Caring, Ngedohi Virus Korona
Ahmad Muzakky (dipublikasikan pada Senin, 30 Maret 2020 06:46 WIB)
- Laporan
Sakat diumumaken Presiden Jokowi ring kawitan ulan Maret kepungkur, penyakit kang arane Covid-19 (Corona Virus Disease tahun 2019) nggawe masyarakat Indonesia kuwatir seru. Kang aran tekepan rai (masker) lan hand sanitizer memed golet-goletane ring pasaran, paran maning ring apotek. Kadhung ana barange, regane munggah sing kakaruwan.
Laporan dina Sabtu tanggal sore, teka situs resmi Pemprov Jatim, ana 77 uwong positif ngidap Korona kang nyebar ring kabupaten lan kutha-kutha ring Jatim. Kang paling akeh ana ring Kuta Surabaya, 40 uwong.
Kelendi ring Banyuwngi? Teka sumber kang padha, Banyuwangi nol positif taping ana 179 ODP (orang dalam pengawasan) yaiku uwong kang duwe riwayat menyang-menyang teka kutha njaba utawa teka negara njaba kang terjangkit. Akeh-akehe para TKI.
Masiya Banyuwangi hing ana pasiyen positif, taping kabupaten-kabupaten tanggane, kaya dhene Jember lan Situbondo duwe pasiyen positip Korona. Jember 1 lan Bondowoso 2.
Kelendi-kelendiya Banyuwangi kudu waspada, hing ulih semberana lan lengah ngadepi virus iki kang wis dadi pageblug.
Berita-berita Korona wis nyebar kaya ranggat ring sosial media, tipi lan radio-radio. Kabeh uwong mangkat sadhar lan milu sarane pemerintah pusat lan dhaerah ngurangi kegiyatan ring njaba umah. Pasar lan toko-toko sepi polae akehe uwong kang tuku diwatesi.
Sadhar kok virus iki nggarai bebaya lan magih hing ana penaware, sing ana dalan liya kejaba wong-uwong padha ngelakoni cara urip sehat: ngombe vitamin, mangan hang teratur lan olahraga makene awake kuwat hing gampang warang.
Ring Kelurahan Boyolangu, Kecamatan Giri, Banyuwangi, ana kumpulane warga kang saben jam 10 isuk metu nyang ngarepe umah kanggo mepe awak alias caring. Kegiyatan iki dilakoni kerana jare caring ring ngingsore serngenge isuk bisa ngilangaken Virus Korona.
Kegiyatan digagasa ring salah siji warga, kang dadi tenaga kesehatan (perawat), Mbok Fikhania Maya Santoso. Jare Mbok Vivi, celukan akrabe, ngajak uwong-uwong caring iki sakat petang dina kepungkur polae iyane tau weruh ring instagram lan wacanan-wacanan artikel kesehatan, salah sijine cara ngelawan virus yaiku caring, mepe awak ring ngingsore serngenge pas jam 10 isuk.
“iya kang, cukup 10 menit saban dina, uwong-uwong iki Sun kongkon caring. Muga-muga cara iki nular nyang uwong-uwong liyane, milu-milu caring ring ngarepe umahe dhewek-dhewek,” abane Mbok Fikania mau. Caring iki mau ya hing dhempel-dhempelan, ngadhege nanggo elet sak meter lebih.
Liyane caring, kang dilakoni warga yaiku melaku-melaku ambi nyoplok sandal utawa nyeker. Melakune sing adoh paling mung 50 meter wolak walik. Tujuwane iku mau nyegah Virus Korona nular nyang awake dhewek. Melaku mider iki dilakoni isuk kira-kiea jam 9 tepak serngenge magih hing kariya panas, lan dalan aspal mage anget diidek nanggo sikil kang hing sandalan.
Hing mung iku, sedina kepungkur, warga RT 001 lan RT 002 Lingkungan Sentul Jangget, Kelurahan Boyolangu iki ya ngadakaken kegiatan penyemprotan cairan disinfektan. Pak Juki, ketua RT 002 kang langsung nyemprotaken disinfektan ring lingkungan Sentul Jangget ring dalan, pecakane pasar isuk, ring ngarep umah warga, lan ring gang-gang kang biasane diliwati uwong-uwong.
Ihtiar, mari gedigu pasrah nyang Pengeran. Iki ibarate perang taping musuhe hing katon mata. Kang bisa dilakoni mung milu paran jare pemerintah, hing kumpul-kumpul gerombolan, lan hing metu adoh-adoh kadhung hing patiya penting.
Muga-muga Banyuwangi diparingi aman lan didohaken teka penyakit Novel Korona Virus.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf







