Cara Ngatur Picis 4,3,2,1
Dian Pratama (dipublikasikan pada Jumat, 24 Januari 2025 09:11 WIB)
- Esai

Lur, rika tau tah mikir kadhung picis saiki gampang luntur? Endi ana tah wis, perasanisun isuk magih werna abang, rada bedug sithik iku wis uwah dadi biru, rada soren malah wis dadi ijo utawa biru terong. Iki dudu ucap kanggo lucu-lucuan, tapi ya mula gedigu iku anane.
Kadhang bingung dhewek, kelendi yuh carane ngatur, makene picisisun lan rika sing gampang luntur? Setemene ana cara kang dianjuraken Otoritas Jasa Keuangan (OJK), yaiku kelawan ngatur picis 4,3,2,1. Kelendi maksude 4,3,2,1 iku mau?
Dadi ibarate rika nduwe pengasilan umpamane tah wis padha kaya dene UMK Banyuwangi kang saiki, yaiku kira-kira 2.800.000 (rong juta wolung atus rupiah), iku mau dipara dadi 10 bagian, yaiku 4,3,2, lan 1. Utawa kadhung dipersenaken iku 40%, 30%, 20% lan 10%. Terus bagiyan iku mau dinggo paran bain ?
- 40%, kanggo kebutuhan saban dinane, utawa kanggo kebutuhan primer, kaya dene mangan, kendharaan, tagihan ulanan kaya dene listrik, banyu, wifi). Kebutuhan-kebutuhan iki mau kudu disulungaken, lan mula bagiyane ulih kang paling akeh, yaiku 40%, polae kebutuhan iki kudu dicukupi sulung kanggo nyambung urip.
- 30%, kanggo kebutuhan cicilan, arane menungsa iki kaya dene tembang ika, “sak sugih-sugihe uwong iku mesthi ana melarate, sak melarat-melarate uwong mesthi ana celengane”. Miturut tembang iku mau, masiya tah wonge wis sugih, biyasahe ya ana bain masiya sithik utange. Mulane, bagiyan kang nomer loro iki ya kudu diselakaken. Utang iki ya ana aturane, kadhung bisa ya aja lebih teka 30% pengasilan. Dadi, aja sampek ana utang anyar kadhung utange kang sakdurunge magih durung dilunasi.
- 20%, kanggo celengan, dana darurat, asuransi, utawa investasi. Sak bisa-bisane, isun lan rika ya kudu nduweni tabungan. Miturut teka aturane OJK iki, kadhung bisa sejekena pengasilane rika kang 20% iku disimpen kanggo dicelengi. Sakliyane dicelengi, ya bisa bain kanggo asuransi utawa kadhung saiki, kelendi carane nduwe jaminan kesehatan kayatah BPJS, nawi amit-amit ana larane awak. Utawa, kadhung rika mula wis paham, bisa pisan aja ditabung, tapi enggonen investasi, embuh tuku saham, reksadana, obligasi, nabung emas, lan investasi kang aman lan diatur OJK.
- 10%, kanggo sosial utawa amal. Apik-apike menungsa iku yara kelendi kang bisa manpaati kanggo liyane. Mulane kadhung bisa ya sejekena bagiyane kang 10% iku kanggo amal, bisa arupa jakat, sedhekah, utawa donasi. Masiya sithik, isun lan rika makene bisa nguweni urun kanggo njunjung ekonomi masarakat.
Carane ngatur picis 40-30-20-10 iki bakale gampang dilakoni kadhung isun lan rika bisa nggenteng, sing gampang uwah. Engko ambi melaku, bagiyan-bagiyan iku bisa rika uwah-uwah dewek, diepasaken ambi tujuwan rika ngatur picis iku dinggo paran. Kadhung wis kulina, carane rika ngatur picis bakale lebih nduweni tujuwan kang jelas. Ayo dicacak bareng!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Gambar teka internet
Editor: Hani Z. Noor