleng. Milu latihan njuget pisan," jare Stage Manager Gandrung Sewu 2022, Suko Prayitno, S.Pd.
   Sak liyane ndeleng Gandrung Sewu, ana sebagiyan undhangan VVIP ulih buku Gandrung Sewu gang sak iki magih digarap Kang Budiosing.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor