Camat Banyuwangi Moh. Lutfi: Kegiyatan Ulih, Naming Kudu Disiplin

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 26 Juni 2021 17:10 WIB)
- Laporan



Masiya dina-dina iki rada medeni ring kecamatan kutha Banyuwangi, naming kegiyatan magih ulih dianakaken yaiku nganggo disiplin hang temenanan. Telung minggu kepungkur mung ana limang wong hang terkonfirmasi, saiki lebih teka 30 wong. Lan saiki Banyuwangi dadi penyumbang paling dhuwur wong hang positip covid.
"Naming arane kegiyatan hing dilarang, tapi kudu nganggo disiplin. Panggonan kudu mung ulih ana wong 25 persen teka kapasitase," jare Camat Banyuwangi Kota pak Moh. Lutfi S. Sos, M. Si, tepak mbukak acara Peluncuran lan Diskusi Novel Biografi Wong Agung Wilis hang dianakaken paguyuban Sengker Kuwung Belambangan ring Pendhapa Sonangkara kecamatan kota. Sak liyane penulis novele yaiku Mas Hidayat Aji Ramawidi lan tukang ngalih basane teka Indonesia nyang basa Using mbok Uun Hariyati, mampir pisan ketua Dewan Kesenian Blambangan Hasan Basri. Kira-kira ana wong 25 hang teka kelebu budayawan pak Aekanu, penulis, seniman lan hang saiki dadi ustad Kang Abdullah Fauzi, anggota Dewan Kesenian Blambangan Nani Asiany, uga ana mbok Rita Dolarina, guru kesenian ring SMA Giri, anake pelukis Mozes, hang makili guru SMA/SMK nerima hibah buku Angklung Tabung Musik Belambangan. Dene hang makili guru SMP yaiku Moh. Syaiful hang dadi guru ring SMPN 1 Kota. Bukune iku dihibahaken ring penulise Kang Elvin Hendratha nang sekolahan SMP lan SMA/SMK sak Banyuwangi hang duwe wigati nang kesenian.
   Jare pak Camat Lutfi, disiplin tekane teka awake dhewek-dhewek. Paran maning saiki ana varian virus hang lebih medeni. Sorene maning ana perawat hang keneng masiya marek divaksin, mung telung dina, anake dadi lare atim.
"Terima hang gedhi nang para seniman lan budayawan. Kadhung duwe iwuh paran, Hun pasilitasi. Taping kelawan cathetan, kudu diatur lan disiplin."
    Kantor kecamatan Banyuwangi hang bengen katon sintru merga pagere dhuwur lan merga pecake kuburan Landa, saiki katon rumang, nggarahi wong hang liwat lan mandheg nong lampu setopan, nulih ngiwa.
   Kantor Korpri hang katon wis hing pantes dipanggoni, latare didadekaken siji. Parkirane wera, akeh damar teka jajang hang gemelantung.  "Nong mburi ana warung Serawung hang nampung UMKM. Kabeh potensi ekonomi kreatip kudu diwadhahi," jare pak camat.
   Kecamatan Banyuwangi taun iki bisa nyumbang 10 kegiyatan nong festival Banyuwangi. Umpamane Festival Tradisi Mandar.
   Sakteruse ring ulan Agustus, arep ana Banyuwangi Writers Festival. "Aja endak internasional sulung wih, nasional sulung.
Isun njaluk sokongan teka seniman, budayawan, komunitas literasi kanggo Banyuwangi."
   "Dadi kabeh seniman, budayawan, guru bisa nggawe kegiyatan ring kene. Sabene ana kontes tanaman hias. Aja mung ana nonik-nonik Landa hang nong kene," jare pak Camat.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor