Cendrawasih, Luput Nganggo Gelungan dadi Viral

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 14 Juni 2025 07:23 WIB)
- Esai



Nonton janger Dharma Yasa pancen sing padha ambi nonton janger-janger liyane. Mesti bain nonton janger iki beda rasane merga lebih kerasa Bali-ne. Gediku iki merga Janger iki asale teka Patoman hang panjak uga wayange akeh-akehe keturunan wong Bali.  Sing luput uga penarine.

Lawas uga isun sing nonton janger. Bengi iku Dharma Yasa main ana ring Benelan Lor pengantenane Opie. Janger durung mangkat isun wis ana ring iringane genjot. Mari salaman ambi hang duwe gawe lan pengantene, agage isun nyang panjak-panjak hang wis akeh sun kenal aju salaman pisan. Gebyaran mangkat isun diguthit ambi Mas Kobar salah sijine hang duwe akun Tiktok lan Facebook hang wis gedhe.

Tari Cendrawasih mangkat sun bukak hape kepingin ngerekam hang njuget.

“Iki hang njuget viral, Pak.” Omonge Mas Kobar Nyang isun.

“Apuwa kok viral, “ takonisun balik.

“Nong Tiktokisun sampek ditonton puluhan ewu uwong lan dikomen sampek petangatusan uwong merga wong Bali sing diterima iyane nganggo penganggo lan paesan kurang trep,” keterangane Mas Kobar maning.

Sing terima isun golek info ana ring Tiktoke Mas Kobar, ambi takon-takon nyang lalare jangeran. Temakaken arane Made Setiani Fatmasari, nom-nomane lare Patoman iki pancen ayu temenan. Jugetane apik lan sareh anggone dadi penari ana ring Dharma Yasa. Masiya komentare wong-wong Bali hang ana ring Tiktok iku mau akeh hang kurang pantes nyang iyane. Iyane sing cilik ati lan tetep njugetaken Cendrawasih ring Janger Dharma Yasa.

Bengi iku langsung isun milu upload pisan ana ring Tiktokisun iyane njuget ana ring Benelan Lor. Pancen ana benere uga komentare wong Bali hang duwe Tari Cendrawasih iku. Tarian iku dianggit mesthine dudu mung obahe awak, gendhing ana ring tabuhane, naming uga sak penganggo lan riyasane.

Masiya mung urusan rambut hang dikereweg sing sampek jugetan iku bisa ndadekaken hang duwe tarian sing nerimakaken. Cendrawasihe Made Setiani saiki wis digelung rambute kaya hang dikarepaken ana ring tariane. Pekara rambut bain bisa dadi urusane gedhe wong hang nganggit tariane, paling sing ya dielok-elokaken wong akeh.

Made Setiani Fatmasari pungkasane saiki dadi ngarti lan sing mbaleni maning njuget Cendrawasih rambute dikereweg utawa diure. Nong unggahanisun hang iyane njuget ana ring Benelan Lor wis digelung naming pungkasane hang nonton lan hang komen ya mung sithik beda kadhung nong Tiktoke Mas Kobar hang rame merga ana salahe iyane nganggo riyasan.

“Byalak! Dadi kadhung kepingin viral kudu ngelakoni hang salah,” pikirisun ana ring ati.

Mesthine iki bisa dadi Pelajaran hang penting anggone awak dhewek. Awak dhewek kudu wani ngeregani nyang penganggit tarian. Paran maning iki tari Bali hang wis kesuwur sampek negara manca. Aja mung gelem njugetaken naming sing gelem sinau kelendi sakbenere tarian iku mangmula dianggit. Karya tari dianggit sakat teka jugetan, gendhing, tabuhan lan penganggone wis mesthi dianggit dadi sak paket . Hang bener kudune iku kabeh dienggo padha ambi hang kaya penganggite gawe.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf